Panaliten ingkang Jumbuh Dhasar Piwulang Agami Islam

B. Data saha Sumbering Data

Panaliten menika fokus kangge ngudhari babagan dhasaripun wujud religiusitas Islam ing cakepan sekar Bugie Album Kelayung-layung miturut Al-Qur’an utawi Hadits. Data panaliten menika inggih menika wujud religiusitas Islam saha dhasaripun wujud religiusitas Islam ingkang sampun kaserat wonten kertu data. Sumber data panaliten menika inggih menika CD sekar Bugie wonten ing Album Kelayung-layung saha cakepan sekar ingkang sampun dipunsalin saking mirengaken CD-nipun Bugie. Sumber data saking CD sekar Bugie ing Album Kelayung-layung menika arupi sumber data lesan. Anggenipun mirengaken CD-nipun Bugie menika dipuntindakaken kanthi dipunambali, supados data ingkang kapanggihaken estu-estu ajeg. Sekar Bugie ing Album Kelayung-layung menika kaperang saking 11 irah-irahan. 11 irah-irahan sekar menika inggih menika Kelayung-layung Kereto Jowo, Astaghfirullah, Subuh, Rumangsa Dosa, Mampir Ngombe, Al- Ikhlas, Salam, Subhanallah, Ngolat-ngolet, Apa Abote, saha Musyrik. Album menika medal nalika taun 2007. Sekar-sekar menika kapilih minangka sumbering data panaliten amargi sekar menika gadhah tema ingkang religius, ngginakaken basa Jawi, saha cakepan sekaripun ngandharaken religiusitas masarakat Jawi ingkang relevan ing jaman menika.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Data ingkang kapanggihaken wonten panaliten menika inggih menika data lesan, pramila cara ingkang dipunginakaken wonten panaliten menika inggih menika kanti cara simak-catat. Data lesan kasebat inggih menika lagu saking Kaset CD Album Bugie Kelayung-layung. Caranipun ngempalaken data lesan menika inggih kanthi mirengaken kanthi premati CD ingkang dipunputer, lajeng dipuncatet. Salaminipun nyemak sekar menika, panaliti kedah teliti supados data ingkang kapanggihaken estu-estu ajeg. Tata cara anggenipun ngempalaken data, wonten ing panaliten menika inggih menika: 1. mirengaken sekar Bugie Album Kelayung-layung kanthi premati, 2. nyerat cakepan sekar Bugie Album Kelayung-layung saking CD ingkang dipunputer, 3. paring tandha dhateng cakepan sekar Bugie Album Kelayung-layung ingkang gayut kalihan wujud religiusitas Islam, 4. nglebetaken data ingkang awujud religiusitas Islam wonten ing kertu data ingkang sampun dipuncawisaken, 5. manggihaken dhasaripun wujud religiusitas Islam, ingkang sepisan manggihaken wonten ing Al-Qur’an, manawi boten kapanggihaken lajeng manggihaken wonten Hadits, manawi boten kapanggihaken ugi lajeng wonten ijma’ saha qiyas.

D. Pirantining Panaliten

Pirantining panaliten inggih menika sedaya piranti ingkang dipunbetahaken kangge neliti sumbering data. Pirantining panaliten tumrap dhasaripun wujud religiusitas Islam ing Sekar Bugie Album Kelayung-layung menika ngginakaken kertu data. Kertu data dipundamel saderengipun