60
BAB IV ASIL PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
A. Asil Panaliten
Jumbuh kaliyan ancasing panaliten, asil saking panaliten menika ing antawisipun inggih menika:
1.
Struktur
Cariyos
Adhedhasar asilipun panaliten menika saged dipunmangertosi gambaran ngengingi unsur-unsur
struktural
saha gegayutan antawisipun unsur-unsur
struktural
ing salebetipun cariyos rakyat kanthi irah-irahan
Panji Jayeng Tilam
anggitanipun Ignatia Sri Sumirah. Unsur-unsur
struktural
menika ing antawisipun inggih menika tema,
fakta
cariyos, saha sarana sastra.
Fakta
cariyos menika ing antawisipun kasusun saking
alur
, paraga, saha latar. Wondene sarana sastra menika kasusun saking
sudut pandang,
saha lelewaning basa.
Data-data
ngengingi unsur-unsur
struktural
ing salebetipun cariyos rakyat kanthi irah-irahan
Panji Jayeng Tilam
anggitanipun Ignatia Sri Sumirah menika dipunlebetaken wonten ing tabel-tabel
data. Data-data
ingkang wonten ing salebetipun tabel samangke badhe kaandharaken ing salebetipun pirembagan.
Data-data
menika ing antawisipun kaandharaken ing ngandhap menika.
a.
Struktur Intrinsik
Awujud Tema ing salebetipun Cariyos Rakyat
Panji Jayeng Tilam
Anggitanipun Ignatia Sri Sumirah
Tema inggih menika dhasar pangrembakaning cariyos. Wonten ing tabel 1 ngandhap menika badhe kacawisaken tema-tema ingkang wonten ing salebetipun
cariyos rakyat
Panji Jayeng Tilam
anggitanipun Ignatia Sri Sumirah.
61
Tabel 1. Tema ingkang Wonten ing salebetipun cariyos rakyat
Panji Jayeng Tilam
Anggitanipun Ignatia Sri Sumirah. No
Tema A
B C
D E
F G
H I
1 Katresnan
antawisipun pria
kaliyan wanita
ingkang sampun
palakrama nanging kapisahaken amargi
wonten wanita
sanes ingkang
tresna kaliyan salah satunggalipun
pasangan. Ing
pungkasan, kekalihipun menika
saged pepanggihan malih.
-
-
-
-
2 Katresnanipun
tiyang sepuh
marang putranipun.
- -
-
-
-
3 Katresnan marang
sedherek
- -
-
-
-
4 Katresnan
jati ingkang
boten kalairaken
-
- -
- -
5 Balas dhendham
-
-
- -
Katrangan:
A : Tema Tradhisional
B : Tema non-tradhisional
C : Tema tingkat
fisik
D : Tema tingkat
organik
E : Tema tingkat sosial
F : Tema tingkat
egoik
G : Tema tingkat
devine
H : Tema utama
I : Tema tambahan
Kados menapa ingkang sampun dipunandharaken ing bab II bilih ing salebetipun panaliten
strukturalis
cariyos menika gegayutan kaliyan perkawis tema. Tema menika kaperang dados mapinten-pinten jenis. Ing antawisipun
inggih menika tema tradisional, tema
non
-tradisional, tema tingkat
fisik
, tema tingkat
organik
, tema tingkat sosial, tema tingkat
egoik
, tema tingkat
devine
, tema utama, saha tema tambahan.
Saking tabel 1 menika saged dipunmangertosi tema-tema ingkang wonten ing salebetipun cariyos rakyat
Panji Jayeng Tilam
anggitanipun Ignatia Sri Sumirah. Tema-tema menika ing antawisipun inggih menika: katresnan
antawisipun pria kaliyan wanita ingkang sampun palakrama nanging kapisahaken amargi wonten wanita sanes ingkang tresna kaliyan salah satunggalipun pasangan.
Ing pungkasan, kekalihipun menika saged pepanggihan malih. Tema katresnanipun tiyang sepuh marang putranipun, katresnan marang sedherek,
katresnan jati ingkang boten kalairaken, saha tema balas dhendham. Tema-tema menika salejengipun badhe kaandharaken ing ngandhap menika.
a. Katresnan antawisipun pria kaliyan wanita ingkang sampun palakrama
nanging kapisahaken amargi wonten wanita sanes ingkang tresna kaliyan salah satunggalipun pasangan. Ing pungkasan, kekalihipun menika saged
pepanggihan malih.
