Piwulang ingkang gayut kaliyan pribadinipun piyambak

59 Tabel 5 :Piwulang ingkang gayut kaliyan pribadinipun piyambak No Piwulang Dolanan Tradhisional 1 Keterampilan a. Benthik b. Dhakon c. Egrang d. Engklek e. Engkol f. Gamparan g. Layangan h. Mul-mulan i. Nekeran 2 Percaya diri a. Benthik b. Egrang c. Engkol d. Engklek e. Gamparan f. Layangan g. Nekeran 3 Tlatos a. Benthik b. Boi-boinan c. Dhakon d. Egrang e. Endhog-endhogan f. Engkol g. Engklek h. Gamparan i. Gobak sodhor j. Layangan k. Kucing-kucingan l. Mul-mulan m. Nekeran n. Sepak tekong o. Oyak matung p. Oyak ndhodhok

3. Piwulang ingkang gayut kaliyan pribadinipun piyambak

Piwulang ingkang gayut kaliyan pribadipun piyambak inggih menika keterampilan, percaya diri kaliyan tlatos.Dolanan ingkang wonten piwulangipun keterampilan inggih menika benthik, dhakon, egrang, engklek, engkol, gamparan, layangan, mul-mulan kaliyan nekeran. Menawi dolanan ingkang wonten 60 piwulangipun supados saged dados priyantun ingkang percaya diri inggih menika benthik, egrang, engkol, engklek, gamparan, layangan, nekeran. Piwulang tlatos ugi wonten ing salebeting dolanan tradhisional. Tuladhanipun dolanan tradhisional ingkang wonten piwulangipun tlatos inggih menika dolanan benthik, boi-boinan, dhakon, egrang, endhog-endhogan, engkol, engklek, gamparan, gobak sodhor, layangan, kucing-kucingan, mul-mulan, nekeran, sepak tekong, oyak matung kaliyan oyak ndhodhok. Piwulang ing salebeting dolanan tradhisional menika kaperang dados tiga, inggih menika piwulang ingkang gegayutanipun antawis priyantun kaliyan Gusti Allah, piwulang kangge priyantun setunggal kaliyan priyantun sanesipun utawi masarakat, kaliyan piwulang kangge pribadinipun piyambak. Piwulang-piwulang menika kanthi boten langsung saged kangge gladhen lare-lare. Wonten ing salebeting dolanan menika piwulangipun maneka warni. Saged kangge ningkataken iman kaliyan taqwa, dados priyantun ingkang becik supados saged pikantuk ganjaran saking Gusti Allah. Wonten ing salebeting dolanan menika ugi wonten piwulang ingkang saged kangge gesang kaliyan masarakat, piwulangipun bab jujur, tulung tinulung kaliyan guyub rukun. Piwulang kangge pribadinipun piyambak ugi wonten kadosta keterampilan, percaya diri kaliyan tlatos.Piwulang-piwulang menika kagambaraken wonten ing dolanan-dolanan tradhisional ingkang taksih lestantun wonten ing Karanganyar Kelurahan Brontokusuman Kecamatan Mergangsan Yogyakarta. 61 BAB V PANUTUP

A. Dudutan