Alam-Alam Ilahi Alam Jabarut .

58 Cahyane iku wungu. Anapun enggone maqam 17 malakut iku ing arah batuke, cahyane iku bawuk. Anapun enggone maqam lahut iku ing pucuking mata kang tengen, cahyane iku upamane lintang. Lan anapun enggoning maqam mahmud iku ing dalem pucuking cungur, cahyane iku abang awor serta 18 putih, lan ing jerone iku den rupakaken rupane sekehe syeikh atawa arane syeikh. Nutawi bab kang awal ing dalem anyataken sekehe alam kang bangsa pangeran.

Bab 2 : Alam-Alam Ilahi

Lan kawikanana den ira, setuhune sekahing lilima. Utawi salah sawijine alam kang den ibarataken iya kalawen zat samata-mata 19 lan sorfi. Lan kapindone iku alam zat kang sawaksane, lan puputihe kang mutlak. Lan kaping telune iku hakekate sekehing hakekat lan bangkeleng ing Dzat . lan aping pate iku kalakuhaning sekehe kalakuhan lan gaibing zat Lan kaping limane iku bodo ora kinaweruhan sifate, lan ingartanan gaib 20 kang gaib, lan ingaran martabat Ahamdiyah, lan martabat durung nyata, lan martabat ama martabat ama wuta. Karana pangandikanung nabi SAW. tatkala tiniakonan ing kang jeng nabi : endi anane pangeran ira sadurunge ing sekehing mahkluk? Maka angendika nabi wahyu : ana ing dalem wuta ora ana ing sore iku awang-awang 21, lan ora ana ing luhure iku awang-awang.

Bab 3 : Alam Jabarut .

