Panaliten ingkang Gayut GEGARAN TEORI

21 c. Latar sosial inggih menika gambaraning status ingkang nedhahaken hakikat satunggaling tiyang utawi mapinten-pinten tiyang ing masarakat ing sakiwa-tengenipun. Statusipun ing pagesangan sosial saged dipunlebetaken miturut indhak-indhakanipun, kados ta latar sosial andhap, latar sosial madya, saha latar sosial inggil. Perangan latar ingkang badhe dipuntandhingaken inggih menika perangan latar papan, latar wekdal, saha latar sosial.Ing panaliten menika lataring cariyos boten dipunwatesi tumrap paraga tartamtu kemawon, ananging tumrap sedaya paraga.

E. Panaliten ingkang Gayut

Panaliten ingkang gayut kaliyan panaliten menika inggih menika: 1. Perbandingan Fakta Cerita Serat Dewaruci dan Suluk Linglung Sunan Kalijaga. Panaliten menika katindakaken dening Pustyadara Pramana Putri ing taun 2013. Ancasing panaliten inggih menika kangge ndheskripsikaken perangan ingkang sami saha beda tumrap Serat Dewaruci saha Suluk Linglung Sunan Kalijaga mawi tetandhingan fakta cerita, inggih menika panggaraping paraga, latar, saha alur. Asiling panaliten inggih menika: 1 wonten perangan ingkang sami saha beda ing kedudukan, sipat, saha wataking paraga utami ing cariyos, 2 wonten perangan ingkang sami ing latar cariyos, 3 wonten perangan ingkang sami saha beda ing alur cariyos. 22 Panaliten menika gayut kaliyan panalitenipun Pustyadara Pramana Putri amargi sami-sami nliti bab sastra tetandhingan. Sanesipun, wonten ancas ingkang sami, inggih menika sami-sami pados perangan ingkang sami saha beda saking kalih cariyos ingkang dipuntandhingaken. Bedanipun panaliten menika kaliyan panalitenipun Pustyadara Pramana Putri inggih menika objekipun. Sanajan ta sami-sami ngginakaken cariyos ingkang awujud tembang, irah-irahan objek ingkang dipunpundhut beda. 2. Perbandingan Alur, Latar, dan Amanat antara Dongeng Kêţèk lan Koera karya M. Sastradiardja dengan Dongeng Kera dan Kura-Kura karya Ajip Rosidi. Panaliten menika katindakaken dening dening Sinta Elistasari ing taun 2013. Ancasing panaliten menika inggih menika kangge ndheskripsikaken perangan ingkang sami saha beda tumrap alur, latar, saha amanat ing Dongeng Kêţèk lan Koera karya M. Sastradiardja kaliyan Dongeng Kera dan Kura-Kura anggitanipun Ajip Rosidi. Asiling panaliten inggih menika wonten perangan ingkang sami saha beda tumrap alur, latar, saha amanat ingkang kasebabaken dening penyebaran, satemah dongeng-dongeng kasebut kalebet monogenesis. Panaliten menika gayut kaliyan panalitenipun Sinta Elistasari amargi sami-sami nliti bab sastra tetandhingan. Sanesipun, wonten ancas ingkang sami, inggih menika sami-sami pados perangan ingkang sami saha beda saking kalih cariyos ingkang dipuntandhingaken. Bedanipun 23 panaliten menika kaliyan panaliten ingkang katindakaken dening Sinta Elistasari inggih menika objekipun. Sanajan ta sami-sami ngginakaken dongeng minangka objekipun, irah-irahan objek ingkang kapundhut beda. 24

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika minangka panaliten kualitatif. Miturut Endraswara 2013: 5, ingkang paling jumbuh tumrap fenomena sastra inggih menika panaliten kualitatif. Dados panaliten menika minangka panaliten kualitatif tumrap sastra tetandhingan. Damono 2005: 2 ngandharaken sastra tetandhingan inggih menika pendekatan ing ngelmu sastra ingkang boten ngasilaken teori piyambak. Teori menapa kemawon saged dipunginakaken ing panaliten sastra tetandhingan, jumbuh kaliyan objek saha ancasing panaliten. Cara tetandhingan inggih menika cara ingkang utami ing panaliten sastra tetandhingan. Ing panaliten menika, tetandhingan minangka cara ingkang utami, kangge pendekatan dipunginakaken pendekatan motif, dene teori ingkang dipunginakaken dipunjumbuhaken kaliyan objek-ipun inggih menika Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas. Tetandhingan ingkang dipuntliti inggih menika bab fakta cerita, satemah teori ingkang dipunginakaken wonten gayutanipun kaliyan fakta cerita.

B. Data saha Sumber Data

Data ing panaliten inggih menika fakta cerita: plot, panggaraping paraga, saha latar saking Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong