10
Lindri
Lindri adang telung kathi Lawuhe bothok teri
Njur dipenet-net Njur diemplok-plok
Ya mak telep-lep Pacak gulu janggreng
Adhuh yayi sendhal pancing
Kembang Jambu
Kembang jambu karuk lintang rina jare esuk
jenang tela gethuk omah jaga aran cakruk
pitik mabur kuwi manuk
Gajah-Gajah
Gajah-gajah, kowe takkandhani jah Mata kaya laron kuping ilir amba-amba
Kathik nganggo tlale Buntut cilik tansah kopat-kapit
Sikil kaya bumbung Sasolahmu megang-megung
Te Kate Dipanah
Te kate dipanah Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk ondhe-ondhe Bok sri bombok bok sri kate
E, Dhayohe Teka
E, dhayohe teka, e, gelarna klasa E, klasane bedhah, e, tambalen jadah
E, jadahe mambu, e, pakakna asu E, asune mati, e, cemplungna kali
E, kaline banjir, e, kelekna pinggir
11
Paman Guyang Jaran
Paman guyang jaran, e e ana apa Ngriku wau wonten popok beruk keli, e ora ana
Nggonku neng kene wus suwe Tan ana suket kumledhang
Amung wong kang ngguyang sapi Takonana ya dhuk
Manawa uninga
Mbok Uwi
Mbok uwi rujak nanas Kumpul-kumpul aneng gelas
Ya bapak ya ndara Adhem panas rasane
Wong ngombe upas Mas sinangkling suwasa inten berlean
Kil-kil, kil methakil Cagak awak jare sikil
Sepuran
Sinten nunggang sepur lunga nyang Kediri Wong niki sepur dhur bayare setali
Sapa trima nggonceng konangan kondhektur Yen didhendha kenceng napa boten kojur
Sinten nunggang sepur lunga dhateng Nganjuk Sinten pengin makmur aja seneng umuk.
Jamuran
Jamuran ya gegethok Jamur apa ya gegethok
Jamur gajih brejijih saara-ara Sira badhe jamur apa?
12
Menthog Menthog
Menthog-menthog, takkandhani Mung rupamu angisin-isini,
Mbok ya aja ngetok Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok Ora nyambut gawe
Menthog-menthog, mung lakumu Megal-megol gawe guyu
Irisan Tela
Ris irisan tela la la la Madu sari ri ri ri
Manuke podhang unine kuk angkukan Unine kuk angkukan, unine kuk angkukan
Rujak Nanas
Mbok uwi rujak nanas Kampul kampul aneng gelas
Ya bapak ya ndara Adhem panas rasane wong ngombe upas
Oas mas sinangkling suwasa inten barleyan Kil kil kil methakil
Cagak awak jare sikil
Sluku Bathok
Sluku sluku bathok, bathoke ela elo Si rama menyang kutha, leh olehe payung mutha
Mak jenthit lololobah, wong mati ora obah Yen obah medeni bocah, yen urip goleka dhuwit
Buta Galak
Buta buta galak, solahe lunjak-lunjak Ngadeg jingklak-jingklak, nungkak kanca nuli nandhak
Ngadeg bali maneh, rupane ting celoneh Iku buron aneh dak sengguh buron kang remeh
La wong kowe we we sing marah-marahi
13 La wong kowe we we sing marah-marahi
Hi hi aku wedi, ayo kanca ngajak bali Kae lo kae lo mripati plerak-plerok rok rok
Kae lo kae lo kulite ambengkerok rok rok Ya kulite ambengkerok
Kidang Talun
Kidang talun mangan kacang talun Mil kethemil mil kethemil
Si kidang mangan lembayung
Tikus Pithi
Tikus pithi duwe anak siji Cit cit cuwit, cit cit cuwit
Si tikus mangani pari
Gajah Belang
Gajah Belang saka Tanah Plembang Nuk renggunuk, nuk renggunuk
Gedhemu meh padha gunung
Sar Sur Kulonan
Sar sur kulonan, mak mak gemake rete te Dak uyake rete te, dak uyake rete te
Yen kecandhak dadi gawe Musuh mesthi mati, musuh mesthi mati
Dak bedhile mimis wesi Mong mong jlegur, mong mong jlegur
Suwe Ora Jamu
Suwe ora jamu Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu Ketemu pisan gawe gela
14 Suwe ora jamu
Jamu godhong keningkir Suwe ora ketemu
Ketemu pisan dadi pikir
Gethuk
Sore-sore padhang bulan Ayo kanca padha dolanan
Rene-rene bebarengan Rame-rame e do gegojekan
Kae-kae rembulane Yen disawang kok ngawe-awe
Kaya-kaya ngelingake Kanca-kanca ja turu sore-sore
Gethuk asale saka tela Mata ngantuk iku tambane apa
Gethuk asale saka tela Yen ra mathuk atine rada gela
Ja ngono mas aja-aja ngono Kadung janji mas
Aku mengko gela
Gambang Suling
Gambang suling ngumandhang swarane Thulat-thulit kepenak unine
Unine mung nrenyuhake bareng lan kentrung Ketipung suling sigrak kendhangane
Ilir Ilir
Ilir-ilir ilir-ilir tandure wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
15 dodotira kumitir bedhah ing pinggir
domdomana jrumatana kanggo seba mengko sore
mumpung padhang rembulane mumpung jembar kalangane
ya surak asurak hiyo.
