Underaning Perkawis TEMBUNG KAHANAN POLIMORFEMIS WONTEN ING NOVEL KRIKIL-KRIKIL PASISIR ANGGITANIPUN TAMSIR AS.

7 BAB II GEGARAN TEORI A. Morfologi Tembung morfologi menika saking basa Inggris morphology ingkang tegesipun cabang ngelmu linguistik ingkang nyinau bab susunan utawi perangan- perangan tembung kanthi gramatikal . Ing wiwitanipun, ngelmu menika kawentar kanthi aran morphemics , inggih menika ngelmu babagan morfem . Istilah morphemics menika salajengipun langkung kawentar kanthi istilah morfologi Mulyana, 2011: 1. Tembung morfologi miturut etimologis asalipun saking basa Yunani inggih menika tembung morphe ingkang tegesipun „wujud‟ saha tembung logos ingkang tegesipun „ngelmu‟, saengga morfologi tegesipun ngelmu babagan wujud Ralibi lumantar Mulyana, 2011: 1. Dene miturut istilah , morfologi ngewrat pangertosan cabang linguistik ingkang ngandharaken dhasaring damel tembung Nurhayati, 2001: 2. Pamanggihipun Nurhayati menika nedahaken bilih morfologi ngelmu babagan damel tembung. Morfologi ugi ngewrat pangertosan bidang linguistik ingkang nyinau susunan perangan-perangan tembung kanthi gramatikal Verhaar, 1995: 52. Pamanggihipun Nurhayati kaliyan Verhaar menika dipunjangkepi dening Ramlan. Kanthi langkung gancar Ramlan 1987: 21 ngandharaken bilih morfologi menika perangan saking ngelmu basa ingkang nyinau bab dhasaring wujud tembung saha pangaribawanipun ewah-ewahaning wujud tembung dhateng jinis saha tegesing tembung. Ramlan ugi ngandharaken bilih morfologi nyinau dhasaring tembung sarta paedah ewah-ewahaning tembung kanthi gramatik menapa semantik . Andharanipun Ramlan menika sami kaliyan andharanipun Mulyana 2011: 2 bilih morfologi inggih menika ngelmu basa ingkang nyinau bab wujuding tembung, ewah-ewahaning tembung, saha asil ewah-ewahaning tembung dhateng teges saha jinising tembung. Adhedhasar pamanggihipun para ahli kasebat saged dipunpendhet dudutan bilih morfologi inggih menika cabang linguistik ingkang nyinau bab pandhapuking tembung, ewahing tembung, saha pangaribawanipun ewahing tembung dhateng teges saha jinising tembung. Morfologi menika nyinau bab anggenipun damel tembung. Morfologi ugi nyinau bab ewahing tembung saha pangaribawanipun ewahing tembung menika dhateng teges saha jinisipun tembung ingkang ewah kalawau. B. Proses Morfologi Proses morfologis inggih menika proses ingkang ngewahi leksem dados tembung Arifin saha Junaiyah, 2009: 8-9. Pamanggihipun Arifin saha Junaiyah menika dipunjangkepi dening Kridalaksana bilih proses morfologi menika proses ingkang ngewahi leksem dados tembung. Ing proses morfologi , leksem menika minangka input , dene tembung minangka output Kridalaksana, 2008: 202. Saking andharan kalawau dipunmangertosi bilih pamanggihipun Arifin saha Junaiyah kaliyan Kridalaksana sami-sami ngandharaken bilih proses morfologi minangka proses ngewahi leksem dados tembung.