Ancasing Panaliten Paedahing Panaliten

Salajengipun, Ramlan 1987: 51 ngandharaken bilih proses morfologis inggih menika proses pandhapuking tembung saking satuan sanesipun ingkang kalebet lingganipun. Pamanggihipun Ramlan menika sami kaliyan pamanggihipun Samsuri. Samsuri 1994: 190 ngandharaken bilih proses morfologi inggih menika cara pandhapuking tembung kanthi ngraketaken morfem setunggal kaliyan morfem sanesipun. Adhedhasar pamanggih para ahli kasebat saged dipunpendhet dudutan bilih proses morfologis inggih menika proses ewahing tembung. Tembung ingkang ewah saking wujud lingganipun menika dipunrembag wonten ing proses morfologi . Proses morfologi menika wonten tiga inggih menika afiksasi , reduplikasi , saha komposisi Sudaryanto, 1991: 19. Afiksasi inggih menika proses ewahing wujud tembung amargi karaketan wuwuhan. Afiks menika kaperang dados sekawan inggih menika ater-ater, seselan, panambang, saha konfiks . Ater-ater inggih menika afiks ingkang karaketaken ing sangajenging tembung. Seselan inggih menika afiks ingkang karaketaken ing tengahing tembung. Panambang inggih menika afiks ingkang karaketaken ing wingking tembung. Konfiks inggih menika ater-ater saha panambang karaketan kanthi sesarengan ing lingganipun Mulyana, 2011: 13-22. Reduplikasi utawi tembung rangkep inggih menika proses pandhapuking tembung kanthi ngambali sedaya utawi saperangan saking lingganipun. Jinising tembung rangkep ing basa Jawi wonten tiga inggih menika dwilingga, dwipurwa, saha dwiwasana. Dwilingga kaperang malih dados tiga inggih menika dwilingga salin swara, trilingga, saha lingga semu. Dene dwipurwa kaperang malih wonten setunggal inggih menika dwipurwa salin swara. Komposisi utawi tembung camboran inggih menika proses kalih tembung utawi langkung ingkang dipunraketaken dados setunggal tembung enggal ugi gadhah teges enggal Mulyana, 2011: 32-33. C. Morfem Morfem inggih menika satuan gramatikal ingkang paling alit Robins, 1992: 237. Sarujuk kaliyan pamanggihipun Robins, Soeparno 2003: 72 ugi ngandharekn bilih morfem inggih menika wujud gramatikal ingkang paling alit ingkang boten saged dipunperang malih dados wujud gramatikal ingkang langkung alit. Pamanggihipun Robins saha Soeparno menika dipunjangkepi dening Alwasilah. Alwasilah ngandharaken bilih morfem menika satuan wujud ingkang paling alit ingkang ngewrat teges Alwasilah, 1985: 101. Pamanggihipun Alwasilah menika sami kaliyan pamanggihpun Chaer 1994: 146 bilih morfem minangka satuan gramatikal ingkang paling alit ingkang ngewrat teges. Saking andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih morfem inggih menika satuan gramatikal ingkang paling alit ingkang boten saged dipunperang malih ingkang ngewrat teges. Morfem menika boten saged dipunperang malih dados wujud gramatikal ingkang langkung alit amargi morfem menika satuan ingkang paling alit wonten ing morfologi . Miturut distribusinipun, morfem saged dipunperang dados kalih inggih menika morfem bebas saha morfem terikat . Morfem bebas inggih menika morfem inggih menika morfem ingkang saged madeg piyambak wonten ing ukara Samsuri, 1988: 17. Tuladhanipun