Gugur Gunung
Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyaning praja Kono-kene kono-kene gugur gunung tandang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane Lila lan legawa kanggo mulyaning negara
Siji loro telu papat bareng maju papat-papat Diulang-ulungake murih enggal rampunge
Holopis kuntul baris holopis kuntul baris Holopis kuntul baris holopis kuntul baris
Wajibe Dadi Murid
Wajibe dadi murid Ora kena pijer pamit
Kejaba yen lara, lara tenanan Ra kena ethok-ethokan
Yen wis mari bali neng pamulangan Ja nganti mbolos-bolosan
Mundhak dadi bocah bodho Plenga-plengo kaya kebo
Gula Klapa
Gula klapa abang putih sang dwi warna Gula klapa pralambang negara kita
Watak kendel kulinakna budi asor singkirana Gula klapa dadi srana manunggaling nusantara
Gula klapa abang putih sang dwi warna Gula klapa iku minangka pratandha
Sagung rakyat Indonesia tunggal sipat rasa karsa Adhedhasar Pancasila ayem tentrem warga bangsa
16
Dhendheng Kenthing
Dhendheng kenthing thing Sambel lonthang thang
Kakang mendhak yen mendhak ulung-ulungan Jenang telaka gendhis mawi kalapa, aoa
Caosena temanten krenteg kawula Benguk wana kecipir wungu kembange, aoe
Rowa rawe temanten ketemu sore.
Kembang Blimbing
Kembang blimbing bing maya maya ya Kembang pelem wujude ingklik ketela
Kembang kacang lan kara padha kupune lha kae Kembang pring blas-blasan kaya carange
Kembang jambu lan randhu metu karuke lha kae Dhasar blanggreng si kopi pamacakira
Jago Kluruk
Ing wayah esuk, jagone kluruk Rame swarane pating kemruyuk
Wadhuh senenge sedulur tani Bebarengan padha nandur pari
Srengenge nyunar kulon prenahe Manuke ngoceh ana wit-witan
Pating cemruwit rame swarane Tambah asri donya saisine
Lesung Jumengglung
Lesung jumengglung Sru imbal-imbalan
Lesung jumengglung Manengker mangungkung
Ngumandhang ngebegi Sajroning padesan
Thok thok thek thok thok gung Thok thok thek thok thek thok gung
17 Thok thok thek thok thok gung
Thok thok thek thok thek thok gung Lumbung Desa
Lumbung desa pra tani padha makarya Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu
Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang
Padhang Bulan
Padhang bulan ing pesisir Banyuwangi Kinclong-kinclong segarane kaya kaca
Lanang wadon bebarengan suka-suka
Eling-eling yo padha elinga Perjuangan patang puluh lima
Perjuangan rakyat Indonesia
Wisata Kutha
Kutha Bondowoso mas misuwur tapene, Cak cak Surabaya ja lali rujak cingure,
Timbang bali nglenthung wingka Babad luwung, Mojokerto jipang wedang angsle asli Malang,
Njajah desa milang kori nggoleki condhonging ati, Brem kutha Mediun kripik Trenggalek tamba gumun,
Kediri tahu takwane yen Nganjuk kondhang angine. Kutha Ponorogo mas, misuwur reoge
Cak-cak Surabaya jo lali mbarek ludruke Empun kesusu kondur mirsanana sandur
Wayang topeng dhalang saking Madura sampun kondhang Njajah desa milang kori nggoleki condhonge ati
E, seni gambus misri Jombang gandrung Banyuwangi Pandaan sendra tarine yen Nganjuk kondhang kledheke
Witing Klapa
Witing klapa jawata ing ngarsa pada Salugune wong wanita
Pancen nyata kula sampun jajah praja Ing Ngayoja Surakarta
18
Cep Menenga Ki Narto Sabdo
19
Praon
Ki Narto Sabdo
20
Swara Suling
Ki Narto Sabdo
Bocah Gunung
Nadyan aku bocah gunung Doh banget dunungku
Ora usah ndadak nganggo bingung Yen ta pancen tresna aku
Pancen isih dadi lakon Ninggalke sliramu
Ra orane yen bakal kelakon Pepisahan karo aku
Muga-muga aja nganti gawe gela Nga dinunga tinebehna ing rubeda
Yola y mas – yomas yomas Apa kowe ra kelingan
Dalan nang omahku Ana latar padha lelungguhan
Geguyonan karo aku
21
BAB III TEMBANG MACAPAT