Tema tradisional saha nontradisonal

dipunadhepi, kadospundi wewatekanipun, kadospundi sikap saha pamanggihipun ngengingi perkawis menika, menapa saha kadospundi ingkang dipunpenggalihaken, dipunraos, saha dipuntindakaken, kadospundi keputusan ingkang dipunpendhet, saha sapanunggalanipun Nurgiyantoro 2010: 86. Wondene Stanton lumantar Nurgiyantoro 2010: 86 ngandharaken bilih ing salebetipun manggihaken saha nafsiraken tema menika wonten syarat kados ing ngandhap menika. a. Penafsiran tema menika prayoginipun nimbangaken saben detail cariyos ingkang langkung utama. Saking detail-detail ingkang utama menika saged dipun- identifikasi minangka paraga-perkawis- konflik utama. b. Anggenipun nafsiraken tema satunggalipun cariyos menika kedah jumbuh kaliyan detail cariyosipun. c. Penafsiran tema menika prayoginipun boten adhedhasar bukti-bukti ingkang boten kaandharaken kanthi langsung menapa ugi boten langsung. Tema menika katemtokaken boten namung kanthi cara dipunkinten-kinten, perkawis ingkang dipunbayangaken wonten ing salebetipun cariyos, utawi informasi sanesipun ingkang kirang saged dipunpitadosi. Tema ingkang katemtokaken kanthi cara menika kirang saged dipuntanggeljawabaken amargi kirangipun bukti empiris . d. Penafsiran tema menika kedahipun jumbuh kaliyan bukti-bukti langsung menapa ugi ingkang dipunprayogiaken ing salebetipun cariyos. Anggenipun nemtokaken tema satunggalipun cariyos menika kedahipun saged dipun buktikaken kanthi data-data utawi detail-detail cariyos ingkang wonten ing salebetipun cariyos, kanthi langsung tegesipun tembung-tembung menika saged kapanggihaken langsung ing salebetipun cariyos menapa ugi kanthi boten langsung namung saking nafsiraken tembung-tembung ingkang wonten ing cariyos.

2. Fakta

Cariyos a. Alur Plot Alur menika gegayutan kaliyan urutan prastawa ing salebetipun karya sastra menika. Antawisipun satunggal prastawa kaliyan prastawa sanesipun saged dipuntingali gegayutanipun ing salebeting panyeratanipun alur menika. miturut pamanggihipun Priyatni 2010: 112 ngandharaken bilih alur inggih menika rerangkening prastawa ingkang gadhah gegayutan sebab akibat. Jumbuh kaliyan pamanggih menika, Stanton lumantar Nurgiyantoro 2010: 113 ngandharaken bilih alur utawi plot inggih menika cariyos ingkang isinipun ngengingi urutan prastawa, nanging saben prastawa menika namung dipungayutaken kanthi cara nggayutaken sebab-akibat, satunggalipun prastawa dipunsebabaken utawi nyebabaken wontenipun prastawa-prastawa ingkang sanesipun. Plot sejatosipun inggih menika menapa kemawon ingkang dipuntindakaken dening paraga saha prastawa menapa ingkang kedadosan saha dipunlampahi dening paraga Kenny lumantar Nurgiyantara, 2010: 75. Jumbuh kaliyan pamanggih-pamanggih ing nginggil menika, Sayuti 2000: 30, ngandharaken bilih plot utawi alur cariyos fiksi menika boten namung ngandharaken prastawa-prastawa utawi kedadosan-kedadosan kanthi nggatosaken sifat kewaktuan utawi temporal kemawon, nanging ugi kanthi nggatosaken