Tema miturut Shipley lumantar Nurgiyantoro

salebetipun cariyos, kanthi langsung tegesipun tembung-tembung menika saged kapanggihaken langsung ing salebetipun cariyos menapa ugi kanthi boten langsung namung saking nafsiraken tembung-tembung ingkang wonten ing cariyos.

2. Fakta

Cariyos a. Alur Plot Alur menika gegayutan kaliyan urutan prastawa ing salebetipun karya sastra menika. Antawisipun satunggal prastawa kaliyan prastawa sanesipun saged dipuntingali gegayutanipun ing salebeting panyeratanipun alur menika. miturut pamanggihipun Priyatni 2010: 112 ngandharaken bilih alur inggih menika rerangkening prastawa ingkang gadhah gegayutan sebab akibat. Jumbuh kaliyan pamanggih menika, Stanton lumantar Nurgiyantoro 2010: 113 ngandharaken bilih alur utawi plot inggih menika cariyos ingkang isinipun ngengingi urutan prastawa, nanging saben prastawa menika namung dipungayutaken kanthi cara nggayutaken sebab-akibat, satunggalipun prastawa dipunsebabaken utawi nyebabaken wontenipun prastawa-prastawa ingkang sanesipun. Plot sejatosipun inggih menika menapa kemawon ingkang dipuntindakaken dening paraga saha prastawa menapa ingkang kedadosan saha dipunlampahi dening paraga Kenny lumantar Nurgiyantara, 2010: 75. Jumbuh kaliyan pamanggih-pamanggih ing nginggil menika, Sayuti 2000: 30, ngandharaken bilih plot utawi alur cariyos fiksi menika boten namung ngandharaken prastawa-prastawa utawi kedadosan-kedadosan kanthi nggatosaken sifat kewaktuan utawi temporal kemawon, nanging ugi kanthi nggatosaken gegayutan antawisipun prastawa utawi kedadosan setunggal kaliyan sanesipun. Saingga plot satunggalipun cariyos menika saged dipunpahami dening para maos minangka satunggalipun pola majemuk ingkang gadhah gegayutan kausalitas utawi sebab-akibat. Plot satunggalipun cariyos menika kedah padu, unity. Antawisipun prastawa satunggal kaliyan sanesipun, antawisipun prastawa ingkang dipuncariyosaken rumiyin kaliyan ingkang salajengipun, wonten gegayutanipun. Gegayutan antawisipun cariyos menika prayoginipun cetha, logis , saha saged dipunmangertosi kronologi wekdalipun tanpa nggatosaken ing salebetipun teks cariyos menika wonten ing awal, tengah utawi ing pungkasan Nurgiyantoro, 2010: 142. Saingga ing salebetipun plot menika, sasanesipun nggatosaken urutanipun prastawa ugi kedah nggatosaken gegayutanipun antawisipun setunggal prastawa kaliyan prastawa ingkang sanesipun. Struktur plot cariyos fiksi menika saged kaperang dados tiga, ing antawisipun inggih menika plot awal, tengah, saha pungkasan. Awal satunggalipun cariyos menika saged ugi minangka perangan tengah utawi pungkasanipun cariyos, mekaten ugi salajengipun, tengah minangka akhir utawi akhir minangka awal utawi tengahing cariyos. Bab menika sejatosipun gumantung gaya basa utawi teknik pengarang anggenipun nyariyosaken. Temtunipun saben pengarang menika gadhah idiosinkrasi piyambak, ingkang beda antawisipun pengarang setunggal kaliyan sanesipun Sayuti, 2000: 32-33.