Pirantining Panaliten CARA PANALITEN

33

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asiling Panaliten

Asiling panaliten menika inggih kangge manggihaken wujud religiusitas Islam wonten salebeting cakepan sekar Bugie ing Album Kelayung-layung saha kangge ngandharaken dhasaripun wujud religiusitas Islam ingkang wonten salebeting sekar Bugie Album Kelayung-layung dipuntingali saking Al-Qur’an utawi Hadits. Wujud religiusitas Islam langkung rumiyin kaserat wonten ing kartu data lajeng dhasaripun wujud religiusitas Islam wonten ing Al-Qur’an utawi Hadits karembag langkung rijit wonten ing pirembagan.

1. Dhasaripun Wujud Religiusitas Islam ing Cakepan Sekar Bugie

Album Kelayung-layung kalihan Al-Qur’an utawi Hadits. Wonten ing sub bab menika badhe kaandharaken tabel data wujud religiusitas Islam wonten salebeting cakepan Sekar Bugie Album Kelayung- layung saha dhasaripun wujud religiusitas Islam ing Cakepan Sekar Bugie Album Kelayung-layung wonten salebeting Al-Qur’an utawi Hadits. Tabel data menika ginanipun kangge nggampilaken panaliti anggenipun nindakaken panaliten salajengipun. Kajawi saking menika tabel data menika ginanipun kangge nggampilaken para maos anggenipun mangertosi kanthi singkat babagan asiling panaliten tumrap dhasaripun wujud religiusitas Islam ing cakepan Sekar Bugie Album Kelayung-layung wonten salebeting Al-Qur’an utawi Hadits minangka dalil naqli dhasaripun paugeran nindakaken pangibadahan miturut agami Islam. Tabel 2. Data dhasaripun Wujud Religiusitas Islam ing Cakepan Sekar Bugie Album Kelayung-layung miturut Al-Qur’an utawi Hadits. No. Irah-irahan Sekar Wujud Religiusitas Islam Ayat wonten Al- Qur’an utawi dalil wonten Hadits Kat.

1. Kelayung-

layung Kreta Jawa Gusti Allah Ingkang Murbeng Dumadi Kineban lawang tobat Ana ing ngendi bae sira manggon, sira mesthi bakal kecandhak dening pati, senajan sira padha ana ing sajeroning gedhong-gedhong kang dhuwur. An Nisaa’: 78 Tobat iku ora tumrap wong kang nglakoni laku ala pirang-pirang, kang nganti tekan wektu mati lagi matur: “Ing sapunika kawula tobat”. Lan ora tumrap wong kang mati kafir. An-Nisaa’: 18 D1 D2

2. Astagh-

firullah Karyenak tyasing sesami Lan menawa sira Muhammad nulak wong kang kudu diwenehi mau jalaran perlu arep golek luwih dhisik kanugrahan kang D3