Panggaraping paraga Fakta Cerita

17 e. Tahap penyelesaian Konflik sampun nggayuh klimaks dipunparingi parampungan, ketegangandikendorkan. Konflik-konflik sanesipun, sub-subkonflik, utawi konflik-konflik tambahan, menawi wonten, ugi dipunparingi parampungan, cariyos dipunpungkasi. Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas sami-sami kagungan urutan peranganing plot ingkang sami kados ingkang kaandharaken dening teori kasebut.

2. Panggaraping paraga

Paraga saha panggaraping paraga menika dipunbedaaken. Karakter paraga kaandharaken dening Stanton makaten terjemahan Stanton, 1965: 33. Terma ‘karakter’ biasanya dipakai dalam dua konteks. Konteks pertama, karakter merujuk pada individu-individu yang muncul dalam cerita seperti ketika ada orang yang bertanya; “Berapa karakter yang ada dalam cerita itu?”. Konteks kedua, karakter merujuk pada percampuran dari berbagai kepentingan, keinginan, emosi, dan prinsip moral dari individu-individu tersebut seperti yang tampak implisit pada pertanyaan; “Menurutmu, bagaimanakah karakter dalam cerita itu?”. Sarujuk kaliyan pamanggihipun Stanton, Nurgiyantoro 2007: 165- 165 ugi mbedakaken bab paraga kaliyan panggaraping paraga. Ing panaliten menika, bab paraga saha panggaraping paraga sami-sami wigatos satemah sedaya sami-sami dipuntliti, nanging fokus-ipun boten ing bedanipun. Ingkang badhe dipuntandhingaken inggih menika namung paraga protagonis saha 18 antagonis, dene kangge nliti panggaraping paraga, panaliti badhe ngginakaken teorinipun Lukens. Miturut Abrams 1981: 20 lumantar Nurgiyantoro, 2007: 165 paraga inggih menika tiyang ingkang dipunwedalaken ing satunggaling karya naratif, utawi drama, ingkang dening pamaos dipuntegesi kagungan kualitas moral saha kecenderungan tartamtu kados ta menapa ingkang dipunandharaken ing aturing saha menapa ingkang dipuntindakaken ing satunggaling tumindak. Paraga saged dipunbedakaken dados mapinten-pinten adhedhasar sudut pandang pundi paraganipun dipuntingali. Ing cariyos fiksi kangge para lare, pambedaning paraga protagonis saha antagonis langkung cetha amargi cariyos kasebut kagungan gina inggih menika kangge piwulang moral kados menapa ingkang dipuntampilaken dening paraga protagonis Nurgiyantoro, 2007: 226-227. Saking andharan makaten, saged dipuntegesi bilih paraga protagonis inggih menika paraga ingkang mbeta misi kasaenan saha nilai-nilai moral ingkang minangka kosok-wangsulipun paraga antagonis, ingkang biyasanipun mbeta kaawonan utawi kacilakan. Paraga protagonis ugi asring dipundadosaken minangka satriya amargi kagungan padamelan kangge mbetakaken nilai-nilai ingkang dados nilai idealis dening pamaos. Kosok- wangsulipun, paraga antagonis asring dados paraga ingkang dipuntanggepi antipatiboten dipunremeni dening pamaos amargi sipatipun awon. Ngengigi panggaraping paraga, Jones 1968: 33 lumantar Nurgiyantoro, 2007: 165 ngandharaken bilih panggaraping paraga inggih 19 menika gambaran ingkang langkung cetha ngengingi paraga ing satunggaling cariyos. Panggaraping paraga samenika caket sanget kaliyan wataking paraga. Miturut Lukens 2003: 76-78, lumantar Nurgiyantoro, 2013: 231-236 cara ngedalaken wataking paraga saged dipunlampahi mawi tumindak, tetembungan, penampilan, andharan saking paraga sanes, saha pangandaring panganggit. a. Cara tumindak Cara makaten inggih menika cara ngedalaken paraga mawi aksi, tumindak, saha solah bawa ingkang dipuntingalaken dening paraga menika. b. Cara tetembungan Cara tetembungan saged dipuntegesi minangka cara nedahaken wataking paraga mawi solah bawa verbal, mawi tetembungan ingkang dipunaturaken. c. Cara penampilan Cara penampilan saged dipuntegesi minangka cara ngedalaken paraga mawi sedaya perangan ing piyambakipun, saged fisik utawi saged ugi sikap saha solah bawanipun. d. Cara andharan saking paraga sanes Andharan saking paraga sanes minangka satunggaling cara ingkang umum dipunginakaken kangge nggambaraken wataking satunggaling paraga, saged kangge nedahaken solah bawa saha watak ingkang dereng dipunandharaken kanthi cara sanes utawi kangge ngiyataken cara sanes 20 ingkang sampun dipunginakaken, saged solah bawa saha watak positif utawi negatif. e. Cara pangandharing panganggit Cara menika tegesipun jatidiripribadhinipun satunggaling paraga menika sengaja dipungambaraken dening si panganggit mawi cariyos narasi.

3. Latar