Nalaring Pikir TEMBUNG KAHANAN POLIMORFEMIS WONTEN ING NOVEL KRIKIL-KRIKIL PASISIR ANGGITANIPUN TAMSIR AS.

20-21 : larik

D. Pirantining Panaliten

Pirantining panaliten wonten ing panaliten menika inggih menika panaliti piyambak saha kertu data . Panaliti minangka pirantining panaliten ingkang madosi tembung-tembung kahanan polimorfemis ingkang wonten ing novel Krikil-krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS kanthi cara ingkang sepisan ningali tembung ingkang ngandharaken tembung aran. Salajengipun panaliti nemtokaken tembung kahanan polimorfemis bilih tembung menika kadhapuk saking kalih morfem . Panaliti lajeng ningali tembung kahanan polimorfemis menika saking cara pandhapuking tembung inggih menika kalebet tembung mawi wuwuhan, tembung rangkep, tembung camboran utawi tembung kombinasi . Panaliti nemtokaken tembung ingkang kalebet tembung mawi wuwuhan bilih tembung menika kaperang saking morfem terikat saha morfem bebas . Panaliti nemtokaken tembung ingkang kalebet tembung rangkep bilih tembung menika kadhapuk kanthi ngambali tembung lingganipun. Salajengipun panaliti nemtokaken tembung ingkang kalebet tembung camboran bilih tembung menika kadhapuk saking kalih tembung ingkang gadhah teges enggal. Panaliti ugi nemtokaken tembung ingkang kalebet tembung kombinasi bilih tembung menika kadhapuk kanthi ngraketaken wuwuhan saha dipunrangkep. Panaliti sasampunipun nemtokaken cara pandhapuking tembung kahanan polimorfemis lajeng panaliti nemtokaken jinis saha tegesing tembung kahanan polimorfemis , Salajengipun panaliti mantha-mantha tembung kahanan polimorfemis miturut kriterianipun saha ngandharaken asiling panaliten. Adhedhasar menika pramila panaliti menika minangka piranti panaliten ingkang utama. Panaliti wonten ing panaliten menika anggenipun nliti ngginakaken kertu data . Kertu data dipunginakaken kangge nyerat wujud, jinis saha tegesing tembung kahanan polimorfemis ingkang wonten ing novel Krikil-krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS ingkang sampun dipunpadosi dening panaliti. Kertu data wonten ing panaliten menika ugi saged nggampilaken anggenipun nganalisis data .

E. Caranipun Nganalisis Data

Caranipun nganalisis data ing panaliten menika ngginakaken analisis deskriptif . Analisis deskriptif ing panaliten menika ngandharaken jinis, wujud saha tegesing tembung kahanan polimorfemis wonten ing novel Krikil-krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS. Cara anggenipun nganalisis data menika wonten analisis awal saha analisis lanjut . Analisis awal inggih menika nalika ngempalaken data ingkang sampun kapanggihaken wonten ing kertu data . Data nalika dipunlebetaken wonten ing kertu data dipunanalisis cara pandhapuking, jinis, saha tegesing tembung kahanan polimorfemis . Anggenipun nganalisis cara pandhapuking tembung kahanan polimorfemis dipuntingali saking wujudipun menika kalebet tembung mawi wuwuhan, tembung rangkep, tembung camboran menapa tembung kombinasi . Salajengipun anggenipun nganalisis jinis tembung kahanan polimorfemis dipuntingali saking tembung menika ngandharaken bab wujud, ukuran, warni, raos, menapa mental . Sasampunipun nganalisis jinising tembung kahanan polimorfemis lajeng nganalisis tegesing tembung polimorfemis kanthi jumbuhaken ing konteks ukaranipun. Cara nganalisis data ing salajengipun inggih menika cara analisis lanjut. Cara analisis lanjut inggih menika tembung polimorfemis ingkang sampun dipunpanggihaken dipunpantha-pantha miturut kategori ingkang sampun dipuntemtokaken. Sapisan data dipuntha-pantha miturut cara pandhapuking tembung. Saking cara pandhapuking tembung menika lajeng dipunanalisis jinispun tembung. Sasampunipun menika data dipunanalisis tegesipun miturut konteksipun ing ukara. Salajengipun data dipunrembag kanthi deskriptif wonten ing pirembagan. Asiling panaliten boten sedaya dipunrembag wonten ing pirembagan, nanging namung saperangan kemawon minangka tuladha data saking jinis, wujud, saha tegesing tembung kahanan polimorfemis . Asiling panaliten sanesipun dipunserat wonten tabel analisis data ingkang wonten ing lampiran . F. Validitas saha Reliabilitas Caranipun ngesahaken data wonten ing panaliten menika kanthi uji validitas saha reliabilitas . Wonten ing panaliten menika, uji validitas ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi teori . Triangulasi teori dipuntindakaken kanthi jumbuhaken data kaliyan teori . Bilih analisis ingkang dipuntindakaken jumbuh kaliyan teori , pramila data kasebat dipunanggep sampun valid . Tuladha uji validitas kanthi ngginakaken triangulasi teori saged dipuntingali ing ngandhap menika.