36
dipunperang dados kalih, saged kanthi cara hom pim pah utawi pingsut. Kelompok kedah kerja sama supados saged ngalahaken kelompok setunggalipun.
Ingkang kalebet dolanan kangge setunggal kelompok lawan setunggal kelompok
inggih menika dhingklik oglak-aglik, jek-jekan kaliyan gobak sodhor. C. Caranipun Dolanan Tradhisional
Dolanan tradhisional ingkang maneka warni menika wonten tata caranipun anggenipun dolanan. Tata caranipun dolanan antawisipun dolanan setunggal
kaliyan dolanan sanesipun menika beda-beda. Dolanan tradhisional wonten ingkang saged kangge perorangan, setunggal mungsuh setunggal, utawi kangge
dolanan sesarengan. Adatipun saderengipun dolanan dipunwiwiti lare-lare kedah hompimpah utawi pingsut rumiyin kangge nemtokaken sinten ingkang dados.
Dolanan tradhisional menika kalebet folklor, boten wonten ingkang mangertos sinten ingkang ndamel dolanan tradhisional menika. Dolanan
tradhisional ugi wonten aturan-aturanipun, bab menika ugi boten wonten ingkang mangertos sinten ingkang ndamel aturan kangge dolanan tradhisional.Tata
caranipun dolanan tradhisional wonten ing Karanganyar Kelurahan Brontokusuman Kecamatan Mergangsan Yogyakarta inggih menika :
1. Dolanan Benthik
Dolanan benthik inggih menika salah satunggaling dolanan tradhisional ingkang adatipun kangge lare-lare jaler. Saged kangge dolanan ingg wanci enjing,
siang utawi sonten. Dolanan benthik menika dolanan ingkang mbetahaken pirantos kajeng utawi pring. Kajeng dipunperang dados kalih, ingkang setunggal
dawanipun setunggal kilan, setunggalipun kirang langkung kalih kilan. Dolanan
37
benthik dolananipun wonten ing lapangan, dipunsamektakaken kedhukan ingkang wujudipun huruf “L” ukuranipun sami kaliyan ukuran kajengipun.
Dolanan benthik menika saged kangge dolanan lare cacahipun tiga utawi langkung. Dipunwiwiti kanthi cara hompimpah kaliyan pingsut. Ingkang kalah
kedah dados rumiyin. Caranipun dolanan inggih menika kajeng ingkang alit dipunselehaken wonten ing kedhukan kala wau lajeng dipuntamplek ngginakaken
kajeng ingkang dawa. Menawi saged ingkang dados kedah nangkep kajeng menika. Sasampunipun namplek, kajengipun dawa dipunselehaken wonten ing
kedhukanipun lajeng ingkang dados kedah uncal kajengipun ingkang alit kedah kenging kajeng ingkang dipunselehaken. Menawi saged kenging bal kasti ingkang
dados kedah gantosan.
2. Dolanan Boi-boinan
Dolanan boi-boinan inggih menika dolanan kangge setunggal mungsuh setunggal kelompok. Dolanan boi-boinan menika mbetahaken kalih pirantos
inggih menika kedah nyamektakaken bal kasti kaliyan kreweng. Bal kastinipun cekap setunggal, menawi krewengipun saben lare ingkang dolanan ngempalaken
kalih kreweng. Wiwitanipun dolanan inggih menika hompimpah kaliyan pingsut rumiyin. Ingkang kalah kedah dados njagi krewengipun rumiyin.
Kreweng dipuntumpuk dados setunggal lajeng ingkang menang hompimpah urut mbalangaken bal kasti kedah kenging tumpukan krewengipun
ngantos ambruk. Menawi boten kenging ingkang dados njagi kreweng ingkang uncalipun boten saged nibakaken kreweng. Tumpukan kreweng ingkang kenging
bal kasti ngantos ambruk, ingkang dados kedah ngoyak lajeng mbalang bal kasti
38
ngantos kenging ingkang mlayu. Sinten ingkang kebalang bal kasti kedah gantosan dados. Ingkang boten dados kedah saged numpuk kreweng malih lajeng
sorak-sorak boi-boi. Menawi saged nata tumpukan krewengipun lajeng dipunambali uncal bal kasti malih kados wiwitan kala wau.
3. Dolanan Cublak-cublak suweng