Tema menika kalebet tema tradhisional amargi kados menapa ingkang sampun dipunandharaken ing bab II bilih tema tradisonal inggih menika tema
ingkang sampun dangu dipunginakaken. Tema menika saged dipunpanggihaken ing salebetipun maneka warni cariyos, kalebet ugi cariyos lami. Umumipun tema-
tema tradisonal menika minangka tema ingkang dipunremeni tiyang kanthi
status
sosial menapa kemawon, wonten ing pundi kemawon, saha kapan kemawon. Cariyos Panji menika kagolong cariyos lami saking tlatah Jawa Timur. Cariyos
menika ngengingi Raden Panji Inukertapati Panji Asmarabangun kaliyan Dewi Candrakirana. Tema katresnan menika kalebet tema tradhisional ingkang asring
dipunginakaken ing karya sastra lami. Tema menika boten kalebet tema
non
-tradhisional amargi kados ingkang kaandharaken ing bab II bilih ingkang dipunwastani tema
non
-tradhisional inggih menika tema satunggalipun karya ngengingi perkawis ingkang boten umum.
Perkawis katresnan menika kalebet perkawis ingkang umum. Tema menika kalebet ugi tema
fisik
. Ing salebetipun karya sastra kanthi tema menika langkung kathah
aktivitas fisik
tinimbang kejiwaanipun. Langkung nengenaken
mobilitas fisik
tinimbang
konflik
kejiwaan paraga cariyosipun. Wonten ing cariyos menika kaandharaken kanthi cetha menapa-menapa kemawon
aktivitas fisik
ingkang dipuntindakaken dening para paraga-paraganipun ingkang gegayutan kaliyan tema menika. Wonten ing perangan sanesipun
aktivitas fisik
menika saged dipuntingali ing pethikanipun cariyos kados ing ngandhap menika.
............................................................................................................ Sang kusumaning ayu Dewi Candrakirana kaget dene byar wungu ingkang
garwa raden Panji kok ora ana, sang Dewi anduga ingkang raka sang Panji mesthi murca saka praja. Sekala penggalihe sang Dewi bingung
nyipta murcane sang Panji jalaran nawung duka. Saking judheging penggalih sang Dewi Sekartaji sigra narik patreme kersane arsa suduk
sarira, jalaran rumangsa datan bisa tinilar ingkang raka. Djaka Lodang No.16, kaca 67
Saking pethikan ing nginggil menika saged dipunmangertosi kanthi cetha
menapa ingkang dipuntindakaken dening Dewi Sekartaji Dewi Candrakirana. Dewi Candrakirana kagyat nalika wungu nanging boten manggihaken
garwanipun. Lajeng nyipta bilih sang Panji menika murca saking praja. Penggalihipun bingung nyipta murcanipun sang Panji amargi nawung duka.
Wasana Sang Dewi sigra narik patrem arsa suduk sarira, amargi rumaos boten saged tininggal dening ingkang raka.
Aktifitas fusik
sanesipun ingkang katindakaken dening para paraga utama menapa ugi para paraga tambahan saged dipunmangertosi ing perangan cariyos
ingkang sanesipun. Kados ing pethikan ngandhap menika ugi kagambaraken
aktifitas fisik
ingkang katindakaken dening Dewi Sekartaji:
............................................................................................................ Ing
wengi iku pinuju sepi janma para parekan cethi miwah emban wis padha turu ngalempus, wis ora ana sabawane walang ngalisik, dalasan para
kadang santana iya wis padha sare kepati, malah para abdi kang padha kuwajiban jaga wengi wae ndilalahe ya wis padha turu kabeh kaya kena
dayane mantra panyirepan ora ana kang kuwat nahan utawa ngampet ngantuke mula padha turu kabeh.
Iya ing kaanan kaya mengkene iki kang diarep-arep dening sang Dewi Sekartaji. Bareng wis tita ora ana sabawaning janmasang Dewi kanthi
alon-alon mijil saka tilamsari nulya anggeblas murca sawise bisa ambuka kori banjur embuh menyang ngendi parane ora ana janma kang weruh.
Djaka Lodang No.19, kaca 51
Saking
data
ing nginggil menika saged dipunmangertosi bilih sasampunipun para parekan cethi tilem dalasan para santana sampun sami tilem
dalasan para kadang santana ingkang ugi sami sare, sang Dewi Sekartaji alon-alon