Dolanan Tradhisional PIWULANG ING SALEBETING DOLANAN TRADHISIONAL ING KARANGANYAR KELURAHAN BRONTOKUSUMAN KECAMATAN MERGANGSAN YOGYAKARTA.

9

B. Dolanan Tradhisional

Dolanan menika saking tembung dhasar dolan pikantuk panambang –an. Wonten ing Baoesastra Djawa seratanipun Poerwadarminto 1939, dolanan tegesipun inggih menika sarana ingkang kangge seneng-seneng tumrap lare-lare utawi barang-barang kangge seneng-seneng. Dolan menika kalebet tembung kriya, lajeng pikantuk panambang –an ndadosaken tembung menika dados tembung aran inggih menika tembung dolanan. Miturut Endraswara 2013: 7 ngandharaken bilih “tradisi adalah aktifitas hidup manusia yang telah berjalan berulang-ulang.” Saking andharan menika saged dipunmangertosi bilih tradhisi menika aktifitas priyantun ingkang dipunlampahi kanthi cara dipunambali kanthi cara continue utawi terus-menerus. Tradhisional tegesipun inggih menika tradhisi utawi adat istiadat ingkang sampun turun-temurun taksih wonten tansah lestantun dumugi samenika. Miturut Dharmamulya 1992: 33, permainan anak tradisional sifatnya turun temurun. Permainan tradisional sudah dimainkan sejak jaman dahulu. Pamanggih menika ngandharaken bilih dolanan tradhisional menika tuwuh utawi sampun wonten awit saking rumiyin. Dolanan tradhisional menika ugi dipuntepang dolanan rakyat. Miturut Yunus 1981: 1, permainan rakyat itu adalah suatu hasil budaya masyarakat, yang berasal dari zaman yang sangat tua, yang telah tumbuh dan hidup hingga sekarang, dengan masyarakat pendukungnya yang terdiri atas tua muda, laki perempuan kaya miskin, rakyat bangsawan tiada bedanya.” Saged dipunpendhet dudutan saking kalih pamanggih menika, dolanan tradhisional inggih menika dolanan rakyat asiling kabudayan awit saking jaman rumiyin lajeng ngrembaka dumugi samenika kangge sedaya masarakat saged 10 kangge priyantun jaler utawi estri. Adatipun wonten ing Indonesia kathah sanget dolanan tradhisional utawi dolanan rakyat, mliginipun wonten ing Jawa. Dolanan tradhisional Jawa sampun tuwuh awit saking rumiyin. Sinten ingkang nemokaken utawi sinten ingkang ndamel dolanan menika sisah dipunpadosi. Amargi dolanan tradhisonal Jawa menika sampun wonten saking jaman rumiyin. Dolanan tradhisional Jawa ugi ngrembaka sareng kaliyan majengipun jaman. Kasunyatanipun saking dolanan tradhisional menika boten luntur budayanipun.

C. Paedah Dolanan Tradhisional