Indikator Pencapaian Kompetensi Tujuan Pembelajaran
dumunung ing Padukuhan Ngino, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Sleman.
d. Kalimat opini Ukara opini inggih menika ukara ingkang topikipun kalebet pamanggihipun
tiyang ingkang sipatipun subjektif saha dereng tamtu nyata. Tuladha :
Miturut juru kunci Mbah Bergas Ringin Ngino, Priyo Hadi Karsono, tradisi penganten mlampah ngubengi uwit ringing ing Padukuhan Ngino dipun
tindakaken wiwit jamanipun nenek moyang. e. Tanggapan Pawarta
Tanggapan sawijing pawarta bisa wujud pratelan lisan utawi tulisan kanthi ancas kanggo njlentrehaken panemu babagan apa kang mentas dirungu utawa
diwaca. Aweh tanggapan utawa nanggapi pawarta ateges nelakake panemu gegayutan karo pawarta kang dirungokake utawa diwaca. Sawise mangerteni pokok-pokok isi
pawarta banjur bisa aweh tanggapan marang isi pawarta kang disemak utawa diwaca. Dideleng saka isine, tanggapan isi pawarta bisa nuduhake pranyatan kang nelakake
sarujuk, ora sarujuk, aweh panyaruwe kritikan, muwuhi panemu utawa asung pamrayoga gegayutan isining pawarta.
Supaya bisa ngandharake tanggapan kanthi becik, kudu migateke menawa : 1. Tanggapan kudu laras karo isi pawarta.
2. Aweh tanggapan kudu apa anane obyektif. 3. Ngandharake tanggapan kudu sinartan pawadan alasan.
4. Senajan ora sarujuk, aja nganti nyalahake panemune wong liya. Aja nganti duwe panganggep menawa panemune dhewe kang paling bener.
5. Migunakake basa kang alus lan sopan. 6. Migunakake basa kang ringkes nanging cetha lan gampang dimangerteni
liyan. Titikane Ciri-cirine tanggapan kang becik, yaiku :
1. Tanggapan mujudake pranyatanpratelan. 2. Wujud lesan utawa tulisan.
3. Duwe ancas kanggo njlentrehake sawijining bab kang sadurunge dikandhakake dening wong
4. Tanggapan kang dipratelakake ora ngremehake panemune wong liya. 5. Tanggapan dikantheni pawadan.