Jinising Tembung Kahanan TEMBUNG KAHANAN POLIMORFEMIS WONTEN ING NOVEL KRIKIL-KRIKIL PASISIR ANGGITANIPUN TAMSIR AS.

dipunraketi tembung banget dados wedok banget. Tembung medoki gadhah teges „asipat utawi tumindak kados tiyang estri‟. 2 Wuwuhan sesarengan N--i wonten ing tembung kahanan gadhah teges „ndayani ingkang dipunsebataken ing lingganipun‟. Wuwuhan sesarengan N-- i minangka pandhapuking tembung kahanan saged karaketan kaliyan tembung lingga arupi tembung kahanan, tembung aran utawi morfem pangkal . Tuladhanipun mbatheni Wedhawati, 2006: 192. Tembung mbatheni menika kadhapuk saking tembung bathi „pajeng langkung saking pawitan kulakanipun ‟ ingkang karaketan wuwuhan sesarengan {N--i}. Tembung bathi kalebet tembung kahanan amargi saged dipunraketi kaliyan tembung rada dados rada bathi saha dipunraketi tembung banget dados bathi banget. Tembung mbatheni gadhah teges „ndayani pajeng langkung saking pawitan kulakanipun ‟. d. Tembung Kahanan Wujud -um- Tembung kahanan wujud -um-, ingkang asring kanthi wujud -em-, nedahaken maneka warni teges kados ing ngandhap menika. 1 Menawi tembung lingganipun arupi tembung kahanan, seselan -um- wonten ing tembung kahanan nedahaken teges „gadhah solah tingkah, patrap, utawi tumindak kados ingkang dipunsebat aken ing lingganipun‟. Tuladhanipun kuminter Wedhawati, 2006: 193. Tembung kuminter menika kadhapuk saking tembung pinter ingkang tegesipun „sugih kawruh saha pamanggih menapa dene saged ngecakaken‟ ingkang karaketan seselan {-um-}. Tembung pinter kalebet tembung kahanan amargi saged dipunraketi kaliyan tembung rada dados rada pinter saha dipunraketi tembung banget dados pinter banget. Tembung kuminter gadhah teges „gadhah solah tingkah, patrap, utawi tumindak kados tiyang ingkang sugih kawruh sahapamanggih menapa dene saged ngecakaken ‟. 2 Menawi tembung lingganipun arupi tembung aran, seselan -um- wonten ing tembung kahanan nedahaken teges „asipat kados ingkang dipunsebataken ing lin gganipun‟. Tuladhanipun sumanak Wedhawati, 2006: 193. Tembung sumanak menika kadhapuk saking tembung sanak ingkang tegesipun „sedherek‟ ingkang karaketan seselan {-um-}. Tembung sanak kalebet tembung aran amargi saged dipunraketi kaliyan tembung dudu dados dudu sanak. Tembung sumanak gadhah teges „asipat kados sedherek‟. 3 Menawi wujudipun arupi tembung aran, seselan -um- wonten ing tembung kahanan nedahaken teges „eca menawi dipundamel ingkang dipunsebataken ing lin gganipun‟. Tuladhanipun rumujak Wedhawati, 2006: 193. Tembung rumujak menika kadhapuk saking tembung rujak ingkang tegesipun „tetedhan ingkang dipundamel saking wowohan mentah‟ ingkang karaketan seselan {-um-}. Tembung rujak kalebet tembung aran amargi saged dipunraketi kaliyan tembung dudu dados dudu rujak. Tembung rumujak gadhah teges „eca menawi dipundamel tetedhan ingkang dipundamel saking wowohan mentah ‟. 4 Menawi tembung lingganipun arupi morfem pangkal , seselan -um- wonten ing tembung kahanan nedahaken teges „wonten ing kawontenan ingkang dipunsebat aken ing lingganipun‟. Tuladhanipun semlenget Wedhawati, 2006:

193. Tembung semlenget menika kadhapuk saking tembung slenget ingkang

tegesipun „raos benter‟ ingkang karaketan seselan {-um-}. Tembung slenget kalebet morfem pangkal amargi tembung slenget boten saged madeg piyambak saha tegesipun nembe gamblang nalika karaketan kaliyan morfem sanes. Seselan {-um-} wonten ing tembung semlenget menika dados {-em-}. Tembung semlenget gadhah teges „wonten ing kawontenan kraos benter‟. 5 Menawi tembung lingganipun arupi morfem pangkal , seselan -um- wonten ing tembung kahanan nedahaken teges „nembe sekeca bilih dipunparingi tumindak ingkang dipunsebataken ing lingganipun ‟. Tuladhanipun gemodhog Wedhawati, 2006: 194. Tembung gemodhog menika kadhapuk saking tembung godhog ingkang tegesipun „matengake sarana dipuncemplungaken ing toya lanjeng dipungeneni‟ ingkang karaketan seselan {-um-}. Tembung godhog kalebet morfem pangkal amargi tembung godhog boten saged madeg piyambak saha tegesipun nembe gamblang nalika karaketan kaliyan morfem sanes. Seselan {-um-} wonten ing tembung gemodhog menika dados {-em-}. Tembung gemodhog gadhah teges „nembe sekeca bilih dipunmatengaken sarana dipuncemplungaken ing toya lanjeng dipungeneni‟. 6 Menawi tembung lingganipun arupi morfem pangkal , seselan -um- wonten ing tembung kahanan nedahaken teges „gadhah utawi ngewrat sipat ingkang dipunsebat aken ing lingganipun‟. Tuladhanipun kemrincing Wedhawati, 2006: 194. Tembung kemrincing menika kadhapuk saking tembung krincing ingkang tegesipun „pepindhan swantenipun arta logam ‟ ingkang karaketan seselan {-um-}. Tembung krincing kalebet morfem pangkal amargi