Sekar Bugie Album Kelayung-layung
Pangandikanipun Imam Nawawi lumantar Chalil 1955: 206 tegesipun
hadits utawi
sunnah inggih
menika tembung
ingkang dipunginakaken
kangge nyebataken
sedaya perkawis
ingkang boten
dipunandharaken wonten ing Al-Qur’an. Inggih awit minangka andharan saking Al-Qur’an utawi sanes cara anggenipun Nabi dhahar, tilem,
ngendikan, lsp.
Saingga perkawis-perkawis
ingkang boten
wonten andharanipun ing Al-Qur’an badhe dipunandharaken langkung rijit wonten ing
hadits. Pangertosan
sanesipun dipunandharaken
dening Asy-Syathiby
lumantar Chalil 1955: 207 bilih tembung hadits utawi sunnah menika dipunginakaken kangge satunggaling pakaryan utawi tumindak para sahabat
Nabi, inggih awit tumindak menika wonten ing Al-Qur’an menapa boten. Amargi sedaya jinis ngibadah kedah nuladha dhumateng ingkang sampun
dipuncawisaken wonten ing sunnah. Saking andharan ing inggil saged kapanggihaken dudutan bilih
manawi sunnah menika dipunjumbuhaken dados setunggal, pramila wonten hadits utawi sunnah menika kaperang saking sekawan werni. Inggih menika
pangandikan, tumindak, pengakuan, saha sunnah saking sahabat Nabi utawi khulafa urrasyidin. Khulafa urrasyidin inggih menika wakil-wakil utawi
khalifah ingkang
leres saha
lurus, piyambakipun
minangka waris
kepemimpinan Rasulullah
sabibaripun Rasul
seda. Cara
anggenipun nemtokaken khulafa urrasyidin inggih kanthi syura’ wawan rembug.
Khulafa urrasyidin kaperang saking Abu Bakar, Umar, Utsman, saha Ali.
Dhasar tata cara agami Islam ingkang kaping tiga inggih menika ijma’. Ijma’ miturut Chalil 1955: 317 inggih menika pasarujukan saking para
ulama ahli ijtihad saking umatipun Nabi Muhammad sasampunipun sedanipun Nabi Muhammad wonten ing satunggaling wekdal kangge perkawis menapa
kemawon. Para ulama ndadosaken ijma’ minangka hujjah ingkang kedah dipunbekteni
sasampunipun Al-Qur’an
saha hadits.
Kados ingkang
dipunandharaken wonten ing ayat menika: “Mengkono uga sira para ummat Muhammad padha Ingsun dadekake umat pilihan, supaya ing besuk sira
padha neksenana marang manungsa.” Al-Baqarah: 143 Ijma’ menika umumipun dipunginakaken kangge satunggaling
perkawis ingkang nalika semanten ing jamanipun Nabi dereng wonten. Tuladhanipun tiyang Islam ingkang ngucapaken sugeng dinten Natal
dhumateng tiyang Kristen. Ijma’ menika lumampah kangge sedaya umat Islam salajengipun Nabi Muhammad dumugi wontenipun ijma’ enggal ingkang
nggantos ijma’ ingkang dangu. Tiyang ingkang saged dados ulama ahli ijma’ kedah mumpuni sarat-sarat tartamtu, tuladhanipun mangertos tafsir Al-
Qur’an, mangertos hadits, mangertos basa Arab, saha sanes-sanesipun. Saged kapundhut dudutan bilih ijma’ inggih menika pasarujukan para ulama ingkang
minangka hukum Islam sabibaripun Al-Qur’an saha hadits. Hukum Islam ingkang angka sekawan inggih menika qiyas. Miturut
Chalil 1955: 340 tegesipun qiyas inggih menika nggayutaken satunggaling perkawis kalihan perkawis sanesipun babagan hukumipun, amargi kekalih
perkawis menika gadhah ‘illat gegayutan ingkang meh kemawon sami,