Dolanan tradhisional kangge perorangan Dolanan tradhisional kangge setunggal mungsuh setunggal Dolanan tradhisional kangge setunggal mungsuh kanca-kanca sanesipun Dolanan tradhisional kangge setunggal mungsuh setunggal kelompok Dolanan tradhisional kangge

34

c. Sekar kangge iringan dolanan jamuran

jamuran ya gegethok semprat-semprit jamur apa? Sekar menika kangge iringan lare-lareingkang nembe dolanan tradhisional cublak-cublak suweng, dingklik oglak-aglik menapa dolanan jamuran. Sekaripun dipunsekaraken sareng-sareng kaliyan lare-lare ingkang nembe dolanan.

5. Adhedhasar Cacahipun Pemain

a. Dolanan tradhisional kangge perorangan

Tegesipun dolanan ingkang kangge perorangan inggih menika dolanan ingkang saged kangge piyambak utawi kangge setunggal priyantun kemawon. Dados boten kedah mbetahaken priyantun sanes. Tuladhanipun dolanan tradhisional ingkang kangge perorangan inggih menika egrang kaliyan layangan. Dolanan menika saged kangge piyambak, adatipun menawi wonten kancanipun menika namung nulungi kangge nyepeng egrang menawi nembe wiwitan dolanan egrang. Menawi dolanan layangan namung ngulokake menawi nembe wiwitan dolanan layangan menapa mbendrongake senar layangan.

b. Dolanan tradhisional kangge setunggal mungsuh setunggal

Dolanan tradhisional ingkang kangge setunggal mungsuh setunggal menika saged kangge dolanan priyantun kalih. Tuladhanipun dolanan tradhisional ingkang saged kangge setunggal mungsuh setunggal inggih menika dolanan dhakon, engkol kaliyan mul-mulan. Menawi wonten kancanipun ingkang badhe dolanan dhakon, engkol menapa mul-mulan menika saged gentosan kaliyan kanca-kancanipun. 35

c. Dolanan tradhisional kangge setunggal mungsuh kanca-kanca sanesipun

Dolanan tradhisional ingkang kangge priyantunsetunggal mungsuh kanca- kanca sanesipun menika paling sekedhik saged kangge tiyang tiga. Dolanan menika adatipun menawi wonten ingkang menang,menangipun kangge pribadinipun piyambak boten kangge kelompokan. Dados menawi kepengen menang kedah ngalahaken kanca-kanca sanesipun. Tuladhanipun dolanan tradhisional ingkang saged kangge dolanan priyantun setunggal mungsuh kanca- kanca sanesipun inggih menika benthik, dhelikan, endhog-endhogan, engklek kaliyan gamparan.

d. Dolanan tradhisional kangge setunggal mungsuh setunggal kelompok

Dolanan tradhisional ingkang kangge priyantun setunggal mungsuh setunggal kelompok menika kados dolanan kangge priyantun setunggal lawan kanca-kanca sanesipun. Bedanipun inggih menika priyantun setunggal ingkang dados menika kedah mungsuh setunggal kelompok. Adatipun priyantun setunggal ingkang dados menika amargi kalah undhian kanthi cara hompimpah utawi pingsut. Ingkang kalebet dolanan kangge priyantun setunggal mungsuh setunggal kelompok inggih menika dolanan boi-boinan, cublak-cublak suweng, jamuran, kucingan, sepak sekong, oyak matung kaliyan oyak ndhodhok.

e. Dolanan tradhisional kangge kelompok mungsuh kelompok

Dolanan tradhisional ugi wonten ingkang kangge setunggal kelompok mungsuh setunggal kelompok. Dolanan tradhisional ingkang kangge setunggal kelompok mungsuh setunggal kelompok menika adatipun mbetahaken priyantun kathah. Dolanan menika saged kangge dolanan sareng-sareng. Kelompok 36 dipunperang dados kalih, saged kanthi cara hom pim pah utawi pingsut. Kelompok kedah kerja sama supados saged ngalahaken kelompok setunggalipun. Ingkang kalebet dolanan kangge setunggal kelompok lawan setunggal kelompok inggih menika dhingklik oglak-aglik, jek-jekan kaliyan gobak sodhor. C. Caranipun Dolanan Tradhisional Dolanan tradhisional ingkang maneka warni menika wonten tata caranipun anggenipun dolanan. Tata caranipun dolanan antawisipun dolanan setunggal kaliyan dolanan sanesipun menika beda-beda. Dolanan tradhisional wonten ingkang saged kangge perorangan, setunggal mungsuh setunggal, utawi kangge dolanan sesarengan. Adatipun saderengipun dolanan dipunwiwiti lare-lare kedah hompimpah utawi pingsut rumiyin kangge nemtokaken sinten ingkang dados. Dolanan tradhisional menika kalebet folklor, boten wonten ingkang mangertos sinten ingkang ndamel dolanan tradhisional menika. Dolanan tradhisional ugi wonten aturan-aturanipun, bab menika ugi boten wonten ingkang mangertos sinten ingkang ndamel aturan kangge dolanan tradhisional.Tata caranipun dolanan tradhisional wonten ing Karanganyar Kelurahan Brontokusuman Kecamatan Mergangsan Yogyakarta inggih menika :

1. Dolanan Benthik