Gemi setiti lan ngati-ati

pindha narmada asat tanpa toya kagubel rasa tresna mring nusa bangsa den sebar wiji sesawi isi kawruh ngelmi pinangka sangu bocah pareden kae Ora krasa tiba ing sapinggiring marga ana kang tuwuh ing lemah cadhas ana kang tumiba ing lemah bera ana kang tuwuh ing lemah loh lan ora sithik kang tuwuh ing eri bebondhotan Sepuluh taun kawuri tansah dadi pangeling-eling ora nyana tan kinira saiki wis ngrembaka bocah desa kae wis bisa nyawang endahing panguripan kang ginadhang Mbokmenawa wengi iki... isih ana tetembungan kang manis bisa rinonce maneh dawane wengi kang atis nggegirisi tanpa swara sela mringis menthelis dadi seksi isih ana wiji sesawi kang nylilit lan nylempit den goleki kanthi ati rinujit-rujit dhuh Gusti... paringana ati kanggo nggurit apa isih ana tembung lungit kang kudu rinakit??? Saptosari, 22 Februari 2015 Kanggo mangerteni utawa paham isi geguritan pancen ora gampang, jer geguritan pancen dudu crita kang tetembungane wantah, nanging tembung-tembunge pilihan, mentes, lan nduweni teges entar. Ana sawetara pituduh kang bisa katindakake murih gampang nintingi geguritan, yaiku: 1. Digatekake irah-irahan utawa judhule. Irah-irahan minangka cendhela kanggo anguk-anguk kayangapa utawa kepriye isine geguritan. Irah-irahan minangka gambaran apa kang diwedharake ing geguritan. 2. Nyoba mangerteni tegese tembung mbaka tembung, kalebu tegese tembung entar, tembung kang tegese ora kaya kang disebutake, nanging nduweni teges beda. Upama, adus kringet, ora ateges adus nganggo kringet nanging nduweni teges nyambutgawe abot. 3. Supaya bisa mangerteni isine geguritan, geguritan kasebut bisa didadekake andharanprosaparafrase luwih dhisik. 4. Geguritan mono mentes, ora mlaha utawa thok leh apa anane, mula kudu digoleki saripathi kang disingatake dening kang nganggit. Digoleki nuli dionceki. Pertemuan Kedua Wangsalan Wangsalan iku unen-unen saemper cangkriman nanging wis ngandhakake batangane senajan ora kanthi melokcetha. 1. Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan tebusan siji. Unen- unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Gatra kang