Caranipun Analisis Data Caranipun Ngesahaken Data

28 Ing bab gegaraning teori sampun dipunsebutaken bilih ingkang badhe dipuntandhingaken inggih menika namung paraga protagonis saha antagonis. Tabel 3. Kertu Data Analisis Tetandhingan Latar Dongeng Dewi Menur Seta Dongeng Keong Emas Analisis Tetandhingan No Latar Papan Latar Wekdal Latar Sosial No Data No Latar Papan Latar Wekdal Latar Sosial No Data Kados sampun ingkang dipunsebutaken ing gegaraning teori, ing panaliten menika lataring cariyos boten dipunwatesi tumrap paraga tartamtu kemawon, ananging tumrap sedaya paraga.

E. Caranipun Analisis Data

Analisis ingkang dipunginakaken ing panaliten menika inggih menika analisis mawi etik. Analisis mawi etik inggih menika analisis ingkang ndamel nalaring pikir dumugi wontening wos ingkang cetha ngengingi menapa ingkang badhe dipunpadosi Endraswara, 2011a: 178. Dados, analisis mawi etik inggih menika analisis ingkang adhedhasar teori-teori ingkang sampun disusun saderengipun. 1. Lampah kaping pisan ing analisis mawi etik inggih menika nyerat teori minangka dhasar kangge nglampahi analisis data. Ing tahapan menika, panaliti ngempalaken teori ingkang gayut saha dipunginakaken ing panaliten. 2. Data ingkang sampun kakempal ing wujud cathetan dipuntliti malih kanthi cara dipunwaos malih saha dipuntingali kanthi permati, dipunjumbuhaken 29 kaliyan objek panaliten. Ing tahap menika ugi dipuntindakaken reduksi data kangge mbucal data ingkang boten jumbuh kaliyan objek panaliten. 3. Data salajengipun dipunparingi nomor data. 4. Data salajengipun dipungolongaken kanthi dipungayutaken kaliyan teori ingkang sampun dipunsusun saderengipun. 5. Sabibaripun data dipungayutaken kaliyan teori, data ingkang kapanggihaken saking kalih objek panaliten salajengipun dipuntandhingaken. Tetandhingan dipunlampahi kanthi ningali perangan ingkang sami saha beda saking kalih objek panaliten menika lajeng dipunandharaken. 6. Sabibaripun data dipuntandhingaken, salajengipun katindakaken analisis kangge manggihaken sesambetan antawisipun objek panaliten. 7. Salajengipun, katindakaken pamundhuting dudutan asiling panaliten inggih menika kanthi ngandharaken perangan ingkang sami saha beda saking objek panaliten saha sesambetan antawisipun objek panaliten.

F. Caranipun Ngesahaken Data

Validitas ing panaliten menika ngginakaken validitas semantis. Validitas semantis inggih menika validitas kanthi ngukur tingkat kesensitifan teges simbolik ingkang gayut kaliyan konteks. Pangukuring teges simbolik kagayutaken kaliyan konteks sastra saha konsep utawi konstruk analisis Endraswara, 2013: 164. Dados validitas semantis dipunlampahi kanthi 30 negesi data gayut kaliyan konteks-ipun. Data ingkang asring kapanggihaken dipuntingali konsistensi-nipun. Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika ketekunan pengamatan saha pencatatan. Pamaosan ingkang permati saged mangaribawani ing wekdal pados teges satemah saged ngasilaken teges kanthi ajeg Endraswara, 2013: 165. Ing panaliten menika, Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas dipunwaos wola-wali satemah pikantuk data ingkang lereskonsisten. 31

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN