Jinising Panaliten CARA PANALITEN

2. manggihaken dhasaripun wujud religiusitas Islam, ingkang sepisan manggihaken wonten ing Al-Qur’an, manawi boten kapanggihaken lajeng manggihaken wonten Hadits, manawi boten kapanggihaken ugi lajeng wonten ijma’ saha qiyas, 3. nindakaken panaliten babagan dhasaripun wujud religiusitas Islam ing cakepan Sekar Bugie Album Kelayung-layung ngginakaken dhasaripun piwulang agami Islam, urut miturut irah-irahan sekar.

F. Caranipun Ngesahaken Data

Wonten panaliten menika, anggenipun ngesahaken data dipuntindakaken mawi uji validitas saha reliabilitas data. Andharanipun saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. 1. Uji Validitas Uji Validitas dipunginakaken kangge mangertosi kados pundi saenipun cara nganalisis data ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken informasi ingkang kaandhut wonten salebeting data. Miturut validitas, keabsahan data dipunpanggihaken kanthi ngginakaken validitas semantik saha nyuwun pirsa dhumateng para ahli. Validitas semantik inggih menika cara kangge ngukur tingkat kesensitifan makna-makna simbolik ingkang gayut kalihan konteks Endraswara, 2003: 164. Wonten babagan menika titikan religiusitas Islam ingkang wonten ing salebeting Sekar Bugie Album Kelayung-layung dipuntegesi miturut konteks cakepanipun. Tuladhanipun cakepan urip kuwi mung mampir ngombe, tembung mampir ngombe dipuntegesi gesang wonten ngalam donya namung sawetawis wekdal, beda sanget kalihan manawi katandhingaken kalihan pagesangan ing alam akherat. Pagesangan ing alam akherat minangka pagesangan ingkang sajatos, salami-laminipun boten wonten pungkasanipun. Dados mampir ngombe wonten cakepan sekar menika boten dipuntegesi mampir ngunjuk. Pertimbangan ahli inggih menika satunggaling cara kangge manggihaken keabsahan data kanthi nyuwun pirsa dhumateng tiyang ingkang mumpuni wonten bidhangipun. Expert judgement pertimbangan ahli ingkang dipunkajengaken inggih menika dosen pembimbing, inggih Dosen Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Universitas Negeri Yogyakarta. Kejawi menika, panaliti ugi nyuwun pirsa dhumateng tiyang ingkang mangertos babagan Agami Islam, inggih menika ustadz Suhari. 2. Uji Reliabilitas Uji reliabilitas data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika uji reliabilitas intrarater. Reliabilitas menika dipunpanggihaken mawi pengkajian data kanthi dipunambali, dumugi kapanggihaken data ingkang tetep. Data ingkang kapanggihaken lajeng dipunteliti miturut watesaning panaliten. Panaliten menika dipunpungkasi manawi data ingkang kapanggihaken sampun ajeg, saingga trep dipunwastani panaliten ilmiah.