Underaning Perkawis Watesaning Perkawis

Unsur-unsur pembangun karya sastra menika mliginipun dipunperang dados kalih, inggih menika unsur intrinsik saha unsur ekstrinsik . Unsur intrinsik inggih menika unsur ingkang langsung mbangun karya sastra menika kiyambak. Gegayutan antawisipun unsur-unsur intrinsik menika ingkang saged mujudaken karya sastra menika. Wondene unsur ekstrinsik inggih menika unsur ingkang wonten ing sanjawinipun karya sastra. Unsur-unsur menika ingkang boten langsung nanging tetep mangaribawani bangunan karya sastra menika Widayat, 2005: 20. Karya sastra menika minangka struktur ingkang kompleks . Supados saged dipunpahami mila kedah dipunanalisis Hill lumantar Pradopo, 1995:108. Perkawis menika jumbuh kaliyan pamanggihiun Teeuw lumantar Widayat 2005: 38 ingkang ngandharaken bilih kanthi nindakaken analisisstruktural menika nembe saged dipunmangertosi pangertosan ingkang optimal . Wonten ing panaliten menika ingkang dipuntindakaken inggih menika analisis strukturalintrinsik , inggih menika analisis unsur-unsur ingkang mbangun karya sastra menika tanpa nggatosaken unsur-unsur ekstrinsik -ipun. B. Strukturalisme Strukturalisme inggih menika panaliten kesastraan ingkang mligi ngrembag kajian ngengingi gegayutan antawisipun unsur pembangun karya sastra ingkang jumbuh. Analisis struktural menika minangka prioritas utama saderengipun sanes-sanesipun Teeuw lumantar Pradopo, 1995: 141, tanpa analisis menika boten saged dipunmangertosi kebulatan makna intrinsik ingkang wonten ing karya menika kiyambak. Struktur karya sastra menika boten saged kapisahaken saking analisis unsur-unsuripun Padmopuspito, 1980: 10 Nurgiyantoro 2010: 37 ugi ngandharaken bilih analisis struktural karya sastra, fiksi , saged dipuntindakaken kanthi ngidentifikasi , ngaji saha ngandharaken fungsi saha gegayutan antawisipun unsur intrinsik fiksi ingkang dipuntaliti. Sepisan ingkang dipun- identifikasi saha dipunandharaken, umpaminipun, kadospundi kahanan prastawa-prastawa, plot , paraga, saha penokohan , latar , sudut pandang , saha sanes-sanesipun. Salajengipun dipunandharaken fungsi- fungsi saben unsur menika ing salebetipun nemtokaken makna keseluruhan, saha kadospundi gegayutan antawisipun unsur menika saingga sedayanipun menika mujudaken satunggalipun totalitas-kemaknaan ingkang sami. Umpaminipun, kadospundi gegayutan antawisipun prastawa setunggal kaliyan sanesipun, gegayutanipun kaliyan pem- plot -an ingkang boten sedaya kronologis , gegayutanipun antawisipun paraga saha penokohan , antawisipun latar saha sanesipun. Sejatosipun, ancasipun analisis struktural inggih menika ngandharaken fungsi saha gegayutan antawisipun maneka warni unsur karya sastra ingkang kanthi sesarengan mujudaken kemenyeluruhan. Analisis unsur struktural menika boten cekap namung nyerat data unsur tertemtu saking satunggalipun karya fiksi , umpaminipun prastawa, plot , paraga, latar, utawi ingkang sanesipun. Nanging, ingkang langkung wigatos inggih menika nedahaken gegayutan antawisipun unsur menika, saha sumbangan ingkang sampun dipunparingaken kangge nggayuh ancas estetik saha makna keseluruhan Nurgiyantoro, 2010: 37.