Data saha Sumbering Data Caranipun Ngempalaken Data

wekdal, beda sanget kalihan manawi katandhingaken kalihan pagesangan ing alam akherat. Pagesangan ing alam akherat minangka pagesangan ingkang sajatos, salami-laminipun boten wonten pungkasanipun. Dados mampir ngombe wonten cakepan sekar menika boten dipuntegesi mampir ngunjuk. Pertimbangan ahli inggih menika satunggaling cara kangge manggihaken keabsahan data kanthi nyuwun pirsa dhumateng tiyang ingkang mumpuni wonten bidhangipun. Expert judgement pertimbangan ahli ingkang dipunkajengaken inggih menika dosen pembimbing, inggih Dosen Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Universitas Negeri Yogyakarta. Kejawi menika, panaliti ugi nyuwun pirsa dhumateng tiyang ingkang mangertos babagan Agami Islam, inggih menika ustadz Suhari. 2. Uji Reliabilitas Uji reliabilitas data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika uji reliabilitas intrarater. Reliabilitas menika dipunpanggihaken mawi pengkajian data kanthi dipunambali, dumugi kapanggihaken data ingkang tetep. Data ingkang kapanggihaken lajeng dipunteliti miturut watesaning panaliten. Panaliten menika dipunpungkasi manawi data ingkang kapanggihaken sampun ajeg, saingga trep dipunwastani panaliten ilmiah. 33

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asiling Panaliten

Asiling panaliten menika inggih kangge manggihaken wujud religiusitas Islam wonten salebeting cakepan sekar Bugie ing Album Kelayung-layung saha kangge ngandharaken dhasaripun wujud religiusitas Islam ingkang wonten salebeting sekar Bugie Album Kelayung-layung dipuntingali saking Al-Qur’an utawi Hadits. Wujud religiusitas Islam langkung rumiyin kaserat wonten ing kartu data lajeng dhasaripun wujud religiusitas Islam wonten ing Al-Qur’an utawi Hadits karembag langkung rijit wonten ing pirembagan.

1. Dhasaripun Wujud Religiusitas Islam ing Cakepan Sekar Bugie

Album Kelayung-layung kalihan Al-Qur’an utawi Hadits. Wonten ing sub bab menika badhe kaandharaken tabel data wujud religiusitas Islam wonten salebeting cakepan Sekar Bugie Album Kelayung- layung saha dhasaripun wujud religiusitas Islam ing Cakepan Sekar Bugie Album Kelayung-layung wonten salebeting Al-Qur’an utawi Hadits. Tabel data menika ginanipun kangge nggampilaken panaliti anggenipun nindakaken panaliten salajengipun. Kajawi saking menika tabel data menika ginanipun kangge nggampilaken para maos anggenipun mangertosi kanthi singkat babagan asiling panaliten tumrap dhasaripun wujud religiusitas Islam ing cakepan Sekar Bugie Album Kelayung-layung wonten salebeting Al-Qur’an