Kegiatan Penutup 10 menit Sumber Belajar
termasuk pujian dalam teks percakapan tersebut.
C1
7. Siswa dapat
menyebutkan kalimat yang benar sesuai
unggah-ungguh untuk
a. Badane jejeg, matur alon b. Badane jejeg, tangan ngapurancang, matur alon.
c. Badane radi mbungkuk, mlaku alon, matur alon-alon. d.
Badane radi mbungkuk, mlaku alon, tangan ngapurancang, matur alon.
Gatekna pacelathon ing ngisor iki Ana sangarepe kaca lemari, Ratri tansah umak-umik.Kadhang kala
sirahe melu gela-gelo.Tangane loro melu obah. Kaya wong kang nuduhake. Bu Wasita pirsa polahe Ratri, mesem.
Bu Wasito : “Ratri, taksawang kawit mau, kowe kok
katon umak-umik ing kaca lemari, lagi ngapa? Kok ya nganggo mic barang”.
Ratri : “Bu, kula menika nembe latihan sesorah,
awit minggu ngajeng ing sekolah menika dipunwontenaken lomba sesorah. Lan kula
kepengin sanget tumut lomb a menika”.
Bu Wasita : “Ratri, yen ibu priksani anggonmu sesorah
iku mau wis apik, nanging prayogane anggonmu gladhen luwih mempeng”.
Ratri : “Inggih, Bu nanging kula menika taksih
radi kangelan aggenipun badhe milih-milih tembung ingkang trep tur inggih l
eres, Bu”. Bu Wasita
: “Wis aja sumelang, bapakmu iku wiwit biyen tekan saiki isih pinter sesorah”.
Ratri : “Menawi mekaten, dhawah kaleresan Bu.
Mangke kula badhe nyuwun dipun gladhi kalihan bapak”.
Bu Wasita : “Iya kena wae kowe nyuwun digladhi
bapakmu. Nanging luwih becik yen kowe sinau lan nyoba luwih dhisik. Dadi yen
mengko bapakmu kondur, mung kari mbenerake lan nambah aperlune wae”.
Ratri : “Kasinggihan Bu, ancas kula panci
mekaten, mugi-mugi kemawon bapak enggal kondur saking jakarta nggih, Bu”.
Bu Wasito : “Iya ratri, aku lan kowe kudu tansah
ndedonga muga-muga bapakmu tansah pinaringan keslametan”.
Ratri : “Inggih, Bu”.
6. Ana ing pacelathon ing dhuwur, ukara kang kalebu unggah-ungguh paring pangalembana yaiku...
a. Kasinggihan Bu, ancas kula panci mekaten, mugi-mugi kemawon bapak enggal kondur saking Jakarta nggih, Bu
b. Iya kena wae kowe nyuwun digladhi bapakmu. Nanging luwih becik yen kowe sinau lan nyoba luwih dhisik.