Watesaning Perkawis Wosing Perkawis

dhasaring tembung sarta paedah ewah-ewahaning tembung kanthi gramatik menapa semantik . Andharanipun Ramlan menika sami kaliyan andharanipun Mulyana 2011: 2 bilih morfologi inggih menika ngelmu basa ingkang nyinau bab wujuding tembung, ewah-ewahaning tembung, saha asil ewah-ewahaning tembung dhateng teges saha jinising tembung. Adhedhasar pamanggihipun para ahli kasebat saged dipunpendhet dudutan bilih morfologi inggih menika cabang linguistik ingkang nyinau bab pandhapuking tembung, ewahing tembung, saha pangaribawanipun ewahing tembung dhateng teges saha jinising tembung. Morfologi menika nyinau bab anggenipun damel tembung. Morfologi ugi nyinau bab ewahing tembung saha pangaribawanipun ewahing tembung menika dhateng teges saha jinisipun tembung ingkang ewah kalawau. B. Proses Morfologi Proses morfologis inggih menika proses ingkang ngewahi leksem dados tembung Arifin saha Junaiyah, 2009: 8-9. Pamanggihipun Arifin saha Junaiyah menika dipunjangkepi dening Kridalaksana bilih proses morfologi menika proses ingkang ngewahi leksem dados tembung. Ing proses morfologi , leksem menika minangka input , dene tembung minangka output Kridalaksana, 2008: 202. Saking andharan kalawau dipunmangertosi bilih pamanggihipun Arifin saha Junaiyah kaliyan Kridalaksana sami-sami ngandharaken bilih proses morfologi minangka proses ngewahi leksem dados tembung. Salajengipun, Ramlan 1987: 51 ngandharaken bilih proses morfologis inggih menika proses pandhapuking tembung saking satuan sanesipun ingkang kalebet lingganipun. Pamanggihipun Ramlan menika sami kaliyan pamanggihipun Samsuri. Samsuri 1994: 190 ngandharaken bilih proses morfologi inggih menika cara pandhapuking tembung kanthi ngraketaken morfem setunggal kaliyan morfem sanesipun. Adhedhasar pamanggih para ahli kasebat saged dipunpendhet dudutan bilih proses morfologis inggih menika proses ewahing tembung. Tembung ingkang ewah saking wujud lingganipun menika dipunrembag wonten ing proses morfologi . Proses morfologi menika wonten tiga inggih menika afiksasi , reduplikasi , saha komposisi Sudaryanto, 1991: 19. Afiksasi inggih menika proses ewahing wujud tembung amargi karaketan wuwuhan. Afiks menika kaperang dados sekawan inggih menika ater-ater, seselan, panambang, saha konfiks . Ater-ater inggih menika afiks ingkang karaketaken ing sangajenging tembung. Seselan inggih menika afiks ingkang karaketaken ing tengahing tembung. Panambang inggih menika afiks ingkang karaketaken ing wingking tembung. Konfiks inggih menika ater-ater saha panambang karaketan kanthi sesarengan ing lingganipun Mulyana, 2011: 13-22. Reduplikasi utawi tembung rangkep inggih menika proses pandhapuking tembung kanthi ngambali sedaya utawi saperangan saking lingganipun. Jinising tembung rangkep ing basa Jawi wonten tiga inggih menika dwilingga, dwipurwa, saha dwiwasana. Dwilingga kaperang malih dados tiga inggih menika dwilingga salin swara, trilingga, saha lingga semu. Dene dwipurwa kaperang malih wonten