Piwulang ingkang gegayutan antawis priyantun kaliyan Gusti Allah Piwulang ingkang gegayutan antawis priyantun setunggal kaliyan priyantun sanes utawi masarakat

56 Mergangsan Yogyakarta menika taksih kathah dolanan tradhisional ingkang taksih lestantun. Maneka warni dolanan tradhisional menika ngemot maneka warni piwulang ingkang sae. Piwulang ingkang wonten ing salebeting dolanan tradhisional menika kaperang dados tiga, inggih menika piwulang ingkang gegayutan antawis priyantun kaliyan Gusti Allah, piwulang ingkang gegayutan antawis priyantun setunggal kaliyan priyantun sanes utawi masarakat, piwulang ingkang gegayutan kaliyan pribadinipun piyambak. Tabel 3 :Piwulang ingkang gegayutan antawis priyantun kaliyan Gusti Allah No Piwulang Dolanan Tradhisional 1 Eling a. Benthik b. Egrang c. Layangan 2 Jujur a. Cublak-cublak suweng b. Dhakon c. Dhelikan d. Endhog-endhogan e. Sepak tekong 3 Waspada a. Boi-boinan b. Egrang c. Engklek d. Gobak sodhor e. Jek-jekan f. Oyak matung g. Oyak ndhodhok

1. Piwulang ingkang gegayutan antawis priyantun kaliyan Gusti Allah

Piwulang ing salebeting dolanan tradhisional ingkang gegayutan antawis priyantun kaliyan Gusti Allah inggih menika bab piwulang eling, jujur kaliyan waspada.Bab piwulang ing salebeting dolanan tradhisional wonten ingkang gayut antawis priyantun kaliyan Gusti Allah. Saking andharan pamanggih informan 1 57 ingkang kula wawancara ngandharaken bilih “Ana piwulang sing urusane bab urip sesama manusia, lan ana piwulang sing gayut karo Gusti Allah. Ana neng ilmu agama kuwi biasane disebut hablumminallah hablumminannas” CLW 01. Tuladhanipun dolanan tradhisional ingkang salebetipun wonten piwulangipun eling inggih menika benthik, egrang kaliyan layangan. Dolanan ingkang wonten piwulangipun jujur inggih menika cublak-cublak suweng, dhakon, dhelikan, endhog-endhogan, kaliyan sepak sekong. Bilih dolanan ingkang wonten salebetipun mengku piwulang waspada inggih menika boi-boinan, engklek, egrang, gobak sodhor, jek-jekan, oyak ndhodhok kaliyan oyak matung. Tabel 4 :Piwulang ingkang gegayutan antawis priyantun setunggal kaliyan priyantun sanes utawi masarakat No Piwulang Dolanan Tradhisional 1 Guyub rukun a. Cublak-cublak suweng b. Dhingklik oglak-aglik c. Gamparan d. Jamuran e. Oyak matung f. Oyak ndhodhok 2 Jujur a. Cublak-cublak suweng b. Dhakon c. Dhelikan d. Endhog-endhogan e. Engklek f. Sepak tekong 3 Tetulung a. Boi-boinan b. Dhelikan c. Endhog-endhogan d. Gobak sodhor e. Jek-jekan f. Sepak tekong g. Oyak ndhodhok h. Oyak matung i. 58

2. Piwulang ingkang gegayutan antawis priyantun setunggal kaliyan priyantun sanes utawi masarakat

Piwulang ing salebeting dolanan tradhisional ingkang gegayutan antawis priyantun setunggal kaliyan priyantun sanes utawi masarakat inggih menika guyub rukun, jujur kaliyan tetulung. Priyantun gesang menika mbetahaken priyantun sanes supados saged gesang sesarengan. Kados andharan informan 2 ingkang ngandharake bilih “Budaya iku ngasilke masarakat, awit seka manungsa iku mahluk sosial, mbutuhake wong liya” CLW 02. Saking dolanan tradhisional ugi saged dipunpendhet piwulang kangge priyantun minangka mahluk sosial. Tuladhanipun piwulang ingkang gayut bab priyantun setunggal kaliyan priyantun sanes utawi masarakat inggih menika piwulang guyub rukun, jujur kaliyan tetulung. Dolanan tradhisional ingkang wonten piwulang kangge gesang guyub rukun inggih menika dolanan cublak-cublak suweng, dhingklik oglak aglik, gamparan, jamuran, oyak ndodhok kaliyan oyak matung. Dolanan ingkang wonten piwulangipun supados priyantun gesang menika jujur kaliyan priyantun sanes inggih menika cublak-cublak suweng, dhakon, dhelikan, endhog-endhogan, engklek kaliyan sepak sekong. Menawi dolanan ingkang mengku piwulang tetulung kathah-kathahipun inggih menika dolanan ingkang kangge kelompokan. Tuladhanipun dolanan ingkang wonten piwulangipun remen tetulung inggih menika boi-boinan, dhelikan, endhog- endhogan, gobak sodhor, jek-jekan, sepak sekong, oyak ndhodhok kaliyan oyak matung. 59 Tabel 5 :Piwulang ingkang gayut kaliyan pribadinipun piyambak