24
BAB III CARA PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Panaliten menika minangka panaliten kualitatif. Miturut Endraswara 2013: 5, ingkang paling jumbuh tumrap fenomena sastra inggih menika
panaliten kualitatif. Dados panaliten menika minangka panaliten kualitatif tumrap sastra tetandhingan.
Damono 2005: 2 ngandharaken sastra tetandhingan inggih menika pendekatan ing ngelmu sastra ingkang boten ngasilaken teori piyambak. Teori
menapa kemawon saged dipunginakaken ing panaliten sastra tetandhingan, jumbuh kaliyan objek saha ancasing panaliten. Cara tetandhingan inggih
menika cara ingkang utami ing panaliten sastra tetandhingan. Ing panaliten menika, tetandhingan minangka cara ingkang utami,
kangge pendekatan dipunginakaken pendekatan motif, dene teori ingkang dipunginakaken dipunjumbuhaken kaliyan objek-ipun inggih menika Dongeng
Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas. Tetandhingan ingkang dipuntliti
inggih menika
bab fakta
cerita, satemah
teori ingkang
dipunginakaken wonten gayutanipun kaliyan fakta cerita.
B. Data saha Sumber Data
Data ing panaliten inggih menika fakta cerita: plot, panggaraping paraga, saha latar saking Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong
25 Emas. Dene sumber data-nipun wonten kalih, inggih menika Dongeng Dewi
Menur Seta saha Dongeng Keong Emas. Dongeng Dewi Menur Seta inggih menika dongeng kangge para lare
ingkang dipunanggit dening Mas Hardjawiraga, terbitan saking Departemen Pendidikan dan Kebudayaan taun 1978 minangka Proyek Penerbitan Buku
Bacaan dan Sastra Indonesia dan Daerah. Dongengipun awujud tembang macapat mawi basa Jawi enggal ingkang kandelipun 28 kaca. Boten
dipunsebutaken wujud aslinipun kaserat mawi aksara Jawa, aksara Jawi, menapa sanesipun, namung dipunsebutaken ing kaca ngajeng bilih ingkang
ngalihaksaraaken dhateng aksara latin saha ingkang damel ringkesan mawi basa Indonesia inggih menika A. Hendrato.
Dongeng Keong Emas inggih menika cariyos rakyat anggitanipun Tira Ikranegara terbitan saking “Serba Jaya” taun 2008, ingkang kaserat minangka
Cerita Rakyat Dongeng Pengantar Tidur ing genre fiksi mawi basa Indonesia saha dipunjangkepi ilustrasi. Dongeng menika sajatosipun satunggaling
dongeng ingkang kaserat sareng kaliyan 6 dongeng sanes ing satunggaling kempalaning dongeng.
Dongeng Keong Emas sajatosipun inggih menika tradhisi lesan ingkang sipatipun sampun umum, satemah kathah tiyang ingkang sampun
nyariosaken ambal. Dongeng Keong Emas menika dipuncariyosaken ambal dening Emha Yudhistira Kandelipun inggih menika 33 kaca. Ing purwakaning
dongeng kaserat sakedhik ngengingi sujarahing Kraton Panjalu, Jawi Wetan. Samenika kangge nggambaraken mulabukaning cariyos ingkang mudhut latar
26 ing Kraton Panjalu ingkang ibukota-nipun inggih menika ing Daha utawi
Kediri.
C. Caranipun Ngempalaken Data