C. Unsur-Unsur
Intrinsik
Unsur
intrinsik
inggih menika unsur ingkang mbangun karya sastra saking salebetipun karya sastra menika kiyambak. Miturut pamanggihipun Nurgiyantoro
2010:  23,  unsur
intrinsik intrinsic
inggih  menika  unsur-unsur  ingkang mbangun  karya  sastra  menika  kiyambak.  Unsur-unsur  menika  ingkang
nyebabaken  karya  sastra  menika  wonten  minangka  karya  sastra.  Salajengipun Widayat 2005: 20 ugi ngandharaken bilih bangunan karya sastra menika gadhah
perangan-perangan minangka unsur-unsur sastra ingkang wetah, gadhah
totalitas
. Antawisipun  unsur-unsur  menika  mangaribawani  saha  nguntungaken  setunggal
kaliyan  setunggalipun.  Unsur-unsur  menika  wigatos  sanget  mliginipun  kangge naliti karya sastra menika kiyambak.
Miturut  pamanggihipun  Widayat  2005:  20,  karya  sastra  menika  gadhah perangan-perangan minangka unsur-unsur sastra ingkang wetah, gadhah
totalitas
. Antawisipun  unsur-unsur  menika  mangaribawani  saha  nguntungaken  setunggal
kaliyan  setunggalipun.  Unsur-unsur  menika  wigatos  sanget  mliginipun  kangge naliti karya sastra menika kiyambak.
Stanton  lumantar  Widayat  2005:  22  ngandharaken  bilih  unsur-unsur
struktur fiksi
ing  antawisipun  inggih  menika  tema,
fakta
cariyos,  saha  sarana sastra.
Fakta
cariyos menika minangka bab-bab ingkang badhe dipuncariyosaken ing  salebetipun  cariyos
fiksi
.  Ingkang  kalebet  fakta  cariyos  inggih  menika
plot
, paraga, saha latar. Menapa ingkang badhe dipuncariyosaken ing salebetipun karya
sastra  menika  dipunsusun  ing  salebetipun  kerangka
subelemen
menika.  Sayuti,
2000:  29.  Unsur-unsur
intrinsik
ingkang  kasusun  ing  salebetipun  kerangka
sublemen
menika ingkang salajengipun mujudaken satunggalipun karya sastra.
1. Tema
Saben  karya  sastra  menika  mesthi  gadhah  tema  ingkang  dados  ancas panyerataning  satunggalipun  karya  sastra.  Menapa  ingkang  dipunandharaken  ing
salebetipun karya sastra menika adhedhasar saking tema. Tema menika minangka perangan  ingkang  wigatos  sanget  ing  salebetipun  cariyos.  Satunggalipun  cariyos
mbetahaken tema
kangge ngarahaken
ancasipun cariyos
ingkang dipunkajengaken.
Miturut  pamanggihipun  Priyatni  2010:  119  tema  menika  minangka gagasan utawi makna sentral satunggalipun cariyos. Bab menika jumbuh kaliyan
pamanggihipun  Sayuti  2000:  187-188  ingkang  ngandharaken  bilih  tema  inggih menika  makna  cariyos,  gagasan
sentral
,  utawi  dhasaripun  cariyos.  Tema  menika mliginipun  minangka  satunggalipun  pamanggih  ngengingi
subjek
utawi  pokok perkawis  ingkang  kaandharaken  kanthi
emplisit
menapa  ugi  kanthi
implisit
.  Ing salebetipun  cariyos  menika,  pengarang  ngginakaken  cara  ingkang
implisit
.  Cara
implisit
inggih  menika  cara  panganggit  ingkang  ndhelikaken  tema  cariyos. Ancasipun  panganggit  menika  supados  para  maos  madosi  tema  cariyos  kanthi
cara maos cariyos menika langkung rumiyin. Wondene  Widayat  2005:  22  ngandharaken  bilih  tema  inggih  menika
satunggalipun  bab  ingkang  dados  dhasar  satunggalipun  cariyos.  Tema  menika gegayutan  kaliyan  maneka  warna  pengalaman  gesang,  kadosta  perkawis  bab
katresnan, rasa asih, kangen, ajrih, pati,
religius
, saha sapanunggalanipun. Ing bab