Religiusitas ing Sastra Jawi

dipungatosaken, dipunpundhut piwulangipun ingkang luhur saha dados pitedah kangge tiyang-tiyang ingkang ngabekti dhumateng Allah. Kados ingkang dipunandharaken ing Al-Qur’an surat Al-Israa’ ayat 9. “Satemene Qur’an iki nuduhake marang dalan kang luwih bener lan dadi bebungah tumrap wong-wong kang padha mukmin, yaiku wong- wong kang padha nindakake kabecikan, satemene dheweke iku bakal kaparingan ganjaran kang gedhe yaiku suwarga.” Saking andharan ing nginggil saged kapundhut dudutan bilih Al- Qur’an inggih menika waosan ingkang wosipun firman-firman Allah ta’ala ingkang arupi dhawuh saha awisan supados dipunestokaken dening tiyang ingkang nguemi agami Islam, kangge manggihaken katentreman saha kawilujengan gesang ing donya dumugi akhirat. Awit Al-Qur’an minangka wahyu ingkang mandhap langsung saking Panjenenganipun Allah ta’ala, pramila Al-Qur’an menika boten saged dipuntandhingi kalihan buku menapa dene kitab menapa kemawon. Dhasar piwulang agami Islam ingkang kaping kalih inggih menika hadits. Tembung Al-Hadits miturut basa gadhah pinten-pinten teges, ing antawisipun inggih menika pangandikan saha pawarta. Hadits ingkang tegesipun pangandikan kados firman Allah wonten ing Al-Qur’an ingkang tegesipun, “Allah iku handhawuhake carita becik kitab Qur’an kang rampak becik. Sarta siji-sijining carita: wewulang, gancaran, pengancam, larangan lan sapanunggalane nganggo dipindhoni utawa dipingteloni.” Az-Zumar: 23. Wondene Hadits ingkang tegesipun pawarta, saged dipuntingali wonten firman Allah wonten ing Al-Qur’an ingkang tegesipun, “Muhammad, apa sira wis sumurup ceritane Nabi Musa?” Thaahaa: 9. Pangandikanipun Imam Nawawi lumantar Chalil 1955: 206 tegesipun hadits utawi sunnah inggih menika tembung ingkang dipunginakaken kangge nyebataken sedaya perkawis ingkang boten dipunandharaken wonten ing Al-Qur’an. Inggih awit minangka andharan saking Al-Qur’an utawi sanes cara anggenipun Nabi dhahar, tilem, ngendikan, lsp. Saingga perkawis-perkawis ingkang boten wonten andharanipun ing Al-Qur’an badhe dipunandharaken langkung rijit wonten ing hadits. Pangertosan sanesipun dipunandharaken dening Asy-Syathiby lumantar Chalil 1955: 207 bilih tembung hadits utawi sunnah menika dipunginakaken kangge satunggaling pakaryan utawi tumindak para sahabat Nabi, inggih awit tumindak menika wonten ing Al-Qur’an menapa boten. Amargi sedaya jinis ngibadah kedah nuladha dhumateng ingkang sampun dipuncawisaken wonten ing sunnah. Saking andharan ing inggil saged kapanggihaken dudutan bilih manawi sunnah menika dipunjumbuhaken dados setunggal, pramila wonten hadits utawi sunnah menika kaperang saking sekawan werni. Inggih menika pangandikan, tumindak, pengakuan, saha sunnah saking sahabat Nabi utawi khulafa urrasyidin. Khulafa urrasyidin inggih menika wakil-wakil utawi khalifah ingkang leres saha lurus, piyambakipun minangka waris kepemimpinan Rasulullah sabibaripun Rasul seda. Cara anggenipun nemtokaken khulafa urrasyidin inggih kanthi syura’ wawan rembug. Khulafa urrasyidin kaperang saking Abu Bakar, Umar, Utsman, saha Ali.