Lan iya iku alam sifat kang den ibarataken kalawan iya pakumpulan kang agung, lan antaraning sekehe anatara kang agung, lan martabat wahdah, lan martabat taayyun Kang awal, lan akal kang dihin, lan martrabat kang abangsa pangeran 22, lan martabat azalul, lan abadul abad lan akhir lan dhohir. Lan bathin pun iki arane pun dzat kang bangsa kuliyah kang angli puti ayan tsabitah pun arane, lan hakekat 59 muhammadiyah pun. Utawi kang den ibarataken kalawan ayan Tsabitah iku iyaiku alam asma lan iyaiku alam 23 malakut, lan hakekate nabi Adam, lan taayyun kang kapindo, lan malumat kang bangsa kapangarenan, lan antara kang cilik, lan batine falakiyah kang bangsa luhur, lan martabat wahidiyah. Lan satuhune wus perbatasan para imam ing jerone ayan tsabitah. Angucap imam Malik 24.1 Radiallahu Anhu : utawi ayan tsabitah iku qadim , karana satuhne iya tetep-tetepan ing kang qadim. Lan angucap imam Syafii : utawi ayan tsabitah iku anyar, karana satuhune iya rupa kang malum kinaweruhan. Lan saben-saben rupa iku muhdast ing hukume kalawen hakekate 25. Lan angucap imam Abu Hanifah Radiallahu Anhu: utawi ayan tsabitah iku ora den arani qadim, lan ora den arani anyar, karana satuhune iku dadi barzakh ing antaraning kholik lan makhluk, lan kalakuhan zat kang ing luhure Kalimat kun fayakun, maka lantaran iku bangsa hukmiyah 26. Anadening kang bangsa hukmi iku ora wenang angucapaken setuhune iku qadim lan ora anyar kaya kaca iku ora ona den arani setuhune kang kekaca, lan orang ucapaken setuhune iya wawayangan ing jerone kaca iku. Lan angucap imam Ahmad anak Hambal RA, : anadene ayan tsabitah iku sapisan ingoranan ing iya qadim, lan sapisan ingaranan ing 27 iya anyar, satuhune karana cucukulaning saking sekehing mahkluk kabeh, maka iya iku ing luhuhre kalimat kun iku ora pecak saking qadime, maka ingaranan setuhune iya qadim uga lamun den tersanda kaken maring mahkluk kang asah iya Kalimat kun iku 28 maka iya iku anyar saking rupane iya kang atetemu kalwan kang anyar. Ujar isun : lan setuhune wus angucap imam ghazali ra. : setuhune iya qadim, karana angati-ati ing wong kang ora angaweruhi ing tawile. utawi Allah uga kang angaweruhi. Bab 4 : Alam Al-Malakut Ikilah faidah ing dalem anyataken alam malakut. Lan iya iku 29 alam afalullah, lan alam tatsir, lan alam arwah , lan alam ghaib, lan alam amri , lan 60 alam kang nâsût, lan alam kang esor kang bangsa menusa, lan alam jisim, lan alam syahadah, lan alam makhluk, lan alam zahir, lan alam jirim, lan alam 30 hissiy katingalan, lan alam nâsût, lan iya iku alam insan kamil kang angumpulaken, lan enggon nyata, lan wekesaning temurun kabeh, lan wekasaning 30.4 kang maujud. Lan lelima kang angliput kalawan sukabehe 30.5 Kang bansa ruhani, lan bangsa jisim, lan bangsa luhur 31, lan bangsa esor, lan bangsa anasir, lan bangsa madaniah, lan bangsa jamâdât, lan bangsa cecukulan, lan bangsa hewan, lan bangsa menusa, lan bangsa setuhune wujudullah sakinh arah sekirane iya iku iya iku iku liyan saking wujud bangsa Khorij lan bangsa Dzhini, karana saban-saban saking karone iku nau sawiji, lan dzihni iku 32 pirang-pirang warna, maka iya iku saking arah iya iku iya iku ikilah kulli, lan ora syaratken kalawan sawiji liyane wujud muqayyad kalawan ithlaqe lan muqayyad lan arane iya iku akane kuliyyi lan ora ana juz lan ora ana am, lan ora ana khos kang esa zate kalawan esa sifate zate ing atase Dzate, lan wong akeh- akeh pada anetepaken ikilah ingatase iya 33. Bab 5 : Al-Arwah Ruh-Ruh Utawi ikilah bab kapindo ing dalem anyatakaken sekehe ruh . Utawi pasal kapindo. Lan kawi kanana denira setuhune ruhe menuse iku ora ana ing dalem badan, balik ana iya kang gumantung ing dalem badan kaya taalluqe kang berahi maring kang den berahini. Maka tatkala ilang taaluqe iku 34 maka angalap ing iya mati, maka kari-kari setuhune Allah Taala ing ira iku kalawan limang perkarra. Maka ing ruh iku ana iya ing wiwitane arane daya awake maka mengkono pangeran ing diwitane ora ana dinadekaten. Lan ing ruh iku tunggal lan labete iku lebar ing dalem jasad kabeh 35, maka kaya mangkono pangeran tunggal, lan labete iku angleberi ing dalem alam kabeh. Lan ing ruh iku ora mati, lan awak iku mati, maka kaya mangkono pangeran ? ora mati, lan makhluk iku mati. Maka ing ruh iku 36 ora turu, lan awak iku turu, maka kaya mangkono pangeran ora turu, lan makhluk iku turu. Maka ing ruh iku kalakuhan kang kina 61 lan ora kina weruhan pertingkahe, maka kaya mangkono pangeran Dzat kang ora kinaweruhan pertingkahe kunhine zate maha luhur. Eling-eling wong ahli. Maka lamun tinakon sira pira dumdunane ruh 37, maka ngucapa sira tetelu dumdumane; dihin ruh sultani, lan kapindo ar-ruhani , lan aping telu ruh jasmani. Maka enggone ruh sultani iku ing ati. Lan enggoning ruh ruhani iku ing dada. Lan ennggoning ruh ruhani iku ing dada. Lan enggone ruh jasmani iku ing antaraning getih lan daging, lan antaraning bebalung lan utut ikilah 38 maka lamun tinakanan tatkala turu kawula iku maka metu ruh iku sakiing badan kalawan izine ruh kang bangsa sultani maring kang antaraning langit lan bumi, lan aningali saben-saben sawiji-sawiji. Maka lamun ana akale sartane, maka eling ing barang kang den tingali. Lan lamun ora eling maka lali iya ing pertingkahe. Lan tinakonan Syekh Abu Bakar 39 Rohmatullah Alaih saking sekehe ruh nalikane metu saking jasade, maka endilah anane ? maka jawab, anapun ruhing para nabi lan para utusan kabeh, ma king dalem sawarga naim. Ana pun sekehing ruhe para nabi lan para siddiqin kabeh, ma king dalem luhur. Lan anapun ruhe 40 para syuhada iku, maka ing dalem telihing manuk kang ijo, mak kari-kari angungsi maring qandil saking emas kang ginantung ing dalem arasy. Anapun ruhe sekehing wong mumin gumantung ing antaraning langit lan bumi ing dalem awang-awang olih nimat kabeh iku atawa siniksa kabeh iku. Anapun ruhing 41 sekehe munafek iku ing dalem kuburane siniksa sarta jasade kabeh teka maring dina kiamat. Anapun ruhe sekehing kuffar ing dalem neraka hale siniksa kabeh sarta jasade kabeh teka maring dina kiamat. Lan ing dalem syarah kitab jauhar, setuhune ruhe sekehing kuffar iku ing dalem 42 sumur barhut ing Hadramaut sarta siniksa kabeh sarat jasade kabeh teka maring dina kiamat. Maka metu saking iya kukus kang bacin teka maring mangko iki aninga ing iya saben-saben kang liwat ing iya.

Bab 6 : Wirid Sayyid Ahmad Rifai R.A.