Tema utama saha tema tambahan

gegayutan antawisipun prastawa utawi kedadosan setunggal kaliyan sanesipun. Saingga plot satunggalipun cariyos menika saged dipunpahami dening para maos minangka satunggalipun pola majemuk ingkang gadhah gegayutan kausalitas utawi sebab-akibat. Plot satunggalipun cariyos menika kedah padu, unity. Antawisipun prastawa satunggal kaliyan sanesipun, antawisipun prastawa ingkang dipuncariyosaken rumiyin kaliyan ingkang salajengipun, wonten gegayutanipun. Gegayutan antawisipun cariyos menika prayoginipun cetha, logis , saha saged dipunmangertosi kronologi wekdalipun tanpa nggatosaken ing salebetipun teks cariyos menika wonten ing awal, tengah utawi ing pungkasan Nurgiyantoro, 2010: 142. Saingga ing salebetipun plot menika, sasanesipun nggatosaken urutanipun prastawa ugi kedah nggatosaken gegayutanipun antawisipun setunggal prastawa kaliyan prastawa ingkang sanesipun. Struktur plot cariyos fiksi menika saged kaperang dados tiga, ing antawisipun inggih menika plot awal, tengah, saha pungkasan. Awal satunggalipun cariyos menika saged ugi minangka perangan tengah utawi pungkasanipun cariyos, mekaten ugi salajengipun, tengah minangka akhir utawi akhir minangka awal utawi tengahing cariyos. Bab menika sejatosipun gumantung gaya basa utawi teknik pengarang anggenipun nyariyosaken. Temtunipun saben pengarang menika gadhah idiosinkrasi piyambak, ingkang beda antawisipun pengarang setunggal kaliyan sanesipun Sayuti, 2000: 32-33. 1 Awal Tahap awal satunggalipun cariyos biasanipun dipunwastani minangka tahap pitepangan. Isinipun ngengingi mapinten-pinten informasi wigatos ingkang wonten gegayutanipun kaliyan maneka warni bab ingkang badhe kaandharaken ing tahap salajengipun. Tahap awal ugi asring dipunginakaken kangge nepangaken paraga-paraga cariyos, saged awujud deskripsi fisik , kadhang ugi dipunandharaken ugi kanthi implisit wewatekanipun. Fungsi pokok tahap awal pambuka satunggalipun cariyos inggih menika kangge suka informasi saha andharan saperlunipun, mliginipun ingkang gegayutan kaliyan pelataran saha penokohan Nurgiyantoro, 2010: 142. Perangan awal satunggalipun cariyos menika ngandhut andharan eksposisi saha elemen instabilitas . Eksposisi menika istilah kangge nedahaken proses ingkang dipunpilih saha dipunginakaken pengarang kangge ngandharaken informasi ingkang dipunbetahaken kangge mangertosi cariyos Sayuti, 2000: 36. Salajengipun Sayuti 2000: 40 ugi ngandharaken bilih gegayutan kaliyan perangan awal cariyos saha pilihanipun penulis anggenipun nemtokaken awal cariyos, kedah nggatosaken kemungkinan-kemungkinan ing antawisipun inggih menika: a minangka pilihan pungkasan ingkang dipunpilih dening pengarang. tegesipun, pengarang menika saged mawon nyerat wongsal-wangsul kangge miwiti cariyosipun. Seratan ingkang dipunserat ing wiwitanipun cariyos menika temtunipun ingkang dianggep paling trep kangge miwiti cariyosipun. b minangka prastawa ingkang gadhah sesambetan kaliyan karakter paraga utama utawi kaliyan prastawa ingkang boten wonten gegayutanipun kaliyan karakter paraga utama nanging minangka perangan mata rantai ingkang wigatos kangge prastawa-prastawa berkualitas salajengipun. c minangka gegambaran khusus konflik ingkang gadhah gegayutan kaliyan prastawa salajengipun kanthi latar tertemtu. d awujud prastawa ageng kanthi latar saha konflik tertemtu. e satunggalipun prastawa alit kangge nggambaraken watak paraga saha kangge suka informasi dhumateng para maos supados saged paham perangan awal saha sedayanipun isi cariyos. f minangka introduksi paraga utama utawi paraga ingkang wigatos ing salebetipun cariyos, kanthi analitik menapa ugi kanthi dramatik, kanthi cara telling menapa ugi showing. g minangka bab ingkang nedahaken para maos ngengingi cara ingkang dipunginakaken, cara diaan, akuan , menapa ugi campuran. h minangka deskripsi saha narasi tertemtu. i minangka perangan ingkang ngandharaken papan, wekdal, saha sosial budaya tertemtu. j minangka komplikasi utawi perangan ingkang mbangkitaken minatipun para maos. Komplikasi menika sifatipun saged mayor utawi minor , internal utawi eksternal . Sedaya kemungkinan menika gumantung kersanipun pengarang. antawisipun pengarang setunggal kaliyan sanesipun temtunipun gadhah cara ingkang beda saingga kemungkinan-kemungkinanipun ugi beda anggenipun nyusun plot . 2 Tengah Perangan tengah menika minangka perangan ingkang paling panjang saha paling penting ing salebetipun cariyos fiksi . ing perangan menika kaandharaken: paraga-paraga, prastawa-prastawa wigatos- fungsional ingkang dipuncariyosaken, konflik ingkang ngrembaka sansaya ngregengaken, saha dumugi klimaks -ipun. Umumipun ugi kaandharaken tema utawi makna pokok cariyos. Tahap tengah cariyos menika ugi dipunsebat minangka tahap pepadon, nyariyosaken pepadon utawi konflik ingkang sampun wiwit dipungambaraken ing tahap ingkang saderengipun, dados sansaya ningkat, sansaya ngregengaken. Nurgiyantoro, 2010: 145. Konflik saha klimaks menika minangka perangan ingkang wigatos saha utama ing salebetipun struktur plot . Klimaks menika namung saged kedadosan menawi wonten konflik . Nanging boten sedaya konflik menika dumugi klimaks , boten sedaya konflik menika kedah wonten pungkasanipun. Kedah dipuntingali pundi ingkang minangka konflik utama saha pundi ingkang namung konflik tambahan satunggalipun konflik ingkang langkung dipunsebabaken, dipunalami, saha dipuntindakaken dening paraga-paraga tambahan Nurgiyantoro, 2010: 127. Sayuti 2000: 42 ngandharaken bilih perangan wigatos saking plot tengah inggih menika bab konflik , komplikasi saha klimaks . Konflik ing salebetipun cariyos menika saged kaperang dados tiga. Ing antawisipun inggih menika konflik