Tuladha Kertu Caranipun Ngempalaken

Mung ana bantal loro sawalan tipak sarung palekat kothak-kothak. Tembung kothak-kothak saged dipunanalisis adhedhasar jinis, wujud, saha tegesipun tembung kahanan polimorfemis kanthi jumbuhaken kaliyan teori ingkang sampun wonten. Tembung kothak-kothak kasebat kalebet tembung wujud amargi ngandharaken sipating wujud satunggaling barang inggih menika sarung. Tembung kothak-kothak kasebat kalebet tembung rangkep mliginipun tembung dwilingga amargi kadhapuk saking tembung lingga kothak ingkang ngalami pengulangan kanthi wetah. Tembung kothak-kothak gadhah teges „kathah-kathahipun kados ingkang dipunsebataken ing lingganipun‟. Adhedhasar tuladha kasebat saged dipuntingali bilih data kothak-kothak sampun valid amargi sampun jumbuh kaliyan teorinipun Wedhawati 2006: 197. Sanesipun ngginakaken validitas triangulasi teori , wonten ing panaliten menika panaliti ugi nindakaken validitas intrarater saha validitas interrater . Validitas intrarater inggih menika panaliten menika dipuntindakaken kanthi dipunambal-ambali. Wonten ing cara menika, panaliti maos kanthi bola-bali novel Krikil-Krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS saengga pikantuk data ingkang trep. Validitas interrater inggih menika validitas ingkang dipuntindakaken kanthi konsultasi kaliyan para ahli. Panaliti nindakaken konsultasi kaliyan dosen pembimbing babagan perkawis-perkawis saking data ingkang sampun dipunpanggihaken dhateng panaliti mliginipun bab tembung kahanan polimorfemis . Uji reliabilitas ingkang dipunginakaken ing panaliten menika inggih menika uji reliabilitas stabilitas . Uji reliabilitas stabilitas inggih menika asiling panaliten mboten ewah nalika dipuntindakaken panaliten ing wekdal ingkang beda. Panaliti nindakaken panaliten dhateng data ingkang dipunpanggihaken kanthi dipunambal-ambali ngginakaken piranti panaliten ingkang sami, ananging asiling panaliten tetep sami utawi mboten ewah. Panaliti maos data ingkang sampun dipunpanggihaken kanthi bola-bali, inggih menika arupi tembung- tembung kahanan polimorfemis ingkang dipunanalisis adhedhasar jinis, wujud saha tegesing tembung kahanan polimorfemis . Lampahan menika dipuntindakaken kanthi permati supados saged kapanggihaken data ingkang ajeg.