Nalaring Pikir GEGARAN TEORI

menika inggih menika kanti cara simak-catat. Data lesan kasebat inggih menika lagu saking Kaset CD Album Bugie Kelayung-layung. Caranipun ngempalaken data lesan menika inggih kanthi mirengaken kanthi premati CD ingkang dipunputer, lajeng dipuncatet. Salaminipun nyemak sekar menika, panaliti kedah teliti supados data ingkang kapanggihaken estu-estu ajeg. Tata cara anggenipun ngempalaken data, wonten ing panaliten menika inggih menika: 1. mirengaken sekar Bugie Album Kelayung-layung kanthi premati, 2. nyerat cakepan sekar Bugie Album Kelayung-layung saking CD ingkang dipunputer, 3. paring tandha dhateng cakepan sekar Bugie Album Kelayung-layung ingkang gayut kalihan wujud religiusitas Islam, 4. nglebetaken data ingkang awujud religiusitas Islam wonten ing kertu data ingkang sampun dipuncawisaken, 5. manggihaken dhasaripun wujud religiusitas Islam, ingkang sepisan manggihaken wonten ing Al-Qur’an, manawi boten kapanggihaken lajeng manggihaken wonten Hadits, manawi boten kapanggihaken ugi lajeng wonten ijma’ saha qiyas.

D. Pirantining Panaliten

Pirantining panaliten inggih menika sedaya piranti ingkang dipunbetahaken kangge neliti sumbering data. Pirantining panaliten tumrap dhasaripun wujud religiusitas Islam ing Sekar Bugie Album Kelayung-layung menika ngginakaken kertu data. Kertu data dipundamel saderengipun mirengaken Kaset CD sekar Bugie Album Kelayung-layung. Kertu data kasebat saged dipuntingali kados wonten ing ngandhap menika. Tabel 1. Data Dhasaripun Wujud Religiusitas Islam ing Cakepan Sekar Bugie Album Kelayung-layung Miturut Al-Qur’an utawi Hadits. No. Irah- irahan Sekar Wujud Religiusitas Islam Ayat wonten Al-Qur’an utawi Dalil wonten Hadits Kat.

1. 2.

3. Anggenipun ngempalaken data menika ngginakaken piranti-piranti panyengkuyung sanesipun, kadosta Laptop, kaset CD, buku, saha ballpoint.

E. Caranipun Nganalisis Data

Panaliti anggenipun nganalisis data wonten ing panaliten menika ngginakaken cara analisis deskriptif. Analisis deskriptif dipuntindakaken kanthi cara manggihaken dhasaripun wujud religiusitas Islam wonten ing cakepan Sekar Bugie Album Kelayung-layung wonten salebeting Al-Qur’an utawi Hadits. Lajeng kaandharaken langkung rijit malih wonten ing pirembagan. Tata caranipun analisis deskriptif wonten ing panaliten menika, karantam wonten ing urut-urutan: 1. maringi tandha dhumateng cakepan sekar Bugie Album Kelayung-layung ingkang gayut kalihan wujud religiusitas Islam, 2. manggihaken dhasaripun wujud religiusitas Islam, ingkang sepisan manggihaken wonten ing Al-Qur’an, manawi boten kapanggihaken lajeng manggihaken wonten Hadits, manawi boten kapanggihaken ugi lajeng wonten ijma’ saha qiyas, 3. nindakaken panaliten babagan dhasaripun wujud religiusitas Islam ing cakepan Sekar Bugie Album Kelayung-layung ngginakaken dhasaripun piwulang agami Islam, urut miturut irah-irahan sekar.

F. Caranipun Ngesahaken Data

Wonten panaliten menika, anggenipun ngesahaken data dipuntindakaken mawi uji validitas saha reliabilitas data. Andharanipun saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. 1. Uji Validitas Uji Validitas dipunginakaken kangge mangertosi kados pundi saenipun cara nganalisis data ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken informasi ingkang kaandhut wonten salebeting data. Miturut validitas, keabsahan data dipunpanggihaken kanthi ngginakaken validitas semantik saha nyuwun pirsa dhumateng para ahli. Validitas semantik inggih menika cara kangge ngukur tingkat kesensitifan makna-makna simbolik ingkang gayut kalihan konteks Endraswara, 2003: 164. Wonten babagan menika titikan religiusitas Islam ingkang wonten ing salebeting Sekar Bugie Album Kelayung-layung dipuntegesi miturut konteks cakepanipun. Tuladhanipun cakepan urip kuwi mung mampir ngombe, tembung mampir ngombe dipuntegesi gesang wonten ngalam donya namung sawetawis