40
5. Dolanan Dhelikan
Dolanan dhelikan inggih menika dolanan tradhisional ingkang saged kangge dolanan sareng-sareng lare jaler kaliyan lare estri. Dolanan dhelikan
menika boten mbetahaken pirantos namung kedah milih papan ingkang trep kangge dolanan, tuladhanipun wonten ing lapangan utawi wonten ing kebon.
Papanipun ingkang jambar kaliyan saged kangge ndhelik. Dolanan dhelikan menika ugi dipunsebut dolanan jethungan.
Wekdal ingkang sae kangge dolanan dhelikan menika wekdal siyang utawi sonten. Nanging wonten lare-lare ingkang remen dolanan dhelikan ing wekdal
ndalu. Dolananipun ing wekdal ndalu bilih lare-lare enjingipun prei. Dados dolananipun dhelikan wekdal ndalu prei kados ndalu Dinten Setu. Tata caranipun
dolanan inggih menika sinten ingkang kalah hompimpah kaliyan pingsut kedah dados ruumiyin. Ngetang dumugi kanca-kancanipun ndhelik primpen. Ingkang
dados kedah madosi lajeng njepung menawi mangertos kancanipun ingkang konangan ndhelikipun. Menawi saged dipunslametaken ingkang dados kedah
dados malih. Nanging menawi boten saged njepung ingkang dados kedah gantosan ingkang konangan kaping sepisanan.
6. Dolanan Dhingklik oglak-aglik
Dolanan dhingklik oglak-aglik inggih menika dolanan ingkang boten mbetahaken pirantos. Dolanan dingklik oglak-aglik menika kalebet dolanan
ingkang saged kangge dolanan sesarengan nanging kathah-kathahipun cekap lare tiga kemawon. Dolanan dingklik oglak-aglik caranipun inggih menika suku
tengen lare-lare dipuntekuk kados priyantun engklek, lajeng sukunipun
41
dipungathukaken kanthi tumpang-tumpangan. Menawi sampun dipungathukaken lajeng lare-lare mubeng kaliyan nembangaken iringan dolanan dingklik oglak-
aglik. Adatipun boten namung lare tiga dados setunggal kelompok kemawon nanging wonten kancanipun ingkang dolanan sareng ndamel kelompok piyambak
dolanan dingklik oglak-aglik. Menawi dolanan dingklik oglak-aglikipun wonten kathah kelompokipun
lajeng dipundamel aturan menawi wonten kelompok ingkang dhawah rumiyin kedah dipunukum nggendhong kanca-kanca ingkang menang amargi boten
dhawah. Dolanan tradhisional dingklik oglak-aglik menika saenipun kangge dolanan ing wekdal siang utawi sonten. Dolananipun prasaja, boten mbetahaken
pirantos nanging kedah kompak kaliyan kanca-kanca supados boten dhawah.
7. Dolanan Egrang