namung minangka
pengamat
kemawon tumrapipun paraga-paraga ingkang sanesipun Nurgiyantoro, 2010: 262.
Adhedhasar peran saha
kedudukan
paraga aku ing salebetipun cariyos menika,
sudut pandang persona
sepisan saged dipunbedakaken dados kalih, ing antawisipun inggih menika:
a “aku” paraga utama
Ing salebetipun sudut pandang menika, si “aku” ngandharaken menapa kemawon prastawa saha tumindak ingkang dipunalami, ingkang batiniah,
gegayutan kaliyan dhirinipun piyambak, menapa ugi
fisik
, gegayutan kaliyan perangan sanesipun.
Paraga “aku” minagka paraga utama menika
otomatis
minagka paraga
protagonis
. Kanthi
sudut pandaang
menika ndadosaken para maos rumaos kados nglampahi saha ngraosaken sedaya petualangan saha pengalamanipun paraga
“aku” menika Altenbernd saha Lewis lumantar Nurgiyantoro, 2010: 163. Teknik “aku” menika saged dipunginakaken kangge ngandharaken maneka warni
pengalaman gesang manungsa ingkang paling lebet ngantos dumugi ingkang wadi Nurgiyantoro, 2010: 264.
b “aku” paraga tambahan
Ing salebetipun
sudut pandang
menika paraga “aku” namung minangka paraga tambahan. Paraga menika namung minangka saksi lelampahaning cariyos
ingkang dipunalami dening paraga sanesipun, menapa ugi minangka pambuka saha panutuping cariyos. Ciri utama saking
sudut pandang
menika inggih menika ing salebetipun cariyos ingkang ngginakaken
sudut pandang
menika ugi
ngginakaken
sudut pandang
“aku”. Kekalihipun menika minangka paraga
protagonis.
Dados ing salebetipun cariyos menika wonten kalih paraga “aku”, inggih men
ika paraga “aku” minangaka paraga utama saha paraga “aku” minangka paraga tambahan Nurgiyantoro, 2010: 266.
3
Sudut pandang
campuran Miturut pamanggihipun Nurgiyantoro 2010: 266, panganggening
sudut pandang
campuran ing salebetipun cariyos menika saged langkung saking setunggal
teknik
. Gumantung pepinginan saha
kreativitas
-ipun pengarang. Panganggening
sudut pandang
campuran menika saged awujud campuran antawisipun
sudut pandang persona
kaping tiga kanthi teknik “dia “
mahatahu
saha “dia” minangka
pengamat, persona
sepisan kanthi
teknik
“aku” minangka paraga utama saha “aku” tambahan minangka
saksi
, saged ugi campuran antawisipun
persona
sepisan saha kaping tiga, antawisipun “aku” saha “dia” sesarengan.
c. Lelewaning Basa
Lelewaning basa inggih menika panganggenipun basa kanthi
spesifik
dening pengarang Sayuti, 2000: 173. Saingga saben pengarang menika mesthinipun gadhah lelewaning basa piyambak. Lelewaning basa menika
gegayutan kaliyan kawegiganipun pengarang ing salebetipun milih saha ngginakaken tetembungan, kelompok tembung, ukara, saha
ungkapan
ingkang pungkasanipun saged nemtokaken
keberhasilan
, kaendahan, saha
kemasukakalan
satunggalipun karya minangka
ekspresi
piyambakipun.
Sayuti 2000: 174 ngandharaken bilih unsur-unsur ingkang mbangun lelewaning basa satunggalipun tiyang menika ing antawisipun inggih menika
diksi
,
imajineri
, saha
sintaksis
.
Diksi
inggih menika pilihan tetembungan dening pengarang. wonten ing
diksi
menika kedah nggatosaken babagan
denotasi
saha
konotasi
.
Denotasi
satunggalipun tembung tegesipun inggih menika tembung menika jumbuh kaliyan kamus, wondene ingkang dipunwastani
konotasi
inggih menika teges ingkang
diasosiasikan
utawi dipunprayogikaken dening pengarang.
Denotasi
menika teges ingkang legena wondene
konotasi
menika teges ingkang
kias
.
Diksi
menika lebet gegayutanipun kaliyan
imajeri
amargi rantaman tembung menika saged mujudaken satunggalipun
imaji
tertemtu.
Imajeri
inggih menika tembung utawi rantamaning tembung ingkang saged medharaken
gegambaraning mental utawi saged mbangkitaken pengalaman tertamtu.
Imajeri
inggih menika kempalaning
imaji-imaji
ingkang wonten ing salebetipun karya
fiksi
.
Imaji
ing salebetipun cariyos
fiksi
menika dipunperang dados
imaji lateral
saha
imaji figuratif
.
Imaji literal
inggih menika
imaji
ingkang boten nyebabaken pangewahing menapa ugi pangrembakaning tegesipun tetepungan. Wondene
imaji figuratif
inggih menika
imaji
ingkang asring dipunwastani
majas
utawi
pigura bahasa
ingkang mbetahaken pangertosan ing mapinten-pinten teges.
Imaji
menika dipunwastani
imaji figuratif
sauger
imaji
menika saged nyebabaken pangewahing menapa ugi pangrembakaning tegesipun tembung Sayuti, 2000: 175.
