Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
Pak Bagyo : “Ya kana Sajroning Naura menyang kolah, Pak Bagyo nerusake
anggone ngendikan. Pak Bagyo
: “Ya kaya mangkono iku patrape menawa arep nyuwun idin nuduhake
rasa urmat marang wong sing disuwuni idin. Mlaku, lungguh, omong, iku kabeh kudu nganggo tata krama ora
let suwe Naura mlebu maneh banjur matur marang Pak Bagyo.
Naura : “Sampun, Pak matur nuwun”
Pak Bagyo : “iya padha-padha Pak Bagyo karo manthuk-manthuk
Naura alon-alon minger banjur lungguh ing papane. Pak Prasetyo nerusake pangandikane.
Pak Bagyo : “Bocah-bocah, patrape Naura mau iku becik, dadi sadurunge lan
sawise nindakake perlune kudu matur, ora lali ngaturake panuwun marang sing maringi idin. Bocah-bocah kudu kulina matur terus
terang, yen kepengin menyang kolah aja diampet mundhak lara wetenge. Bocah-bocah banjur mangerti yen patrape lan ature
Naura iku becik, pantes diconto.
Piwulang budi pekerti: 1. Bocah-bocah kudu kulina matur terus terang marang sapa wae
2. Sadurunge lan yen wis rampung perlune kudu matur lan ngaturake panuwun
3. Tata krama sing becik bisa gawe tentreming pikir sing nyawang lan sing nglakoni
4. Yen arep matur karo guru migunakake basa krama sing becik lan patrap sing apik
5. Nggatekake kabeh sing dingendikakake guru.
Unggah-ungguh nyuwun idi ninggalake kelas
Wonten ing kelas, nalika pamulangan Sari badhe nyuwun idin ninggalake pelajaran amargi badhe ndherek lomba nari. Sari banjur matur dhateng Pak
Prasetyo. Sari ngacungke tangan, lajeng majeng saha matur kanthi alon nanging cetha.
Sari
: “Nuwun sewu, Pak. Nyuwun pangapunten, kula badhe nyuwun idi
palilah ndherek lomba nari wonten ing Balai Pamungkas.”
Pak Prasetyo : “O ya kana. Matur neng piketan ya, yen arep ninggalke kelas.
Kudu ana surat
idine.” Sari
: “Nggih Pak, maturnuwun. Nyuwun pamit.” Pak Prasetyo
: “Ati-ati ya Ndhuk, muga-muga lancar.” Sari banjur salaman lan metu saka kelas.