TEMBANG MASKUMAMBANG Diktat Seni Tembang 1

33

BAB V TEMBANG MASKUMAMBANG

Tembang maskumambang mempunyai arti demikian: mas berarti logam mulia, kumambang berarti terapung. Tafsir tembang ini mengandung makna bahwa kehidupan harus berakhir dengan keberuntungan. Oleh karenanya manusia diharap untuk berbuat baik semulia emas. Contoh tembang Maskumambang beserta guru lagu dan guru wilangannya: Jayeng sari yata angandika aris, 12 i Aduh ariningwang, 6 a Adat temen sira iki, 8 i Yen nangis banjur kantaka, 8 a Maskumambang Maliwis Putih 34 Maskumambang Gathutkaca Gandrung Gereng-gereng Gathutkaca sru manangis Sambatira melas arsa Luhnya marawayan mili Gung tinameng astanira Maskumambang Bapa Biyung Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur, myang sanak, kalamun wuruk tan becik nora pantes yen den-nut-a. Apan kaya mangkono watekan iki, sanadyan wong tuwa, yen duwe watek tan becik, nora pantes yen den-nut-a. Aja sira niru tindak kang tan becik, nadyan tan wong liya, lamun pamuruke becik, miwah tindake prayoga. Iku pantes sira tiruwa tan kaki, miwah bapa biyung, wewuruk watekan becik, iku kaki estokena. Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing donya tuwin akhir, tan wurung kasurang-surang. Maratani mring anak pituning wuri, den padha prayitna, aja nana kumawani, ing bapa tanapi biyung. Ana uga etang-etangane kaki, lelima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima punika. Ingkang dhingin rama ibu kaping kalih, mara-tuwa lanang, wadon kang kaping tri, ya marang sadulur tuwa. Kaping pate marang ing guru sayekti, sembah kaping lima, marang ing gustinireki, parincine kawruhana. Pramilane rama ibu den-bekteni, kinarya jalaran, ananging badan puniki, wineruhken padhang hawa. Uripe pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing batin saking Hyang Widdhi, mulane wajib disembah. Pan kinarsakaken ing Hyang Kang Linuwih, kinarya jalaran, aneng ing donya puniki, weruh ing becik lan ala. Saking rama ibu margane udani, mila mara-tuwa, lanang wadon den-bekteni, aweh rasa ingkang nyata. 35 Sajatine rasa kang mencarken wiji, sembah kaping tiga, mring sadulur tuwa ugi, milane sadulur tuwa. Pan sinembah gegentining ramaneki, pan sirnaning bapa, sadulur tuwa gumanti, ingkang pantes sira tut-a. Ing sawarah wuruke ingkang prayogi, sembah kang kaping pat, ya marang guru sayekti, marmane guru sinembah. Kang atuduh marang sampurnaning urip, tumekeng antaka, madhangken petenging ati, ambenerken marga mulya. Wong duraka ing guru abot pribadi, pramila proyoga, minta asih siyang latri, ywa nganti suda sihira. Kaping lima dununging sembah puniki, mring Gusti kang murba, ing pati kalwan urip, miwah sandhang lawan pangan. Wong ing donya wajib anuta ing Gusti, lawan dipun awas sapratingkahe den-kesthi, aja dumeh wus awirya. Serat Wulangreh Maskumambang Rowang Karuna 36

BAB VI TEMBANG GAMBUH