Jinising Panaliten Pirantining Panaliten

tembung kahanan polimorfemis lajeng nganalisis tegesing tembung polimorfemis kanthi jumbuhaken ing konteks ukaranipun. Cara nganalisis data ing salajengipun inggih menika cara analisis lanjut. Cara analisis lanjut inggih menika tembung polimorfemis ingkang sampun dipunpanggihaken dipunpantha-pantha miturut kategori ingkang sampun dipuntemtokaken. Sapisan data dipuntha-pantha miturut cara pandhapuking tembung. Saking cara pandhapuking tembung menika lajeng dipunanalisis jinispun tembung. Sasampunipun menika data dipunanalisis tegesipun miturut konteksipun ing ukara. Salajengipun data dipunrembag kanthi deskriptif wonten ing pirembagan. Asiling panaliten boten sedaya dipunrembag wonten ing pirembagan, nanging namung saperangan kemawon minangka tuladha data saking jinis, wujud, saha tegesing tembung kahanan polimorfemis . Asiling panaliten sanesipun dipunserat wonten tabel analisis data ingkang wonten ing lampiran . F. Validitas saha Reliabilitas Caranipun ngesahaken data wonten ing panaliten menika kanthi uji validitas saha reliabilitas . Wonten ing panaliten menika, uji validitas ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi teori . Triangulasi teori dipuntindakaken kanthi jumbuhaken data kaliyan teori . Bilih analisis ingkang dipuntindakaken jumbuh kaliyan teori , pramila data kasebat dipunanggep sampun valid . Tuladha uji validitas kanthi ngginakaken triangulasi teori saged dipuntingali ing ngandhap menika. Mung ana bantal loro sawalan tipak sarung palekat kothak-kothak. Tembung kothak-kothak saged dipunanalisis adhedhasar jinis, wujud, saha tegesipun tembung kahanan polimorfemis kanthi jumbuhaken kaliyan teori ingkang sampun wonten. Tembung kothak-kothak kasebat kalebet tembung wujud amargi ngandharaken sipating wujud satunggaling barang inggih menika sarung. Tembung kothak-kothak kasebat kalebet tembung rangkep mliginipun tembung dwilingga amargi kadhapuk saking tembung lingga kothak ingkang ngalami pengulangan kanthi wetah. Tembung kothak-kothak gadhah teges „kathah-kathahipun kados ingkang dipunsebataken ing lingganipun‟. Adhedhasar tuladha kasebat saged dipuntingali bilih data kothak-kothak sampun valid amargi sampun jumbuh kaliyan teorinipun Wedhawati 2006: 197. Sanesipun ngginakaken validitas triangulasi teori , wonten ing panaliten menika panaliti ugi nindakaken validitas intrarater saha validitas interrater . Validitas intrarater inggih menika panaliten menika dipuntindakaken kanthi dipunambal-ambali. Wonten ing cara menika, panaliti maos kanthi bola-bali novel Krikil-Krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS saengga pikantuk data ingkang trep. Validitas interrater inggih menika validitas ingkang dipuntindakaken kanthi konsultasi kaliyan para ahli. Panaliti nindakaken konsultasi kaliyan dosen pembimbing babagan perkawis-perkawis saking data ingkang sampun dipunpanggihaken dhateng panaliti mliginipun bab tembung kahanan polimorfemis . Uji reliabilitas ingkang dipunginakaken ing panaliten menika inggih menika uji reliabilitas stabilitas . Uji reliabilitas stabilitas inggih menika asiling panaliten mboten ewah nalika dipuntindakaken panaliten ing wekdal ingkang beda. Panaliti nindakaken panaliten dhateng data ingkang dipunpanggihaken kanthi dipunambal-ambali ngginakaken piranti panaliten ingkang sami, ananging asiling panaliten tetep sami utawi mboten ewah. Panaliti maos data ingkang sampun dipunpanggihaken kanthi bola-bali, inggih menika arupi tembung- tembung kahanan polimorfemis ingkang dipunanalisis adhedhasar jinis, wujud saha tegesing tembung kahanan polimorfemis . Lampahan menika dipuntindakaken kanthi permati supados saged kapanggihaken data ingkang ajeg. 50 BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PANGREMBAGIPUN

A. Asiling Panaliten

Adhedhasar panaliten ingkang sampun dipuntindakaken, saged dipunpendhet asilipun. Wondene panaliten menika sampun kasil manggihaken data babagan tembung kahanan polimorfemis wonten ing novel Krikil-krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS. Asiling panaliten menika ngandharaken tigang perkawis inggih menika wujuding tembung kahanan polimorfemis , jinising tembung kahanan polimorfemis saha tegesipun tembung kahanan polimorfemis . Data asiling panaliten kasebat kaandharaken wonten ing tabel ngandhap menika. Tabel

2: Tembung Kahanan

Polimorfemis Wonten ing Novel Krikil-krikil Pasisir Anggitanipun Tamsir AS. No. Pandhapuking Tembungn Kahanan Jinis Teges Indikator 1 2 3 4 5 1. Mawi wuwuhan a. Ater-ater {N- } 1 {ny-} Raos Wonten ing kawontenan anggenipun ambegan rekaos “Napaa?” Manik nyeseg, atine trenyuh. KKP: V: 44: 10 Tembung nyeseg kalebet tembung kahanan amargi saged dipunraketi kaliyan tembung rada dados rada nyeseg. Wujud: mawi wuwuhan nyeseg „ ing kawontenan anggenipun ambegan rekaos ‟ {N- } + seseg „rekaos ambeganipun‟ Jinis: ngandharaken raos ingkang dipunalami manah