12 ingkang asipat piyambakan independent invention utawi samisejajar
parallel invention saking motif-motif cariyos ingkang sami, ing papan ingkang beda-beda saha ing wekdal ingkang beda utawi sami.
Sanesipun, miturut Endraswara 2011b: 217, perangan-perangan ingkang sami ing cariyos boten kasababaken dening wekdal pandamelan
ingkang sami menapa gadhah satunggal induk cariyos nanging amargi saben cariyos gadhah kaprigelankemampuan kangge ndamel, saha amargi kebetulan
cariyosipun sami. Ing panaliten menika, sanesipun ngandharaken perangan ingkang sami
saha beda, panaliti ugi badhe ngandharaken sesambetan antawisipun dongeng ngginakaken teori kasebut.
B. Genre Fiksi saha Genre Puisi Naratif
Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas menika kaserat mawi genre ingkang beda. Dongeng Keong Emas kaserat mawi genre fiksi,
dene Dongeng Dewi Menur Seta kaserat mawi genre puisi naratif. Ing panaliten menika, genre ingkang beda boten dados fokus amargi perangan
kasebut namung minangka cara ngandharaken cariyos. Ing panaliten menika, ingkang dados fokus inggih menika fakta cerita.
Miturut Nurgiyantoro 2013: 30, wosing fiksi minangka genre sastra kangge lare inggih menika ngandharaken cariyos khayal ingkang boten
nedhahaken dhateng kaleresan faktual utawi sujarah. Dongeng Keong Emas menika minangka satunggaling sastra kangge lare ingkang mundhut latar ing
13 Kraton Panjalu. Ing purwakaning dongeng, kaserat sakedhik ngengingi
sujarahing Kraton Panjalu, Jawi Wetan. Samenika kangge nggambaraken mulabukaning cariyos ingkang mudhut latar ing Kraton Panjalu ingkang
ibukota-nipun inggih menika ing Daha utawi Kediri. Cariyosipun namung dipundamel kangge sarana lelipur tumrap para masarakat ing jaman kala
rumiyin dumugi masarakat ing jaman samenika. Puisi naratif inggih menika puisi ingkang ngewrat cariyos, utawi
kosok-wangsulipun cariyos ingkang dipunwedharaken mawi cara puisi Nurgiyantoro, 2013: 27. Tradhisi puisi naratif ugi wonten ing Indonesia.
Kathah sanget cariyos lami ingkang dipunwedharaken ing bentuk syair. Tuladhanipun inggih menika cariyos ringgit.
Pamanggih makaten dipunsengkuyung dening Widayat 2011: 47. Ing puisi Jawi tradhisional tembang, wonten wujud-wujud ingkang langkung
caket dhateng narasi, ingkang minangka cariyos sujarah utawi rerentenganing prastawa sujarah, tuladhanipun sastra babad. Sastra babad menika sanesipun
asipat naratif ugi kathah ingkang dipunserat mawi bentuk puisi tradisional Jawi tembang, satemah dados ambigu badhe dipunlebetaken minangka puisi
utawi prosa. Wujuding Dongeng Dewi Menur Seta inggih menika tembang,
nanging ing tembang menika ngewrat cariyos ingkang kagungan unsur-unsur kados fiksi, satemah dongeng menika saged dipunlebetaken ing genre puisi
naratif. Pramila, Dongeng Dewi Menur Seta saged dipuntliti ngginakaken unsur-unsur fiksi.
14
C. Dongeng 1. Pangertosanipun dongeng