Caranipun Ngempalaken Data Pirantosing Panaliten

26 ing Kraton Panjalu ingkang ibukota-nipun inggih menika ing Daha utawi Kediri.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Data kakempalaken ngginaken cara pembacaan terus menerus satemah saged pikantuk data ingkang akurat. Anggenipun ngempalaken data kedah dipunlampahi kanthi permati supados saged manggihaken data ingkang sahih saha valid. Boten mesthi sadaya unsur teks dados data sastra tetandhingan, satemah unsur-unsur ingkang boten gayut saged dipunbucal. Data sastra tetandhingan ugi kedah dipunsarengi kupiya nggayutaken teks setunggal kaliyan sanesipun Endraswara: 2011a: 171. Sasampunipun mangertos objek panaliten kagungan varian, lajeng katindakaken lampah Endraswara, 2011a: 173: a. Unsur tembung ingkang kagungan seratan saha ungel ingkang sami dipunjejeraken. b. Unsur ingkang kagungan teges sami dipunjejeraken. c. Unsur ingkang kagungan konteks sami dipunjejeraken. Ing panaliten menika, lampah kangge ngempalaken data ingkang dipunginakaken namung lampah b saha lampah c. Lampahipun kaginakaken mliginipun tumrap fakta cerita ing Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas. 27

D. Pirantosing Panaliten

Ing panaliten kualitatif tumrap kajian sastra, ingkang dados pirantosing panaliten inggih menika panaliti piyambak. Panaliti minangka instrumen kunci minangka tiyang ingkang badhe maos satunggaling karya sastra kanthi permati Endraswara, 2013: 5. Kertu data ugi dipunginakaken minangka pirantos ing panaliten menika. Kertu data-nipun inggih menika: Tabel 1. Kertu Data Analisis Tetandhingan Plot No Urutaning Plot Dongeng Dewi Menur Seta No Data Dongeng Keong Emas No Data Analisis Tetandhingan 1 Tahap penyituasian 2 Tahap pemunculan konflik 3 Tahap peningkatan konflik 4 Tahap klimaks 5 Tahap penyelesaian Adhedhasar teori, urutan peranganing plot saking Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas menika sami. Tabel 2. Kertu Data Analisis Tetandhingan Panggaraping Paraga Dongeng Dewi Menur Seta Dongeng Keong Emas Analisis Tetandhingan N o Nama Paraga Paraga Panggaraping Paraga No Data N o Nama Paraga Paraga Panggaraping Paraga No Data P P P A Watak Kalenggahan P P P A Watak Kalenggahan PP : Paraga Protagonis PA : Paraga Antagonis 28 Ing bab gegaraning teori sampun dipunsebutaken bilih ingkang badhe dipuntandhingaken inggih menika namung paraga protagonis saha antagonis. Tabel 3. Kertu Data Analisis Tetandhingan Latar Dongeng Dewi Menur Seta Dongeng Keong Emas Analisis Tetandhingan No Latar Papan Latar Wekdal Latar Sosial No Data No Latar Papan Latar Wekdal Latar Sosial No Data Kados sampun ingkang dipunsebutaken ing gegaraning teori, ing panaliten menika lataring cariyos boten dipunwatesi tumrap paraga tartamtu kemawon, ananging tumrap sedaya paraga.

E. Caranipun Analisis Data