Dolanan Gamparan Dolanan Gobak sodhor

45 tengen pemain kedah nemplek boten kenging dipunuwali. Lajeng menawi sampun dipungathukaken lajeng kiyat-kiyatan supados saged nibakaken astanipun mungsuhipun. Sinten ingkang saged nibakaken astanipun mungsuhipun menika ingkang menang dolanan. Astanipun menika menawi lomba malih kedah dipunjagi boten angsal astanipun nggandhul.

11. Dolanan Gamparan

Dolanan gamparan inggih menika dolanan ingkang adatipun dipunremeni kaliyan lare-lare estri. Dolanan menika saged kangge lare kalih utawi langkung saking kalih. Dolanan gamparan kalebet dolanan tradhisional ingkang saged kangge dolanan setunggal mungsuh kanca-kanca sanesipun. Pirantos ingkang dipunginakaken inggih menika kreweng utawi tugelan tegel kaliyan kajeng. Kreweng utawi tugelan tegel menika kaginakaken kangge gacuk dolanan gamparan. Bilih kajeng dipunginakaken kangge nggambar papan kangge dolanan gamparan. Gamparan menika adatipun kangge dolanan ing wekdal enjing, siang utawi sonten. Saderengipun dolanan gamparan dipunwiwiti, dipungambar rumiyin papanipun kangge dolanan. Dolanan gamparan menika kados dolanan engklek, bedanipun menawi dolanan gamparan gambaripunnamung garis ingkang tumuju dhateng kreweng kangge sasaran ingkang kedah dipuntibakaken ngginakaken gacuk. Caranipun kedah engklek kaliyan njagi gacuk ingkang dipuntemplekaken ing suku ampun ngantos dhawah. Engklekipun miturut garisipun dolanan gamparan lajeng kedah saged nggamparaken gacukipun ngantos kenging kreweng sasaranipun ngantos dhawah. 46

12. Dolanan Gobak sodhor

Dolanan gobak sodhor inggih menika salah satunggal dolanan tradhisional ingkang saged kangge dolanan sareng-sareng. Dolanan gobak sodhor kalebet dolanan ingkang jinisipun kangge dolanan setunggal kelompok mungsuh setunggal kelompok. Dolanan menika adatipun kangge dolanan ing wekdal siang utawi sonten. Dolanan gobag sodhor menika kedah ing papan ingkang jembar kangge nggambar papanipun dolanan adatipun ukuran 4x6meter. Bentukipun papan kangge dolanan namung persegi ingkang dipungaris dados kothak 6 menawi jumlah lare ingkang dolanan 8. Caranipun dolanan inggih menika kelompokipun dipunperang dados kalih. Saben kelompok sekawan lare, ingkang enconanipun kalah kedah dados rumiyin. Aturanipun inggih menika lare ingkang dados kedah njagi ing nginggil garis supados boten saged dipunlewati mungsuhipun. Ingkang dados kedah saged ndemok mungsuhipun. Saben garis dipunjagi kaliyan setunggal pemain. Ingkang boten dados kedah saged nglewati garisipun papan dolanan gobag sodhor ngantos garis paling wingking lajeng wangsul malih dhateng ngajeng garis ingkang ngajeng piyambak. Menawi wonten ingkang kedemok kedah gantosan ingkang dados njagi garisipun.

13. Dolanan Jamuran