3
Personifikasi
Lelewaning  basa
personifikasi
inggih  menika  lelewaning  basa  ingkang nggambaraken  sifat-sifat
insani
tumrapipun  samukawis  ingkang  awujud  barang mati sarta dados pamanggih ingkang
abstrak
Tarigan, 1985: 17.
4
Pleonasme
Lelewaning  basa
pleonasme
inggih  menika  lelewaning basa  ingkang
ngginakaken  tembung-tembung  ingkang  sejatosipun  menika  sia-sia,  boten dipunbetahaken Poerwadarminta lumantar Tarigan, 1985: 29.  Lelewaning basa
menika ngginakaken tembung-tembung langkung  kathah saking menapa ingkang sejatosipun dipunbetahaken kangge ngandharaken satunggalipun perkawis.
5
Perifrasis
Lelewaning  basa
perifrasis
menika  meh  sami  kaliyan  lelewaning  basa
pleonasme
,  ngginakaken  tetembungan  langkung  kathah  saking  ingkang dipunbetahaken.  Bedanipun,  tetembungan  ingkang  linangkung  menika  saged
dipungantos kanthi setunggal tembung kemawon  Tarigan, 1985: 31.
6
Prolepsis
Lelewaning  basa
prolepsis
inggih  menika  lelewaning  basa  ingkang ngginakaken
setunggal utawi
mapinten-pinten tembung
saderengipun ngandharaken prastawa ingkang sejatosipun kedadosan  Tarigan, 1985: 33.
D. Cariyos Panji
Cariyos  panji  inggih  menika  cariyos  ingkang  ngrembaka  sepisanan  ing wewengkon  Jawa  Timur.  Lair  ing  Kediri,  ngrembaka  awit  saking  jaman
Majapahit, salajengipun ngrembaka ngantos wewengkon manca. cariyos Panji
menika minangka
warisan kabudayan
adiluhung ingkang
kedah dipunlestantunaken.
Miturut  pamanggihipun  Widayat  2005:  19,  cariyos  panji  inggih  menika cariyos  ingkang  isinipun  wiracarita  ingkang  paraga  utamanipun  menika  Panji.
Cariyos menika gadhah gegayutan kaliyan babad Kediri saha Jenggala.
E. Panaliten Ingkang Jumbuh
Panaliten  ingkang  jumbuh  kaliyan  panaliten  menika  inggih  menika panalitenipun  Gita  Sonia  2012  “
Struktur  Naratif  danPenokohan  Utama  pada
Novel  Garuda  Putih  Karya  Suparto  Brata.”Ancasipun  panaliten  menika  inggih menika  ngandharaken
struktur  naratif
saha
penokohan
paraga  utama  ing salebetipun  novel  Garuda  Putih  anggitanipun  Suparto  Brata.  Panaliten  menika
minangka  panaliten
deskriptif  kualitatif
.  Sumber
data
ingkang  wonten  ing salebetipun  panaliten  menika  inggih  menika  novel  kanthi  irah-irahan
Garuda Putih
anggitanipun Suparto Brata.Teknik ingkang dipunginakaken inggih menika teknik  maos-nyathet  ingkang  salajengipun  dipun-
analisis
saha  dipunandharaken kanthi cara
deskriptif
.
Panaliten menika jumbuh amargi sami-sami ngrembag bab
strukturalisme
. Cara  anggenipun  ngempalaken
data
ugi  sami.  Bedanipun,  menawi  panalitenipun Gita Sonia namung naliti babagan
struktur naratif
saha
penokohan
paraga utama, wondene  panaliten  menika  naliti
aspek  strukturalisme
ingkang  mbangun  saking lebetipun karya sastra kanthi wetah.
