6 2. Babagan panggaraping paraga menapa kemawon ingkang sami saha beda
ing Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas? 3. Perangan latar menapa kemawon ingkang sami saha beda ing Dongeng
Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas? 4. Menapa sesambetan antawisipun Dongeng Dewi Menur Seta saha
Dongeng Keong Emas?
E. Ancasing Panaliten
Panaliten menika gadhah ancas ingkang jumbuh kaliyas wosing perkawis, inggih menika:
1. Ngandharaken perangan plot ingkang sami saha beda ing Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas.
2. Ngandharaken babagan panggaraping paraga ingkang sami saha beda ing Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas.
3. Ngandharaken perangan latar ingkang sami saha beda ing Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas.
4. Ngandharaken sesambetan antawisipun Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas.
F. Paedahing Panaliten
Panaliten menika gadhah kalih paedah inggih menika paedah teoritis saha paedah praktis. Paedah teoritis panaliten inggih menika dipunkajengaken
7 saged paring seserepan wonten ing babagan sastra, mliginipun babagan sastra
tetandhingan fakta cerita plot, panggaraping paraga, saha latar satemah saged suka kawruh wonten ing pangrembakaning teori sastra. Paedah praktis
saking panaliten inggih menika dipunkajengaken saged paring pangertosan ngengingi tetandhingan fakta cerita plot, panggaraping paraga, saha latar
wonten ing Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas, satemah saged ugi dipunginakaken kangge referensi ing panaliten sastra tetandhingan
salajengipun.
G. Tetembungan ingkang Mirunggan
1. Sastra tetandhingan inggih menika seserepan tumrap sastra ingkang nyinaoni babagan sesambetan sesamining sastra saha tetandingan sastra
kaliyan bidang sanes Endraswara, 2013: 128. 2. Fiksi inggih menika minangka prosa naratif ingkang asipat imajinatif,
nanging biyasanipun saged dipuntegesi nalar saha ngewrat kaleresan ingkang kajumbuhaken mawi dramatis tumrap sesambetan antawisipun
manungsa Altenbrend saha Lewis, 1996: 14 lumantar Nurgiyantoro, 2007: 2-3.
3. Puisi naratif inggih menika puisi ingkang ngewrat cariyos, utawi kosok- walinipun
cariyos ingkang
dipunwedharaken mawi
cara puisi
Nurgiyantoro, 2013: 27.
8 4. Dongeng inggih menika cariyos prosa rakyat ingkang boten dumados
Danandjaja, 2007: 83. 5. Dongeng Dewi Menur Seta inggih menika dongeng kangge para lare
ingkang dipunanggit
dening Mas
Hardjawiraga, terbitan
saking Departemen Pendidikan dan Kebudayaan taun 1978 minangka Proyek
Penerbitan Buku Bacaan dan Sastra Indonesia dan Daerah. Dongengipun awujud tembang macapat mawi basa Jawi enggal.
6. Dongeng Keong Emas inggih menika cariyos rakyat ingkang dipunsebut minangka “Dongeng Pengantar Tidur”. Dongeng Keong Emas menika
anggitanipun Tira Ikranegara terbitan saking “Serba Jaya” taun 2008, ingkang kaserat mawi basa Indonesia saha dipunjangkepi ilustrasi.
7. Plot inggih menika struktur prastawa ingkang katingal ing urutanipun saha cara ngandharaken maneka prastawa makaten kangge nggayuh efek
emosional saha
efek artistik
tartamtu Abrams,
1981 lumantar
Nurgiyantoro, 2007: 113 8. Panggaraping paraga inggih menika gambaran ingkang langkung cetha
ngengingi paraga ing satunggaling cariyos Jones, 1968: 33 lumantar Nurgiyantoro, 2007: 165.
9. Latar inggih menika satunggaling elemen fiksi ingkang nedhahaken ing pundi saha benjing menapa prastawa ing cariyos dipunlampahi Sayuti,
2000: 126.
9
BAB II GEGARAN TEORI