Salah satunggalipun
imaji
ingkang pokok ing satunggalipun karya
fiksi
inggih menika
simbol
.
Simbol
inggih menika satunggalipun bab ingkang cetha saha nyata saged nggugah gagasan saha pangraosipun para maos.
Simbol
ingkang wongsal-wangsul dipunsebataken ing salebetipun cariyos
fiksi
menika nedahaken bilih satunggalipun perangan pokok ingkang kedah dipungatosaken amargi
simbol
menika nyethakaken temanipun cariyos.
Simbol
menika saged kadhapukaken ngengingi tema, paraga, latar, menapa ugi perangan sanesipun Sayuti, 2000:
177. Lelewaning basa ingkang badhe dipuntaliti ing salebetipun cariyos menika
mligi ngengingi lelewaning basa bandhingan amargi ing salebetipun cariyos menika langkung kathah kapanggihaken lelewaning basa jenis menika.
Lelewaning basa bandhingan inggih menika lelewaning basa ingkang
dipunginakaken kangge ngandharaken satunggalipun bab kanthi mbandingaken kaliyan bab sanesipun ingkang dianggep mirip utawi gadhah perangan ingkang
sami. Ingkang dipunbandhingaken menika sifatipun, bentukipun, wujudipun menapa ugi perangan sanesipun.
Lelewaning basa bandhingan menika kaperang dados mapinten-pinten jenisipun. Ing antawisipun inggih menika 1
simile
, 2
metafora
, 3
personifikasi
, 4
depersonifikasi
, 5
alegori
, 6
anthithesis
, 7
pleonasme
, 8
periphrasis
, 9
prolepsis
, saha 10
koreksio epanortosis
Tarigan, 1985:15-34. Boten sedaya lelewaning basa bandhingan menika kapanggihaken wonten ing
cariyos menika. Lelewaning basa bandhingan ingkang kapanggihaken ing
salebetipun cariyos
Panji Jayeng Tilam
menika ing antawisipun kaandharaken ing ngandhap menika.
1
Simile
Miturut pamnaggihipun Tarigan 1985: 9-10, lelewaning basa
simile
inggih menika lelewaning basa ingkang nandhingaken antawisipun kalih perkawis ingkang sejatosipun beda nanging boten sengaja dipunwastani sami. Perkawis
menika kaandharaken kanthi
eksplisit
, inggih menika kanthi panganggening tembung kadosta
“lir, pindha, gya, kadya, kaya”.
2
Metafora
Lelewaning basa
metafora
inggih menika salah satunggalipun jenis lelewaning basa tetandhingan ingkang paling singkat, padhet, saha kasusun kanthi
tata. Ing salebetipun lelewaning basa menika wonten kalih perkawis: satunggal perkawis minangka satunggalipun kasunyatan, bab ingkang dipunpenggalihaken,
ingkang dados
objek
; wondene ingkang satunggalipun malih minangka tetandhinganipun Tarigan, 1985: 15. Wondene miturut pamanggihipun
Moeliono lumantar Tarigan 1985: 15 lelewaning basa
metafora
inggih menika lelewaning basa ingkang boten ngginakaken
tembung “kaya” utawi “minangka”, ing antawisipun kalih perkawis ingkang beda.
Lelewaning basa
metafora
menika nandhingaken kanthi langsung antawisipun satunggaling bab utawi perkawis kaliyan bab utawi perkawis
sanesipun ingkang gadhah sifat, kahanan, menapa kelakuan ingkang sami.
3
Personifikasi
Lelewaning basa
personifikasi
inggih menika lelewaning basa ingkang nggambaraken sifat-sifat
insani
tumrapipun samukawis ingkang awujud barang mati sarta dados pamanggih ingkang
abstrak
Tarigan, 1985: 17.
4
Pleonasme
Lelewaning basa
pleonasme
inggih menika lelewaning basa ingkang
ngginakaken tembung-tembung ingkang sejatosipun menika sia-sia, boten dipunbetahaken Poerwadarminta lumantar Tarigan, 1985: 29. Lelewaning basa
menika ngginakaken tembung-tembung langkung kathah saking menapa ingkang sejatosipun dipunbetahaken kangge ngandharaken satunggalipun perkawis.
5
Perifrasis
Lelewaning basa
perifrasis
menika meh sami kaliyan lelewaning basa
pleonasme
, ngginakaken tetembungan langkung kathah saking ingkang dipunbetahaken. Bedanipun, tetembungan ingkang linangkung menika saged
dipungantos kanthi setunggal tembung kemawon Tarigan, 1985: 31.
6
Prolepsis
Lelewaning basa
prolepsis
inggih menika lelewaning basa ingkang ngginakaken
setunggal utawi
mapinten-pinten tembung
saderengipun ngandharaken prastawa ingkang sejatosipun kedadosan Tarigan, 1985: 33.
D. Cariyos Panji
Cariyos panji inggih menika cariyos ingkang ngrembaka sepisanan ing wewengkon Jawa Timur. Lair ing Kediri, ngrembaka awit saking jaman
Majapahit, salajengipun ngrembaka ngantos wewengkon manca. cariyos Panji