Sasanesipun  jumbuh  kaliyan  panaliten  ingkang  dipuntindakaken  dening Gita  Sonia,  panaliten  menika  ugi  jumbuh  kaliyan  panaliten  ingkang
dipuntindakaken  dening  Yunita  Ernawati  “
Strukturalisme  Genetik  dalam  Novel Bandjire  Bengawan  Sala  Karya  Widi  Widayat
”.  Ancasipun  panaliten  menika inggih  menika  ngandharaken
fakta
cariyos  saha  tema  gegayutan  kaliyan
strukturalismegenetik
ing  salebetipun  novel  anggitanipun  Widi  Widayat  ingkang irah-irahanipun
Bandjire  Bengawan  Sala
.  Panaliten  menika  ugi  ngandharaken
pandangan  dunia
panganggit  ing  salebetipun  novel  menika.  Panaliten  menika minangka  panaliten
deskriptif
kanthi
metode  dialektika  strukturalisme  genetik
. Sumber
data
ingkang  wonten  ing  salebetipun  panaliten  menika  inggih  menika novel  kanthi  irah-irahan
Bandjire  Bengawan  Sala
anggitanipun  Widi  Widayat. Teknik  ingkang  dipunginakaken  inggih  menika  teknik  maos-nyathet  saha
study
kapustakan. Panaliten menika jumbuh amargi sami-sami ngrembag bab
strukturalisme
. Cara  anggenipun  ngempalaken
data
ugi  sami.  Bedanipun,  menawi  panalitenipun Yunita  Ernawati  naliti  babagan
struktur  genetik
saha
pandangan  dunia
ingkang wonten  ing  salebetipun  novel,  wondene  panaliten  menika  naliti
aspek strukturalisme
ingkang mbangun saking lebetipun karya sastra kanthi wetah.
F. Cengkoronganing Pikir
Ing  salebetipun  panaliten  menika,  tahap  awal  ingkang  dipuntindakaken inggih  menika  maos  mapinten-pinten
teori
ingkang  jumbuh  kaliyan  panaliten menika,  inggih  menika  panaliten
strukturalisme
ing  salebetipun  karya  sastra. Saking cengkorongan
teori
menika salajengipun dipunpatrapaken ing salebetipun
cariyos  panji kanthi ngawontenaken ugi
analisis
tumrapipun  cariyos  panji kanthi irah-irahan
Panji  Jayeng  Tilam
menika.  Salajengipun,  badhe  kapanggihaken mapinten-pinten  perkawis  ngengingi
strukturalisme
sasampunipun  maos  cariyos rakyat menika.
Maos  cariyos  panji  menika  kanthi  langkung  rumiyin  dipunancasaken kangge  mahami  unsur
internal
teks  sastra  menika.  Wondene  anggenipun mangertosi
strukturalisme
ing  salebetipun  cariyos  menika  kanthi  damel  dudutan saking panelusuran,
pendeskripsian
saha
analisis
unsur-unsur ingkang wonten ing salebetipun  karya  sastra  menika.  Kanthi  cara
deskriptif
,  inggih  menika  saking mapinten-pinten
deskripsi
lajeng  dipunandharaken  dados  mapinten-pinten pamikiran.  Salajengipun,  asiling  panaliten  menika  dipunjumbuhaken  kaliyan
ancasing panaliten ingkang sampun karantam saderengipun.
50
BAB III METODE  PANALITEN
A. Jinising panaliten
Panaliten  menika  ngginakaken  jenis  panaliten
deskriptif  kualitatif
. Panaliten
deskriptif
inggih  menika  panaliten  ingkang  gadhah  ancas  damel gambaran  ngengingikahanan-kahanan  utawi  prastawa-prastawa.  Panaliten
kualitatif
inggih  menika  salah  satunggalipun  jenis  panaliten  ingkang ngandharaken  kanthi  runtut  bab  menapa  kemawon  ingkang  dipuntaliti.  Dados
panaliten
deskriptif  kualitatif
inggih  menika  panaliten  ingkang  nggambaraken saha ngandharaken kawontenan ing salebetipun karya sastra menika kanthi runtut
ngengingi bab menapa kemawon ingkang dipuntaliti. Panaliten
deskriptif kualitatif
menika gadhah ancas damel
deskripsi
utawi gambaran  kanthi
sistematis
,
faktual
saha
akurat
ngengingi
fakta
saha  sifat- sifatipun sumber
data
. Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken unsur-unsur
intrinsik
ing  salebetipun  cariyos  rakyat  kanthi  irah-irahan
Panji  Jayeng  Tilam
anggitanipun Ignatia Sri Sumirah. Panaliten  menika  katindakaken  kanthi
pendekatan  objektif.  Pendekatan objektif
inggih  menika
pendekatan
ingkang  naliti  satunggalipun  karya  sastra menika  minangka  satunggalipun  unsur  ingkang
otonom
Widayat,  2005: 38.Pendekatan  menika  gegayutan  kaliyan
analisis  struktural
ing  salebetipun cariyos  rakyat  kanthi  irah-irahan
Panji  Jayeng  Tilam
anggitanipun  Ignatia  Sri Sumirah  menika.
Analisis  struktural
menika  nengenaken
analisis  struktur
saha