38
ngantos kenging ingkang mlayu. Sinten ingkang kebalang bal kasti kedah gantosan dados. Ingkang boten dados kedah saged numpuk kreweng malih lajeng
sorak-sorak boi-boi. Menawi saged nata tumpukan krewengipun lajeng dipunambali uncal bal kasti malih kados wiwitan kala wau.
3. Dolanan Cublak-cublak suweng
Dolanan cublak-cublak suweng menika kalebet dolanan tradhisional ingkang saged kangge sesarengan, kangge dolanan setunggal mungsung setunggal
kelompok. Dolanan cublak-cublak suweng menika wonten sekar kangge iringanipun. Dolanan cublak-cublak suweng ugi mbetahaken pirantos ingkang
prasaja, inggih menika cekap ngginakaken krikil, godhong, kertas utawi wiji-wiji ingkang alit-alit kados wiji sirsat utawi sirkaya. Cacahipun pirantos kangge
dolanan cublak-cublak suweng cekap setunggal kemawon. Dolanan cublak-cuublak suweng ugi dipunwiwiti kanthi cara hompimpah
kaliyan pingsut. Ingkang kalah kedah dados rumiyin, caranipun inggih menika ingkang kalah pingsut posisinipun kedah kados priyantun sujud. Lajeng lare-lare
ingkang boten dados nembang kangge dolanan cublak-cublak suweng kaliyan astanipun tengen sedaya nemplek gegeripun ingkang dados. Salah satunggal lare
ngubengaken pirantosipun saged acak badhe nyelehaken dhateng astanipun sinten kemawon. Menawi sampun lajeng ingkang dados kedah saged mangertos sinten
ingkang mbekta pirantos ingkang kangge dolanan cublak-cublak suweng, menawi leres ingkang dados mangertos dipunbekta sinten, ingkang dados kedah gantosan
nanging menawi klentu ingkang dados boten dipungantos lajeng kedah dados malih.
39
4. Dolanan Dhakon
Dolanan dhakon inggih menika salah satunggaling dolanan tradhisional ingkang dipunremeni kaliyan lare-lare estri. Dolanan dhakon menika kangge
dolanan setunggal mungsuh setunggal. Pirantosipun wonten kalih inggih menika papan kangge wadhah dolanan dhakon kaliyan kecik. Sanesipun kecik saged
ngangge wiji sirsat utawi nggginakaken wiji sirkaya. Cacahipun wiji kangge pirantos inggih menika 98 wiji. Lajeng dipunlebetaken saben legokan dipunisi 7
wiji. Dolanan dipunwiwiti kanthi cara pingsut, ingkang menang saged mlampah rumiyin.
Tata caranipun inggih menika, kaping setunggal pemain ingkang mlampah rumiyin mendhet kecik saking legokanipun piyambak saged acak mendhetipun
milih. Dipunisiaken arahipun nengen saben legokan dipunisi setunggal-setunggal ngantos samangke boten wonten kecik ing tibaning kecik pungkasan ingkang
dipunpendhet. Menawi sampun boten saged mendhet gantosan mungsuhipun ingkang mlampah caranipun sami. Bilih sampun mlebet sedaya kecikipun ing
sisih kiwa tengenipun lajeng dipunetang ingkang menang inggih menika ingkang langkung kathah ngempalaken kecikipun.
Dolanan menika saged kangge gentosan kaliyan kanca-kanca sanesipun ingkang badhe dolanan. Adatipun ingkang menang lajeng dolanan malih mungsuh
kancanipun ingkang sami-sami menang. Dolanan dhakon menika adatipun kangge dolanan ing wekdal sela, adatipun siang kaliyan sonten. Ingkang remen dolanan
dhakon inggih menika lare-lare estri. Lare-lare jaler adatipun kirang remen kaliyan dolanan menika.
40
5. Dolanan Dhelikan