Hakikat Sastra GEGARAN TEORI

dipunginakaken kangge nglelipur dhiri saha medalaken raos pangraos tumrap kawontenan ing sakiwa keringipun. Kajawi saking menika, sekar ugi ngewrat seserepan ingkang arupi tata susila saha paugeran, saingga saged dados sarana minangka sangunipun gesang. Sekar inggih menika wujud basa krama saking tembang ingkang ateges nyanyian utawi lagu. Sastra sekar ngandhut paugeran sastra saha filsafat tartamtu saha ngemu surasa budaya adi luhung. Paugeran menika lajeng kawujudaken wonten salebeting cakepan. Cakepan inggih menika ekspresi pangraosipun panganggit ingkang awujud reroncening tembung ingkang endah. Wonten salebeting cakepan sekar, mliginipun sekar Jawi menika umumipun ngewrat babagan kearifan lokal masarakat Jawi. Cakepan sekaripun Bugie ugi ngandhut perkawis babagan falsafah saha piwulang agami Islam. Falsafah saha piwulang menika dipunsengkuyung dening nilai-nilai saha norma ingkang wonten ing kabudayan Jawi. Nilai-nilai saha norma menika ingkang dipunwastani kearifan lokal gadhahanipun masarakat Jawi. Piwulang babagan agami Islam saha kearifan lokal Jawi menika ingkang saged kapundhut saking wosipun cakepan sekar Bugie ing album Kelayung-layung.

D. Religiusitas

Miturut Mangunwijaya 1988: 123 religiusitas saha agami religi menika panci gayut sanget, sesandhingan, malah kepara saged lebur dados setunggal, ananging sajatosipun kalih tembung menika gadhah makna ingkang beda. Agami menika langkung celak gegayutanipun kalihan lembaga resmi. Wondene religiusitas menika langkung ningali perkawis saking manah, batos, saha kualitas iman satunggaling tiyang tumrap agaminipun. Kanthi makaten religiusitas sipatipun langkung lebet saha langkung wiyar tinimbang agami. Religiusitas dipuntegesi minangka pangraos beriman. Iman menika saged katitik saking pamanggih, lisan, saha tumindak. Religiusitas menika saged dipunwujudaken mawi ngupadaya nyinaoni saha nindakaken piwulang agami. Manawi wonten ing agami Islam, religiusitas menika saged dipunwujudaken mawi maos Al-Qur’an utawi hadits saha nindakaken piwulang ingkang wonten ing salebeting Al-Qur’an utawi Hadits kasebat. Saingga religiusitas menika minangka penghayatan keberagamaan utawi pangraos iman satunggaling tiyang. Pangraos iman menika dipuntingali saking perkawis ingkang lebet saha sipatipun pribadhi. Awit religiusitas menika saged katingal saking pamanggih, manah, saha tumindakipun tiyang. Pramila saged dipunmangertosi saking babagan raos pangraos tuladhanipun raos ajrih, ayem, saha pepenginan kangge celak kalihan Gusti ingkang kawujudaken kanthi ngibadah-ngibadah tartamtu. Wonten ing babagan pamanggih saged kapundhut tuladha bilih tiyang pitados dhumateng Gusti. Wondene wonten babagan tumindak, tuladhanipun sipat mituhu taqwa, inggih kanthi nindakaken dhawuh saha nebihi awisanipun Pangeran ingkang minangka wujud saking kapitadosan dhumateng Pangeran.

E. Islam

Islam miturut Arifin 1987: 201 inggih menika sumber piwulang ngagesang ingkang asalipun saking wahyu Allah ta’ala. Islam ingkang minangka agami menika paring pitedah babagan kados pundi kedahipun tiyang gesang minangka titahipun Gusti Allah. Gusti Allah ingkang nyiptakaken jagad menika paring dhawuh supados tiyang gesang sami manembah namung dhumateng Panjenenganipun. Kajawi ngrembag babagan gegayutan ing antawisipun tiyang gesang kalihan Allah, agami Islam ugi ngrembag babagan gegayutan ing antawisipun tiyang gesang dhateng sesami tiyang gesang. Salebeting nindakaken gegayutan kasebat, Allah sampun paring pitedah syari’at ingkang kedah dipunugemi. Agami Islam inggih menika agami ingkang nedahaken keseimbangan. Keseimbangan menika maknanipun adil utawi sami wonten babagan donya saha akherat kalihan wonten babagan material saha spiritual. Agami Islam ngandharaken bilih sedaya wujud ingkang fakir saha ingkang miskin manah saha harta kedah dipungantos wonten ing pagesangan ingkang sarwa cekap saha kathah. Kawontenan tiyang ingkang fakir saha miskin saged ndadosaken tiyang kufur utawi ingkar dhumateng Allah. Pramila agami Islam nedahaken supados tansah ngupadaya kanthi sae. Donya menika dipunibarataken siti ingkang saged dipuntuwuhi menapa kemawon, asilipun saged dipunpanggihaken wonten ing donya menika ugi, saha wonten ing kapanggihaken benjing nalika wonten ing ngalam akherat. Saking andharan menika saged dipunmangertosi bilih Islam