43
dipunpendheti. Ingkang dados kedah saged ngoyak kaliyan ndemok sinten mawon ingkang badhe mendhet watunipun, watesipun ngoyak inggih bunderan menika.
Lare ingkang boten dados kedah saged ngempalaken watu cacahipun tiga. Bilih wonten ingkang kedemok kedah gentosan dados. Menawi sedaya lare saged
ngempalaken watu cacahipun tiga lajeng ingkang dados kedah ndhodhok kaliyan merem rumiyin, watunipun dipundhelikaken. Menawi sampun, ingkang dados
kedah madosi kaliyan kedah saged njedhek menawi nemokaken watunipun menika watunipun sinten. Menawi leres ingkang dados gentosan ingkang
konangan watunipun, nanging menawi klentu kedah dados malih.
9. Dolanan Engklek
Dolanan engklek inggih menika dolanan ingkang adatipun dipunremeni kangge dolanan lare-lare estri. Dolanan menika saged kangge lare kalih utawi
langkung kathah. Dolanan engklek kalebet dolanan tradhisional ingkang saged kangge dolanan setunggal mungsuh kanca-kanca sanesipun. Pirantos ingkang
dipunginakaken inggih menika kreweng utawi tugelan tegel kaliyan kajeng. Kreweng utawi tugelan tegel menika kaginakaken kangge gacuk dolanan engklek
saged ngangge kreweng. Bilih kajeng dipunginakaken kangge nggambar papan kangge dolanan engklek.
Engklek menika adatipun kangge dolanan ing enjing, siang utawi sonten. Saderengipun dolanan engklek, dipunsarujuki rumiyin badhe milih dolanan
engklek ingkang jinis menapa. Jinisipun dolanan engklek wonten kathah, inggih menika engklek motor mabur utawi pesawat, engklekkitiran, engklek becak utawi
engklek gunung. Lajeng dipungambar papanipun engklek ingkang sampun
44
dipunsarujuki sareng-sareng. Gambaripun saben jinis engklek menika bentukipun beda-beda.
Dolanan engklek dipunwiwiti hompimpah kaliyan pingsut rumiyin, ingkang menang saged dolanan rumiyin gentosan setunggal mbaka setunggal.
Gacuk dipununcalaken wonten ing kothak ngajeng piyambak boten pikantuk medal saking garis kothakanipun. Menawi gacukipun medal saking kothakanipun
kedah gentosan ingkang dolanan. Lajeng caranipun engklek ugi boten pikantuk medal saking kothak kaliyan boten pikantuk midak garisipun. Kothak ingkang
wonten gacukipun kedah dipunlompati kedah engklek ampun ngantos dhawah. Sinten ingkang engklekipun saged dumugi pungkasan saged uncal gacuk malih
kanthi madhep wingking kangge ndamel omah kangge boten kedah engklek. Sinten ingkang saged ndamel omah kathah adatipun menika ingkang menang.
10. Dolanan Engkol
Dolanan tradhisional ingkang saged kangge dolanan setunggal mungsuh setunggal tuladhanipun inggih menika dolanan engkol. Dolanan engkol menika
adatipun dipunremeni kaliyan lare-lare jaler. Dolananipun mbetahahken tenaga kangge ngalahaken mungsuhipun. Lare-lare estri adatipun boten remen kaliyan
dolanan engkol. Dolanan menika mbetahaken kekiyatan asta supados saged menang kaliyan kangge nahan kekiyatanipun mungsuhipun.
Tata caranipun dolanan engkol menika namung gampil. Dolanan engkol boten mbetahaken pirantos menapa-napa. Namung anggenipun dolanan kedah
wonten ing papan ingkang saged kangge engkol, tuladhanipun wonten ing meja utawi dolanan ing njubin inkang rata. Caranipun dolanan inggih menika asta
45
tengen pemain kedah nemplek boten kenging dipunuwali. Lajeng menawi sampun dipungathukaken lajeng kiyat-kiyatan supados saged nibakaken astanipun
mungsuhipun. Sinten ingkang saged nibakaken astanipun mungsuhipun menika ingkang menang dolanan. Astanipun menika menawi lomba malih kedah
dipunjagi boten angsal astanipun nggandhul.
11. Dolanan Gamparan