Dolanan Oyak Matung Dolanan Oyak Ndhodhok

53 kothakanipun. Menawi saged medalaken gacukipun mungsuh, neker menika angsal dipek kangge ingkang menang. Nanging menawi sedaya gacuk boten wonten ingkang medal dados imbang boten wonten ingkang menang.

19. Dolanan Oyak Matung

Dolanan oyak matung adatipun kangge dolanan ing wekdal enjing, siang utawi sonten. Dolanan oyak matung menika saged kangge dolanan lare kathah. Dolanan menika kalebet dolanan kangge setunggal mungsuh setunggal kelompok. Dolananipun dipunwiwiti kanthi cara hompimpah kaliyan pingsut. Ingkang kalah kedah dados rumiyin. Dolanan oyak matung menika boten mbetahaken pirantos, adatipun dolananipun wonten ing papan ingkang jembar. Caranipun dolanan oyak matung inggih menika lare ingkang dados kedah ngoyak lare-lare ingkang dolanan oyak matung. Menawi sampun kedemok kaliyan ingkang dados, kedah matung boten kenging owah. Lare ingkang dereng dipundemok kaliyan ingkang dados saged nylametaken kancanipun ingkang matung supados saged mlayu malih. Menawi ingkang matung dereng dipunslametaken owah, lare menika kedah gentosan dados. Sinten ingkang kedemok nanging boten matung ugi kedah dados. Menawi sedaya sampun kedemok lajeng dipunetang ngantos sedasa kedah mlayu malih.

20. Dolanan Oyak Ndhodhok

Dolanan oyak ndhodhok menika kados dolanan oyak matung, bedanipun inggih menika menawi oyak ndhodhok lare ingkang dipunoyak kedah ndhodhok. Dolanan oyak ndhodhok adatipun kangge dolanan ing wekdal enjing, siang utawi sonten. Dolanan oyak ndhodhok menika saged kangge dolanan lare kathah. 54 Dolanan menika kalebet dolanan kangge setunggal mungsuh setunggal kelompok. Dolananipun dipunwiwiti kanthi cara hompimpah kaliyan pingsut. Ingkang kalah kedah dados rumiyin. Dolanan oyak ndhodhok menika boten mbetahaken pirantos, adatipun dolananipun wonten ing papan ingkang jembar. Caranipun dolanan oyak ndhodhok inggih menika lare ingkang dados kedah ngoyak lare-lare ingkang dolanan oyak ndhodhok. Menawi sampun kedemok kaliyan ingkang dados, kedah ndhodhok boten kenging mlayu malih. Lare ingkang dereng dipundemok kaliyan ingkang dados saged nylametaken kancanipun ingkang sampun kedemok supados saged mlayu malih. Menawi ingkang ndhodok dereng dipunslametaken owah, lare menika kedah gentosan dados. Sinten ingkang kedemok nanging boten ndhodhok ugi kedah dados. Menawi sedaya sampun kedemok lajeng dipunetang ngantos sedasa kedah mlayu malih, ingkang dados dereng dipungantos.

21. Dolanan Sepak Sekong