en}
menika gadhah teges „menapa ingkang dipunsebataken ing lingganipun asipat kekathahen
‟. Adhedhasar mapaning wuwuhan kangge ndhapuk tembung kahanan,
tembung kahanan mawi wuwuhan saged dipunperang kados ing ngandhap menika.
a. Tembung kahanan wujud ke--en
b. Tembung kahanan wujud mi-
c. Tembung kahanan wujud N--i
d. Tembung kahanan wujud -um-
e. Tembung kahanan wujud N-
f. Tembung kahanan wujud -an
g. Tembung kahanan wujud kuma-
h. Tembung kahanan wujud ka--an
2. Tembung Kahanan Rangkep
Adhedhasar cara anggenipun ngambali tembung lingganipun, tembung kahanan rangkep saged dipunperang dados tiga inggih menika tembung kahanan
dwilingga, tembung kahanan dwipurwa, saha tembung kahanan lingga semu. a.
Tembung kahanan dwilingga inggih menika tembung kahanan ingkang dipundamel kanthi ngambali sedaya lingganipun. Wujuduipun tembung
kahanan dwilingga menika wonten tembung kahanan dwilingga kaliyan tembung kahanan dwilingga salin swara. Tuladha tembung kahanan dwilingga
inggih menika ayu-ayu
„kathah-kathahipun sae praupanipun tumrap tiyang estri
‟ Wedhawati, dkk, 2006: 187. Tembung ayu-ayu menika kalebet
tembung dwilingga amargi tembung ayu-ayu dipundamel kanthi ngambali sedaya lingganipun inggih menika tembung ayu
„sae praupanipun tumrap tiyang estri
‟. Rangkep wonten ing tembung ayu menika gadhah teges
„kathah-kathahipun kados ingkang dipunsebataken ing lingganipun‟. Dene
tuladha tembung kahanan dwilingga salin swara inggih menika mumat- mumet
„wongsal-wangsul boten ajeg nglampahi kraos buyer paningalipun‟
Wedhawati, dkk, 2006: 187. Tembung mumat-mumet menika kalebet tembung kahanan dwilingga salin swara amargi tembung mumat-mumet
kadhapuk kanthi ngambali tembung lingganipun inggih menika tembung
mumet
„kraos buyer paningalipun‟ lajeng ngalami ewahing
vokal
saengga
dados tembung mumat-mumet. Rangkep wonten ing tembung mumet menika
gadhah teges „wongsal-wangsul boten ajeg nglampahi kados ingkang dipunsebat
aken ing lingganipun‟. b.
Tembung kahanan dwipurwa inggih menika tembung kahanan ingkang dipundamel kanthi ngambali saperangan saking lingganipun. Tuladhanipun
kekejer
„wonten ing kawontenan seru boten meneng-meneng‟ Wedhawati,
dkk, 2006: 187. Tembung kekejer menika kalebet tembung dwipurwa amargi tembung kekejer kadhapuk saking tembung kejer
„seru boten meneng- meneng
‟ lajeng dipunambali saperangan saking lingganipun saengga dados tembung kekejer. Rangkep wonten ing tembung kejer menika gadhah teges
„wonten ing kawontenan kados ingkang dipunsebataken ing lingganipun‟.