Sastra Jawi Gagrag Enggal

E. Islam

Islam miturut Arifin 1987: 201 inggih menika sumber piwulang ngagesang ingkang asalipun saking wahyu Allah ta’ala. Islam ingkang minangka agami menika paring pitedah babagan kados pundi kedahipun tiyang gesang minangka titahipun Gusti Allah. Gusti Allah ingkang nyiptakaken jagad menika paring dhawuh supados tiyang gesang sami manembah namung dhumateng Panjenenganipun. Kajawi ngrembag babagan gegayutan ing antawisipun tiyang gesang kalihan Allah, agami Islam ugi ngrembag babagan gegayutan ing antawisipun tiyang gesang dhateng sesami tiyang gesang. Salebeting nindakaken gegayutan kasebat, Allah sampun paring pitedah syari’at ingkang kedah dipunugemi. Agami Islam inggih menika agami ingkang nedahaken keseimbangan. Keseimbangan menika maknanipun adil utawi sami wonten babagan donya saha akherat kalihan wonten babagan material saha spiritual. Agami Islam ngandharaken bilih sedaya wujud ingkang fakir saha ingkang miskin manah saha harta kedah dipungantos wonten ing pagesangan ingkang sarwa cekap saha kathah. Kawontenan tiyang ingkang fakir saha miskin saged ndadosaken tiyang kufur utawi ingkar dhumateng Allah. Pramila agami Islam nedahaken supados tansah ngupadaya kanthi sae. Donya menika dipunibarataken siti ingkang saged dipuntuwuhi menapa kemawon, asilipun saged dipunpanggihaken wonten ing donya menika ugi, saha wonten ing kapanggihaken benjing nalika wonten ing ngalam akherat. Saking andharan menika saged dipunmangertosi bilih Islam ngandharaken bilih boten wonten asil ingkang tanpa dipunwiwiti kalihan upaya, saingga tiyang badhe pikantuk asil manawi piyambakipun kersa ngupadaya mujudaken gegayuhanipun. Islam boten namung nedahaken piwulang ingkang kebak nilai pendidikan, ananging ugi napakaken kekiyatan rokhaniah ingkang arupi kapitadosan namung dhumateng Allah ta’ala. Kapitadosan babagan piwulang taukhid menika ingkang nuwuhaken kualitas satunggaling pribadi ingkang sae. Kanthi kekiyatan iman ingkang adhedhasar taukhid menika tiyang gesang saged kaangkat drajatipun saha tambah gunggung kamulyanipun. Sakawit dakwah utawi penyebaran agami Islam dipuntindakaken dening Nabi Muhammad salallahu ‘alaihiwassalam. Wonten ing dakwahipun, Nabi Muhammad tansah nyepeng kekiyatan kapitadosanipun dhateng taukhid. Kasilipun Nabi Muhammad babagan piwulang taukhid kangge para pendherekipun menika inggih icalipun kapitadosan dhateng perkawis ingkang ghaib ingkang mawujud wonten ing patung utawi berhala-berhala sanesipun. Sipat saha kekiyatan rokhaniah dhateng piwulang taukhid menika ageng, amargi wahyunipun mandhap saking Panjenenganipun Allah ta’ala dhumateng Nabi Muhammad mawi malaikat. Piwulang kados ingkang wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Ikhlas ingkang nedahaken bilih Allah Maha Tunggal, satunggaling papan kangge nyenyuwun samubarangipun, boten kagungan putra saha boten pinutrakaken, saha boten wonten menapa kemawon utawi sinten kemawon ingkang saged nandhingi Panjenenganipun, menika minangka wujud ingkang mutlak utawi boten saged ewah babagan Ke-Esaan Allah.