Dhasaring Panaliten TEMBUNG KAHANAN POLIMORFEMIS WONTEN ING NOVEL KRIKIL-KRIKIL PASISIR ANGGITANIPUN TAMSIR AS.

1. kadospundi pandhapuking tembung kahanan polimorfemis wonten ing novel Krikil-krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS?; 2. kadospundi jinising tembung kahanan polimorfemis wonten ing novel Krikil- krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS?; 3. kadospundi tegesing tembung kahanan polimorfemis wonten ing novel Krikil- krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS?

E. Ancasing Panaliten

Panaliten menika gadhah ancas kados ing ngandhap menika: 1. ngandharaken pandhapuking tembung kahanan polimorfemis wonten ing novel Krikil-krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS; 2. ngandharaken jinising tembung kahanan polimorfemis wonten ing novel Krikil-krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS; 3. ngandharaken tegesipun tembung kahanan polimorfemis wonten ing novel Krikil-krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS.

F. Paedahing Panaliten

Asiling panaliten menika kaajab saged paring sadengah paedah. Paedah saking panaliten menika saged dados sumber kangge panaliten salajengipun, mliginipun bab morfologi . Panaliten menika ugi saged dados sumbering piwulangan wonten ing pawiyatan, mliginipun bab jinising tembung saha saged nambah seserepan kangge guru ugi murid.

G. Pangertosan

1. Tembung kahanan inggih menika tembung ingkang nedahaken watak utawi sipating barang. 2. Tembung kahanan polimorfemis inggih menika tembung kahanan ingkang kadadosan saking kalih morfem utawi langkung Wedhawati, 2006: 181. Tuladhanipun resikan. Tembung resikan menika lingganipun tembung resik. Tembung resik kalebet tembung kahanan amargi miturut titikan sintaksis tembung resik saged dipunwuwuhi kaliyan tembung rada, dhewe, luwih, banget saengga dados rada resik, resik dhewe, luwih resik, resik banget. Tembung resikan menika kalebet tembung kahanan polimorfemis amargi kadadosan saking kalih morfem inggih menika morfem {resik} kaliyan morfem {-an}. Tembung kahanan polimorfemis ingkang dipunrembag ing panaliten menika inggih menika tembung kahanan polimorfemis ingkang wonten ing novel Krikil-krikil Pasisir. Novel Krikil-krikil Pasisir nyariosaken pagesangan manungsa ing pasisir ingkang dipunanggit dening Tamsir AS minangka salah satunggaling sastrawan wiwit taun 1954. 7 BAB II GEGARAN TEORI A. Morfologi Tembung morfologi menika saking basa Inggris morphology ingkang tegesipun cabang ngelmu linguistik ingkang nyinau bab susunan utawi perangan- perangan tembung kanthi gramatikal . Ing wiwitanipun, ngelmu menika kawentar kanthi aran morphemics , inggih menika ngelmu babagan morfem . Istilah morphemics menika salajengipun langkung kawentar kanthi istilah morfologi Mulyana, 2011: 1. Tembung morfologi miturut etimologis asalipun saking basa Yunani inggih menika tembung morphe ingkang tegesipun „wujud‟ saha tembung logos ingkang tegesipun „ngelmu‟, saengga morfologi tegesipun ngelmu babagan wujud Ralibi lumantar Mulyana, 2011: 1. Dene miturut istilah , morfologi ngewrat pangertosan cabang linguistik ingkang ngandharaken dhasaring damel tembung Nurhayati, 2001: 2. Pamanggihipun Nurhayati menika nedahaken bilih morfologi ngelmu babagan damel tembung. Morfologi ugi ngewrat pangertosan bidang linguistik ingkang nyinau susunan perangan-perangan tembung kanthi gramatikal Verhaar, 1995: 52. Pamanggihipun Nurhayati kaliyan Verhaar menika dipunjangkepi dening Ramlan. Kanthi langkung gancar Ramlan 1987: 21 ngandharaken bilih morfologi menika perangan saking ngelmu basa ingkang nyinau bab dhasaring wujud tembung saha pangaribawanipun ewah-ewahaning wujud tembung dhateng jinis saha tegesing tembung. Ramlan ugi ngandharaken bilih morfologi nyinau